Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2021

TEDHAK TURUNE KRATON MAJAPAHIT

Gambar
  TEDHAK TURUNE KRATON MAJAPAHIT Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Jajar-jinajar desa-desa ing sakukubab nganggo jeneng tembang Mojo. Miturut carita kuna makuna desa-desa mau pancen sing paring tetenger para priyagung Kraton Majapahit. Nalika Prabu Jayanegara makuwon ing tlatah Bedhandher Bojonegoro, nglegakake ameng-ameng ing wilayah sakidule gunung Kendheng. Supaya bisa kanggo tinggalan putra wayah, semarga-marga banjur paring nama laladan kang den ambah. Ana sawijining desa sing diparingi tenger Mojo rembun, Mojogrogol, Mojoalas, Mojokare, Mojongadi, Mojobolu, Mojoroto, Mojoulingo, Mojoreco, Mojokedheg, Mojourip, Mojorejo, Mojosuko, Mojokampu. Meh kabeh sakecamatan Rejon kabupaten Nganjuk, papan kono antuk gelar Mojo. Mesthi wae kanggo wong-wong saiki, peparing saka miyagung Majapahit mau maweh bebungah kang tanpa pepindhan gedhene. Arang-arang dhaerah sing pikantuh kamulyan arupa jeneng mau, mula saben warga rumangsa gedh

PAKELIRAN PURWA JINARWI

Gambar
  PAKELIRAN PURWA JINARWI Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Caking pakeliran wayang purwa sawengi natas mengku surasa kang jero karepe, jembar wawasane, lan maneka warna ancek-ancekane. Yen gelem nggatekake siji lan sijine kang gumelar ing panggung, sapa wae bakal entuk wosing panggagas. Kasebut seni adi luhung, amarga ing nyatane pagelaran wayang purwa iku duwe bumbu sing jangkep, genep lan genah. Coba saiki diteliti siji baka siji, sing ana gandheng cenenge karo olah gelaring seni. 1. Seni sungging, dumadi saka paragane wayang sing ditatah, diukir lan digambar. Saben wayang winangun watak lan wanei, ndadekake rasa resep ing pandulu kang mbabar kaendahan. Saka wandaning wayang bisa ketitik endi kang duwe sifat sabar sareh lan endi kang kasar brangasan. 2. Seni Joged Seni joged utawa tari mapan ing solah kridhaning wayang, meh saben adegan, gampang banget nemoni olah jogeding wayang. Mung wae, jogede wayang uga dijumbuhake ka

BABAD ALAS MOJODHUWUR

Gambar
  BABAD ALAS MOJODHUWUR Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Babad alas Mojodhuwur wis rampung. Kayu jati sing wis umur ditegor kanggo piranti mbangun omah. Kayu sana ditegor kanggo kayu bakar. Saperangan digawe areng. Rencek-rencek ditaleni tumuli didol ing desa sing duwe pagaweyang ngobong bata, gendheng, kuwali, maron, jua lan jambangan. Kayu rajeg dibabadi lan ditata padha saperlu kanggo pager. Lemah sing geneng digempur warata. Sing ledhak lemahe diurug. Kabeh pakaryan ditandangi kanthi gotong royong, saben kala mangsa kanthi gilir gumanti padha parok tenaga. Sanggon sing abot dadi entheng. Amarga ditandangi bareng lan kancane sajak rukun nyambut gawe. Lanang wadon tuwa mudha sengkut gumegut. Wong-wong sing padha melu kerja bakti mau dumadi saka pirang-pirang golongan. Racake saka tetungguling daerah sing ana gandheng cenenge karo kraton kuna ing nuswa Jawa. Trah Kraton Daha umume waris ing bab ulah tetanen. Kraton Daha u

UPACARA NYADRANAN

Gambar
 UPACARA NYADRANAN Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Saksuwene sepasar wong-wong ing tlatah dhusun Grogol katon ewuh, gupuh singkut gumregut. Saben kula warga padha repot anggone bakal mahargya upacara desa sing diarani nyadranan. Dinane ngepasi Jumah Pahing. Wong sakdesa meh-meh sarujuk yen dina Jumah Pahing iku mesthi kanggo wektu nindakake upacara dhusun. “Katur dhumateng para warga dhusun bilih tempuking damel nyadranan, dhawah dinten Jumah Pahing sasi Sapar. Kasuwun sampun ngantos kalepyan ing galih”. Mangkono pangandikane Pak Bayan nalika paring pemut marang wargane. “Kaninggihan Pak Bayan. Kanca estri kala Wage kepengker malah sampun blanja ing peken Kerep. Benjing dinten Rabo Kliwon punika lare-lare dipun purih munjung sanak kadang pawong mitra. Setahun sepisan, mila embohne lare-lare sami ngepenaken sanget”. Mbah Podho ujar mengkono sinambi resik-resik carang, ing papringan. Pancen wis dadi jejibahane Pak Bayan s

KONFERENSI MEJA BUNDAR

Gambar
 KONFERENSI MEJA BUNDAR  dening Dr Purwadi M.Hum.  Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347  A. Niti Laku  Jenang Sungsum kang den adani para abdi dalem kinarya sarana wigati. Niti laku perjuangan Sinuwun Paku Buwana XII lan Sri Mangkunegara VIII. Duk nalika tindak ing KMB utawa Konferensi Meja Bundar.  Sum suman abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat lumaku kanthi gancar lancar. Dumadi rikala dina Selasa, 28 Desember 2021. Mapan ing Desa Beteng Jatinom Klaten Jawa Tengah.  Hawane adhem amargi cerak karo ereng erenge Gunung Merapi. Sisih kidul kang kinupengan alas lan kebun duren. Asri endah sesawangan kang kadulu. Memper yen ana swasana ayem tentrem lahir batin.  Nawala Ulem dadi sarana warta tata cara. Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi Pakasa ngadani tata cara sum suman. Kanthi wilujengan murih sami basuki lestari. Serat ulem sumebar jangkep genep genah.  Mengharap  kehadiran Pengurus  harian Pakasa cabang Klaten  dan  regu Panembram

UPACARA WILUJENGAN ABDI DALEM MERAPI KARATON SURAKARTA

Gambar
  UPACARA WILUJENGAN ABDI DALEM MERAPI KARATON SURAKARTA  dening Dr Purwadi M.Hum.  Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347  A. Jenang Sungsum Sum suman abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat lumaku kanthi gancar lancar. Dumadi rikala dina Selasa, 28 Desember 2021. Mapan ing Desa Beteng Jatinom Klaten Jawa Tengah.  Hawane adhem amargi cerak karo ereng erenge Gunung Merapi. Sisih kidul kang kinupengan alas lan kebun duren. Asri endah sesawangan kang kadulu. Memper yen ana swasana ayem tentrem lahir batin.  Nawala Ulem dadi sarana warta tata cara. Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi Pakasa ngadani tata cara sum suman. Kanthi wilujengan murih sami basuki lestari. Serat ulem sumebar jangkep genep genah.  Mengharap  kehadiran Pengurus  harian Pakasa cabang Klaten  dan  regu Panembrama besok pada Hari     : Selasa  Tanggal  : 28 Desember 2021 Waktu     : pukul 11 wib Tempat   : Rumah  KRAT  Warsana Dipuro, Beteng Jatinom  Keperluan: sumsuman

WILUJENGAN SUM SUMAN WARGA PAKASA KLATEN

Gambar
   WILUJENGAN SUM SUMAN WARGA PAKASA KLATEN dening Dr Purwadi M.Hum.  Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347  A. Nawala Ulem Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi Pakasa ngadani tata cara sum suman. Kanthi wilujengan murih sami basuki lestari. Serat ulem sumebar jangkep genep genah.  Mengharap  kehadiran Pengurus  harian Pakasa cabang Klaten  dan  regu Panembrama besok pada Hari     : Selasa  Tanggal  : 28 Desember 2021 Waktu     : pukul 11 wib Tempat   : Rumah  KRAT  Warsana Dipuro, Beteng Jatinom  Keperluan: sumsuman penutupan HUT Pakasa ke 90.  Atas kehadirannya kami ucapkan terima kasih.  Ketua Pakasa Cabang Klaten  KRRA. Probonagoro Serat ulem wau dipun ambali malih. Kareben enget boten kalepyan. Ngemutaken selasa tg 28 Desb.jam 11 wonten dalemipun KRAT WARSONODIPURO BETENG JATINOM RAPAT PAKASA CABANG KLATEN, DIPUN RAWUHI PAKASA PUNJER SAHA PENGABGDENG LDA KARATON SURAKARTA GKR WANDANSARI MPd nuwun. Warga Pakasa pang Klaten wiwit jam

PESANGGRAHAN PANDHAN WILIS TEMPAT PENGAJARAN ILMU KEJAWEN

Gambar
  PESANGGRAHAN PANDHAN WILIS TEMPAT PENGAJARAN ILMU KEJAWEN  Oleh Dr Purwadi M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347  A. Wejangan Kawruh Kasampurnan  Kerajaan Pajang berdiri tanggal 24 Juli 1546. Rajanya bernama Joko Tingkir atau Mas Karebet. Bergelar Sri Sultan Hadiwijaya Kamidil Jimbun Sirullah Syah Alam Akbar. Narendra gung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil para marta, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana.  Kiprah Wong Nganjuk dalam sejarah ini membangun Pesanggrahan Pandhan Wilis. Pernah digunakan untuk pengajaran ilmu kasampurnan. Syekh Siti Jenar memberi wejangan kawruh sangkan paraning dumadi.  Asma kinarya japa. Nama beserta dengan doa harapan. Pada masa mendatang terwujud suasana gemilang. Nganjuk memiliki makna yang pantas direnungkan.  Kata Nganjuk berasal dari singkatan mangan karo ngunjuk. Berarti daerah Nganjuk tersedia panganan dan unjukan yang berlimpah ruah. Cukup sandang pangan papan, gemah ripah loh jinawi.  Loh subu