PAKELIRAN PURWA JINARWI

 PAKELIRAN PURWA JINARWI



Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347


Caking pakeliran wayang purwa sawengi natas mengku surasa kang jero karepe, jembar wawasane, lan maneka warna ancek-ancekane. Yen gelem nggatekake siji lan sijine kang gumelar ing panggung, sapa wae bakal entuk wosing panggagas. Kasebut seni adi luhung, amarga ing nyatane pagelaran wayang purwa iku duwe bumbu sing jangkep, genep lan genah.


Coba saiki diteliti siji baka siji, sing ana gandheng cenenge karo olah gelaring seni.


1. Seni sungging, dumadi saka paragane wayang sing ditatah, diukir lan digambar. Saben wayang winangun watak lan wanei, ndadekake rasa resep ing pandulu kang mbabar kaendahan. Saka wandaning wayang bisa ketitik endi kang duwe sifat sabar sareh lan endi kang kasar brangasan.


2. Seni Joged

Seni joged utawa tari mapan ing solah kridhaning wayang, meh saben adegan, gampang banget nemoni olah jogeding wayang. Mung wae, jogede wayang uga dijumbuhake karo watak lan wandane. Jogede budhalan prajurit racak kanthi gerak serang, tenanan lan tumemen. Kiprahe pragota utawa Dursasana mesthi sigrak kairing guyu lakak-lakak. Lakune bagong kagawa lucu sing marakke wetune guyu. Werkudara njoged ing pungkasane pakeliran katon yen wibawa. Semono uga salah bawane raseksa, diajab bisa sora seru lan nggegirisi.


3. Seni Swara

Wiwit gamelan ditabuh, swarane Nyai waranggana ngumandhang ngebaki awang-awang. Ingiring para juru genong, kapyarsa yen peni banget suwasanane. Apameneh yen sang dhalang wus lenggah ing panggung, tumuli pagelaran diwiwiti. Suluk kang gandem, marem, gawe jenak lan penak. Kajaba kuwi uga bisa kanggo titikan, wis tekan ngendi lakone. Karana sulukan iku dadi tandha jejer lan adegan miturut pakem kang wus pinathok, swara suluk mesthi bisa gawe swasana seneng lan sedhih.   


4. Seni Sandiwara

Crita utawa lakone wayang genah yen mempu karo aluring sandiwara. Tegese ana mula bukane bab sawijining perkara. Gancange rembug perkara mau mesthi nuwuhake kerukunan lan regejegan. Kawisbara banget yen kang dhemen pamlayan ananing mung ngisruh. Wandene sing seneng marang karaharjan, sing diupadaya murih tentreming bebrayan. Satemah loro-loroning padha rebut bener. Loro-loroning padha golek bala dhewe-dhewe, supaya menang, manehe warna pambudi dayane. Ana sing laku cidra, ana sing mbegal ing tengah dalan, ana sing adu-adu. Embuh ora idhep, sing penting unggul jurite. Kosok balen ana sing laku tanpa brata, gentus semedi, gandrang megaru lan olah kabecikan. Pungkasane lelakon, sing bener berlenger, sing salah seleh. Dadi wosing gati ing babaran lelakon ngemu piwulang. Sandiwara, tegese piwulang kan sinaudi. Supaya kecekel karepe, mula kudu diwawas kanthi premati.


5. Seni Sastra

Tembang sastra iku mewujudake wedharing gagasan mawa tetembungan kang pinilih. Jalaran basa sing dienggo arang ditemoni ing saben dinan. Ing pedhalangan babagan sastra dipersudi banget. Bobote crita dhalang yen diwedhar nganggo tembung kawi, sing dipercaya ngemot endahing kamiastrian kang dhuwur. Hambok menawa asring keprungu yen basa pedhalangan iku rada angel dimangerteni dening sadangah pawongan. Ukara mau pancen bener. Amarga nyatane sing bisa nggreba tegese tembung kawi lumrahe para sepuh atawa priyayi sing pinunjul kawruhi. Mula kudu sinau dhisik, supaya gancar anggone nyurasa basa pewayangan. Luhure kagunan seni pedhalangan sayekti sabab disengkuyung deni endahe tembung karusastran. Dhalang sing bangkit ngrakit tembung kawi, ngumpaka purwakanthi umume digandrungi caritane. Para miyarta lan pamiyarsa sewengi mbethethet ora obah saka papan palenggahane.


6. Seni Gendhing

Yen katandhing karo iringan gamelan liyane, genah yen pagelaran wayang purwa iku pepak dhewe. Wiwit saka pathet nem, pathet sanga lan pathet manyura katata miturut golongane laras slendro. Wondene yen nganggo laras pelog mesthi kawiwitan saka pathet nem, pathet lima nganti pathet barang. Golongan laras lan pathet mau ana pathuhane dhewe-dhewe. Saking njlimet gendhing mau 1 mula ora angger wiyaga wani ngiringi pagelaran wayang. Waris lan orane penabuh gamelan glumpang titikahe. Waliha wani ngiringi gamelan wayang purwa kanthi patitis genah yen wiyaga mau bangkit lan sembada. Awit ngiringi pagelaranwayang uga mbutahake rasa, nut laku lan lakoning pakeliran.


Rombongan Ki Dhalang Hardjo Besar wus sumadya ngayohi pakaryan. Wiyagane ngrasuk busana, kejawen pepek. Blangkon, beskap, nyamping bebedan kang rinengga wangkingan. Elok tenan nggumunake. Kabeh wiyagana cacah rong puluh. Kalakonen dhalang kondhang, mesthi wae nggawa rombongan sing genep. Ki Hardjo Besar yen wis ngayahi jijibahan ora tanggung-tanggung. Sakbisa bisane kudu sarwa tumata. Sakdurunge wiwiti karya, kabeh bawahane diajak rembugkan luwih dhisik. Kereben caking gawe bisa rancah. Aja nganti gawe kuciwa sing nanggap.


Dene waranggana kang kedhapuk ing wengi kuwi cacahe ana telu. Sing loro katon baut nggone makarya minangka dadi sindhen, sing siji pancen isih tataran pasinaon. Lumrahe kasebut sindhen blajaran. Kanthi cara magang mangkono mau suwene-suwe banjur wasis. Tartamtu wae upeke uga beda. Akeh-akeh sindhen blajaran mau digawa dening ibu sindhen sing wis peng-pengan. Karo sinau sabanjure uga ngecake piwulangane. Mula babagan upah mau genah yen ora dadi kawigaten. Sing penting oleh panggung kanggo gladhlan.


Swarane waranggana telu terus ngumandhang bareng lan karawitan. Gendhing patalon kang dadi ater-atering pagelaran angrangin weh reseping ati. Lamat-lamat mrabawani. Tabuhane ora banter ora rikat. Trep lan patitis tenan. Pratandha yen rombongane Ki Hardjo Besar kerep latihan yen pinju ora tanggapan. Miturut gatek, senadyan ora tanggapan, yen wiyagan lan warangganone lagi latihan, Ki Hardjo Besar tetap paring dana. Ing pangajak supaya padha sengkut gumengut anggota nabuh lan nyuwara.


Watara jam sanga bengi, Ki Hardjo sigra munggah panggung. Kabeh sing padha nonton migatekake saben netra tumuju marang panjenengane. Kaya-kayaa jagad iku kagungane Ki Hardjo Besar. Kudu diakoni dhalang siji iki kawentar. Kawentar baguse, pintere lan srawunge. Aba wis neng panggung, kawistara yen pamriyane mencorong kebah pangaribawa. Kulite kuning resik, busana sing diagem jumbuh karo dedeg piyadege.


Kathah didhodhog kaping lima weh sarmita pagelaran diwiwiti. Gendhing ayah-ayak ngiringi kayon kang kabedhal. Tumuhi ayandhak ladrang kabor. Dhodhokane bener lan pener. Sulukane kang gandan lan marem ora keri. Sindhenan anut cengkoke ki dhalang. Wiyagane tumata lan tumitis, kaya-kayaa teluk karo abene dhalang. Ketelune wus manunggal, bantu binantu banjur mbabar kaendhan.


Jejer Ngastina murwakani. Prabu Duryudna didherekake emban sakembaran. Nuli nampa pisowanan Patih Harja Sengkuni, kang kapernah paman dening sang nata. Tan kalepyan lenggahe Dhang Hyang Durna ing sukalima. Sang patih lan sang pujanggah pinarak jejer. Ing sisihe lenggah Adipati Karna ing ngawangga, kang misuwur minangka senapati agung. Kang manggon ing wuri dhewe yaitu kadang kinasih sang nata, aran Raden Kartamerna.


Parewakan ing Praja Ngastina kena diarani nyenengake mungguhe para penonton. Apa ta sebabe? Kaya sing uwis-uwis, saben jejer ngentina, sing digagas mesthi panguwasa. Prabu Duryudana sakadang Kurawa piye bisane tetep ngregum negara Ngastina. Mula sebisa-bisane, Pedhawa kudu lena. Sebanjure penonton banjur gumreget lan uga bisa gregeten. Hambok menawa regejegan panguwasa ing Ngestina mau keplaleh dadi kaca benggala ing jaman apa wae. Angger rebutan panguwasa, sing ngrebut migunakake maneka warna cara. Sanadyan kudu merah wewalu lan bebener.


Para pamiyarsa ing sajabane pakeliran padha nilempake karna. Palataran jembar kebak penonton. Saperangan akeh sing padha nggelar klasa, lungguh lesehan. Bek andher rebut dhucung golek papan sing kepenak. Cilik gedhe anom tuwa emoh keri, supaya panggonane ora hageser dening liyan, mula lungguhe ora mingset. Kejaba amarga perlu banget. Upamane silak turas. Utawa yen ana bocah cilik arep pipis. Panggonane lungguh mesthi dipasrahake kanca kiwa tengene. Karepe yen rampung arep bali marang panggonan sakawit.


Antawacana antara siji lan sijine cetha banget bedane. Watak wantune wayang gampang anggone niteni. Prabu Duryudana kanthi sarira gung ngaluan, swara gedhe gandem marem, nanging miyar-miyur panemu. Ora duwe adeg-adeg. Mula kabeh dhawuh pangandikane angel dicekel. Saben kagungan kersa, gampang dipaeka lan diojok-ojoki dening ingkang paman ing kepatihan. Eman banget ingatase narendra binathara mbaku dhendha nyakrawati, danging ora angleggahi ber budi bawa laksana.


Dene patih Harya Sengkuni tetep licik, julika lan pik penahe dhewe. Angger omong swarane mesthi plero, amipang bejang. Ditambahi manih tembunge nggatel ati yen dirungu ing kuping, sakbadyan makarsi Durna caos pepeling ing babagan bebener, sang patih tetep ngeyel. Harya Sengkuni biyen mula pinter bantah. Saktiba wetune tembung bisa war ngalahake sing diajak rembugan. Kanggone patih Sengkuni, wawan sabala iku sing penting menang lan nguntungke. Ora perlu gawe rugi mungguhing liyan.


Beda karo sang apatih, watak wantune adipati Karna kang wus sinengkahake ngaluhur pimenang senapti agung. Ing ngendi papan paheman, adipati ngawangga tamah gawe mandhep mantepe Prabu Duryudana. Mula ing Ngastina, Adipati Karna dadi gul-agul gegedhuke wadya bala. Menawa lagi ngendikan, swarane sang Senapti cemlering, bagas, tegas, pengkuh, kukuh. Pinghese ucap, patrap lan pangucap sarwa mentes. Kena diarani tangan tenggene Prabu Duryudana.


Eloke kahanan kadang sentana kang cinaket sang nata, jenenge Raden Kartamarma, babar pisan ora nate cenuwit sakjroning pacewakan. Minangka pendherek lumrah yen ora dikeparengake saru wuwus. Jejering pengawal jejibahane amung angreka yuwanane narendra kang jumeneng. Embuh bener embuh luput, pengawal ora pareng nggagas. Angger sing dikawal slamet, tegese pakaryane becik.


Jejer Ngastina ora pepak yen Pendhita Durna ora miyos. Lenggahe kepara nyata ledhah karo Rekyana patih Sengkuni. Ing parewahan agung priyayi sepuh sakloro mau kerep gojek, guyon maton, gawe suwasana gerr, glenyengan, sagah padha suha rena kang nyarsi. Pendhapa Ngastina saknalika dadi seger sumrigah.


Bubare pasewakan den uringi ladrang gleyong. Tindake prabu Duryudana kawistene agung merbawani. Jangkahe sang prabu nut wiramane gendhing kang lagi seba, siji mbaka siji ninggalake sitihinggil. Ora lali, saben linggar saka palenggahan mesthi arta tunuli nyembah ing dhampar kencana.

Sang narendra kondur angedhaton sigra pinapak dening garwa prameswari. Raja putri Mandaraka, atmajane Prabu Salyapati, kang luharis Dewi Banowati kondhang kaloka ayune. Dhasar sulistya ing warna karengga ing busana. Saya melok-melok wadanane, leladi marang Prabu Duryudana nimangga garwa prameswari kang banget ditresnani. Ketilik Prabu Duryudana ora keren mundhut selir. Cukup diladeni Banowati wae.


Adegan kedhatonan disambung embok emban sakloron, Limbuk lan Cangik. Emban loro iku diantu-antu dening penonton. Gojeg guyon maton sinawun ing gendhing gegendhingan, sindhen sesendhoran. Antara dhalang, wiyaga, wiranggana luluh dadi siji, supaya caking pakeliran tambah gayeng. Sing nanggap kerep kasebut dening si dhalang, kareben kepranan ing galih. Akeh-akeh pangalembanane Cangik lumbuk sing katujokake marang sing kagungan dalem. Lelagon sing di kersaake para miyarsa disembadani dening dhlang. Kahanan saya suk parisuka.


Banjur emban Cangik Limbuh kadhapuk samadya. Tegese sakcukupe was. Ora ringkes nanging uga ora kedawan. Ing pangangkah supaya ora njuwarehi. Penonton ora bosen, semono uga anggone ndagel direkadaya amrih ora wagu lan saru. Luwih-luwih ulat, patrap lan pangucap mesthi ngreksa penggalihane liyan. Guguyonan sing bisa natoni ati kudu disingkiri. Mula kabeh uga napa banyolane ki dhalang. 


Kabedhole Limbuk Cangik disusul adegan ing sanggar pamelangan. Ada-ada lan dhedhongan kang diiringi gender sing rada sereng gawe suasana tentrem. Kaya-kaya penonton diajak bareng semedi. Titi satataning panembah jati wis sumebar ing sadhengah papan. Keplalah kena diarani tumancep ing tileging sanubari wong Jowo. Keariye carane nyedhak marang sing gawe urip, wus pinenggalih lumantar janturan ing sanggar pamelengan.


Wosing gati tumuli ganti kang cinarita. Ing pauban Jawi Patih Harya Sangkuni nggawe sanggyane para sata Kurawa. Dursasana, Durmagati, Citraksa Citraksi, Kartamarma, Jayadrata lan wadyabala Ngastina njejel riyel rebut dhukung nunggu dhawuh timbalaning sang Patih. Rame, seru, sigrak lan ndemenakake. Pauban Jawi kaya urip-uripa. Gayane Dursasana katon yen aweh swasana kang seger sumyah suka gembira. 


Sang Rekyana Patih banjur njlentrehake pratelan wosing gati kang wus dirembug sajroning parewahan ing sitihinggil. Terang trewaca dhawuhe sang Nata lumantar Patih Sangkuni. Wadya bala sigra sikep gegaman. Minangka cucuking wadya kapateh satriya ing Tirta Tinatang. Raden Jayadreta. Budhale wadya bala gumuruh mawurakar. Wiwit jejer ing sitihinggil, kedhatonan, pareban Jawi nganti budhalan, penonton sing padha lenggahan ing klasa sasat ora ana sing mingket. Sakwuse disambung jejer sabrang, saperangan penonton ana sing ninggalake papan palungguhane. Ana sing wedangan, ana sing ngersakake dhahar sega pecel. Saperangan ana sing mung udud sinambi jagongan karo kancane. Bakul-bakul padha kelarisan. Wiwit sore sing tuku pancen rame banget.


Wondene kang lenggahan ing pendhapa Kamituwa, papane adu arep karo kelir. Kang ditontong mung ayang-ayange wayang. Dhalang, wiyaga, warenggana lan gamelan ora ketok. Racake sing lenggah ing pendhopo wau para kasepuhan. Suguhane mbanyu mili. Kopi, teh lan banyu putih anget wus sumadya. Pak Bejo, Pak Dhasar lan Pak Sukijo kapatah dadi juru leladi utawa lumrah disebut pladen ngarep. Sing lenggahan ing pawon dumadi saka ibu-ibu. Umume digilir saben tahun. Amarga upacara nyadran iku dadi gaweane wong sakdesa. Para kasepuhan kang lenggah ing pendhapa mau mesthi lek-lekan nganti wayah esuk, critane dhalang kang ngemu surasa piwulang luhur digatekake temenan, Janturan ing Pertapan Saptakarya upamane, dadi kawigaten banget. Hambak menawa ulah kajiwan ing pakelaran mau keplok karo penggalihe para sepuh. Priyayi kang wus yuswa sepuk karem banget ing olah rasa. 


Bocah-bocah cilik padha klekaran ing sakdhuwure klasa kang gumelar. Jamk lumrahe yen nendheng nonton wayang, bocah-bocah cilik mau senengane adegan sing sigrak, rame, seru, banter lan ger-geran. Contone wae nalika adegan budhalan wadya bala, gamelane ditambuh kanthi seru, mawa gendhing laularan Tropongbang, jogede wayang gumreget banget. Luwih-luwih yen pinuju Dursasana kiprah, kabeh penonton kaya-kaya diajak ngobahake awak.


Mripat sing isih kriyip-kriyip ngantuk, mak cekekal dadi amba. Unine gamelan jumbuh karo kridhane wayang. Nyenengake banget. Bocah sing lagi glethakan tumuli tangi saperengan ana sing ngucek-ucek mripate nganggo bahune. Ana sameneh sing kalung sarung. Diseblakake kanggo slendhang. Kiprahe Dursasana ditiru. Wah, senengane bocah pancen sing gampang dirasakake panca indra.

“Myat ngalenging kalangan Aglar pandam muncar.....”

Suluhe ki dhalang aweh pratandha ganti adegan sing maune jejer sigrak, saiki salin dadi jejer kang alus, eneng lan ening.


“Hua .......” Lesane Mas Mintaraga wiwit angop maneh. Mas Mintaraga iku senadyan wis tuwa, nanging temen kumpul karo bocah cilik. Embuh apa sebabe bab kareman wae uga padha. Dheweke kurang pati cocok karo pagelaran wayang sing nontonake adegan alus. Angger ganti adegan sing tentrem, mripate ngriyip maneh. Alon-alon sirahe nggoleki papan kang jenak. Turu maneh. Angler. Sing nggumunake, pas adegan gara-gara nuli mak jenggerat tangi maneh.


Ki dhalang sangsaya gumreget anggone makarya. Trampile ngobahake wayang ketitik pinuju olah sabet. Solah kridhane wayang urip banget. Luwih-luwih wektu adegan perang. Wayang siji lan sijine hathatua bagas, rikat, trengginas kaya tenan-tenanan jurus-jurus silat dicakake sajroning pakeliran. Antarane prajurit jotos jinotos. Bandayude ing paprangan kawistara yen rame nggegirisi.


Penonton sasat kami tenggengen, gumun ngungua ndulu ketrampilane ki dhalang. Bocah-bocah ora ono sing ngantuk. Keprah lan dhodhogan wos suk karo swaraning tambur. Iramane gamelan rinengga kumandhanging warsanggana, ndadekake adegan perang mau nyata-nyata merak ati.


Sawetara perang bandayuda banjur sinegeg. Kasambet adegan gara-gara, ing Karang Kadhempel Kyai Lurah Semar diadhep dening anake tetelu, Gareng, Petruk lan Bagong. Panakawan catur mau padha dene gegojegan guyon maton. Para penonton akeh sing kepingkel-pingkel guyune. Banyolane dhalang trep karo swasana. Maneka warna lelagon ngumandhang ing madyane ratri.


Ora sedhela, ora suwe. Tegese wektune sedheng wae. Acara  adegan gara-gara iku aja nganti njuwareki. Yen kesuwen penontone dadi bosen. Sakdurunge kewaregen, mula tumuli disigeg. Ganti adegan perang kembang. Buka gendir penjalin slumawan satriya. Dikeroyok buta akeh, ing pungkasan satriya kang tetep unggul jurite. 


Saksirepe perang kembang banjur adegan pathet manyura wasing carita mapan ing kene. Misuwure dhalang anggone ngolah carita diuji ing adegan pathet manyura. Penonton bisa trenyuh, malah nganti bisa tumetes luka. Wangis mbrebes mili, kuwi mau yen dhalang bisa nyuguhake adegan kang ngiris ati. Ing pungkasane lakon, sapa salah bakal seleh. Mula penonton uga jumurung, amerga pikantuk tuntunan. Pawulang becik kanggo sangu urip.


Beksane Werkudara sawise perang brubuh, tandha yen caking pakeliran paripurna. Kasambung ayak-ayakan pamungkas. Ing sadalan-dalan penonton isih kelingan lelakon kang lagi wae kababar. Karo kanca-kancane padha ngudhar gagasan, bawa rasa. Bener tenan ujaring para sepuh, sing becik ketitik sing ala ketara.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.