BABAD ALAS MOJODHUWUR
BABAD ALAS MOJODHUWUR
Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347
Babad alas Mojodhuwur wis rampung. Kayu jati sing wis umur ditegor kanggo piranti mbangun omah. Kayu sana ditegor kanggo kayu bakar. Saperangan digawe areng. Rencek-rencek ditaleni tumuli didol ing desa sing duwe pagaweyang ngobong bata, gendheng, kuwali, maron, jua lan jambangan. Kayu rajeg dibabadi lan ditata padha saperlu kanggo pager.
Lemah sing geneng digempur warata. Sing ledhak lemahe diurug. Kabeh pakaryan ditandangi kanthi gotong royong, saben kala mangsa kanthi gilir gumanti padha parok tenaga. Sanggon sing abot dadi entheng. Amarga ditandangi bareng lan kancane sajak rukun nyambut gawe. Lanang wadon tuwa mudha sengkut gumegut.
Wong-wong sing padha melu kerja bakti mau dumadi saka pirang-pirang golongan. Racake saka tetungguling daerah sing ana gandheng cenenge karo kraton kuna ing nuswa Jawa. Trah Kraton Daha umume waris ing bab ulah tetanen. Kraton Daha utawa Kraton Kedhiri biyen mula pancen peng-pengan ing babagan tanduran. Iku aran lumrah amarga sawah-sawah ing perenging gunung Kelud iku subur banget. Lahar sing mili saka kawahing gunung Kelud minangka rabuk. Tanah sing gembul mau cocok kanggo tanduran apa wae.
Wondene trah jenggala misuwun tata gelaning mina, jalaran kutha Jenggala manik corak karo kali Brantas. Yen ilining kali Brantas dadi sarana dalaning wong sak negara. Prahu gedhe utawa prahu gethek ndalidir nggawa dagangan sing arep didol ing manca negara. Iwak-iwak dharat utawa laut diolah kanthi piranti mirunggan. Wong manca kerem banget banget lawuh iwak yasan pawongan Jenggala.
Sak banjure trah kraton Kahuripan pinter laku dedagangan. Karana papane ing pesisir pulo Jawa sisih lor wetan. Saiki kraton Kahuripan iku mangeja wentah dadi kutha Surabaya. Srawung ing jagade lelayaran lan dedagangan kulina banget ditindakake dene warga Kahuripan. Mula ora jeneng mokal yen Kraton Kahuripan kondhang sugih. Kanthi laku dedagangan lelayaran wargane pikantuk bathi tikel matikeh. Saperangan kanggo mbayar pajek marang negara.
Seje maneh karo Trah Majapahit, ing kene duwe kaluwihan tata praja, olah gelaring perang, ukum pasrawungan. Jagad wis ngondhangake yen Kraton Majapahit iku megah, gagah, agung lan ngrembuyung. Kuthane sarwa tumata, wewangunane edi peni, dalane gancar lancar, alun-alune amba. Gegodhongan ijo royo-royo, kembang-kembange ngrenggani praja. Ing saenggon-enggon manuk mabur nglenggang ing awang-awang.
Luwih mirunggan maneh yen keturunane Kraton Singosari iku pinter ing olag ciptaning gegaman. Arit, glathi, pacul, ganco, pecok, singkal, keris, lading digawe dening pandhe. Turun Singasari ana sing dadi empu, undhagi, wranggi. Jamak lumrah yen warga Singasari seneng makarya karo sabangsane wesi, perunggu, kuningan, timah lan tembaga. Jalaran jaman Singasari dhisik akeh para pinter sing makarya dadi tukang.
Perlu diweruhi Negara Malawapati. Wiwit biyen kawentar yasa wahana kendharaan. Dhokar, cikar, prahu, grobag, andhong, kreta lan manika warna jenising titihan. Nalika sugenge Sinuwun Prabu Angling Dharma, kabeh wargane seneng gladhen balapan. Prabu Angling Dharma lan Patih Bathik Madrim karem leledhang. Ing kala mangsa bareng lan bawahane padha darma wicala, njajah desa milangkori, njalak paningal, nglaya bumi. Kanthi nitih kereta kencana, sang Prabu tambah gumebyar kawibawane.
Tumekane dina iki warga Desa Mojodhuwur pancen wasis ing samukawis. Ora jeneng aneh kahanan sing kaya mengkono mau jalaran isih trahing kusuma, rembese madu, wijine atape tedhake andane warih. Darah Jenggala, Daha, Kahuripan, Mojopahit lan Malawapati mili ing sadhengah wong Mojodhuwur. Ditandhing karo desa kiwa tengene, hambak menawa desa Mojodhuwur klebu anja dhewe, ing babagan apa wae, kalebu kapinterane, kaprigelane, kawruhe lan kawentare.
Saben-saben ana klumpukan antar desa, wakilsaka Mojodhuwur katon anja dhewe. Ketitik usul lan gagasan kang ora dikira sadurunge. Sing mimpin klumpukan, angger ora sumadya ing kawruh mesthi bakal kacipuhan. Usul-usul sing ndadekake swasana panas tartamtu mahanani keributan. Pimpinan klumpukan ora kena nganggep entheng. Kapengkok bisa dadi pamlayan. Sak bisa-bisane kudu sugih tepa selira. Kareben kabeh sing apadha tekaa kalegan atine.
Bocah-bocah sekolah sing asale Mojodhuwur kondhang pintere. Ing kelas keh akeh nomer siji. Bijine apik-apik. Semange gumregah. Guru-gurune kepranan. Bombonge ati malah guru-guru mau seneng nduduhake kewarisane murid Mojodhuwur. Jan ora nggumunake. Turun dharah biru.
Gaweyane warga Mojodhuwur sumebar ing sadhengah papan. Piranti kulawarga kaya dene tumbu, kukusan, genthong, kuwali, jambangan, jun lan liya-liyane gampang ditemoni. Sing dodol mesthi kandha yen barang dagangane reriptane Mojodhuwur. Ambok menawa tembung Mojodhuwur mau sing marahi payu larang lan laris. Nganti tekan njaban rangkah barang Mojodhuwur tetep digandrungi. Kondhang tenan. Saking akehe garapan, ora ono wong Mojodhuwur sing nganggur. Kena diarani saben wong dadi juragan. Akeh tangga desa sing nyambut gawe adol tenaga ing Mojodhuwur.
Pikantuk mantu saka Mojodhuwur jeneng kabegjan. Katlesih saka bibit, bebet, lan bobot genag yen unggul. Sapa sing ora kepingin ngepek mantu. Miturut kapitayan patutan karo nom-noman Mojodhuwur kuwat pangkat, semaat lan drajad. Nyatane akeh sarjana winaris asal Mojodhuwur, Pangembating Praja wiwit desa, kecamatan, kabupaten, propinsi nganti kuthapraja, akeh sing dicekel weton Mojodhuwur. Nyatane pangarsane negara mau uga mitayani. Dheweke bisa mrantasi gawe, ngrampungi jejibahan. Ora ono sing ngiciwani.
Wong Mojodhuwur kena katelah begja kemayangan, leluhure paring warisan desa sing tumata, sawahe jembar-jembar, tadurane lemu-lemu. Banyu kali saka gunung Pandhan mili tanpa kendhat. Angin sumilir saka Gunung Wilisora ono pedhote. Tanahe subur. Pekarangane lan tegalan ditanduri palawija, la kapendhem, pala kesampir, pala gumandhul. Murah sandhang, murah pangan. Kepara turah-turah. Turahane mau rumembes marang desa-desa liya sing rada kurang lan cingkrang.
Marang sepadhaning nglurip leluhur Mojodhuwur tansah paring wewehan. Emban rasa angon rasa. Bungah susah disangga bareng. Aja nganti sijine kewaregen, sijine kaliren. Lamun dimulu genah katon saru. Njeglege kahanan bisa nyebapake pasulayan. Lire, siji lan sijine gampang tuwuh pikiran kemeren. Kanthi gelem andum rasa mau, jiwa drengki, srei, iren, dakwen, panesten bisa dicegah.
Wewarah kautaman mau tumancep ing sanubari. Saben wong tuwa nularake wejangan leluhure. Diwariske kanthi turun temurun marang putra wayah. Sambung sumambung nganti padha apal. Apaling pamulangan nuwuhake pakulinan. Ora usah dikandhani kabeh wis padha ngerti. Wiwit bocah cilik nganti tekan wong tuwa ngecakake piwulang nenek moyange. Mula regejegan meh tau ana. Congkrah datan nate dumadi. Saupama ana gesehe panemu, enggal-enggal dirampungi mawa kawicaksanan. Para sesepuh age-age paring penget supaya bedhamen.
Tuladha kang utama ing desa Mojodhuwur mau sanyata tinulad dening tlatah manca. Sapa wae kang mertamu neng Mojodhuwur kasambrama lir pendak rawuhe raja. Pamgatan lan pangormatan njalari para dhayoh kerasan. Atine ayem, pikire tentrem, rasane marem.
Loh Subur Kang Sarwa Tinandur
Esuk umun-umun pak tani budhal menyang sawah. Kaosan oblong lan slanan komprang ireng, enggal-enggal makarya. Nyanggul pacul karo capilan, lakuke katon rikat. Bangkekane disabuki othok. Ing sisih kiwa ana klalek kanggo nyangking arit. Slepi cumanthel ing othok kiwa karo nyangking klobot tembako, sawayah-wayah yen udut wis sumadya. Ora lali banyu sekendhi uga dadi barang gawane.
Udan sapisanan dadi tandha wiwite mangsa labuh. Manuk kontul baris ing tengahe sawah. Jejer-jejer rupane putih. Wong sing ngrakal mawa sapi sepasang. Karo ura-ura nganti wayah bedhug dheng, tumuli ngaso ngilangake kesel lan pegel. Lakune dhampyak-dhampyak bareng lan kancane, sajake atine seneng.
Papan pinihan tumuli disebari bibit pari sing unggul lan apik dhewe. Kaya padatan saben nyawur winih mesthi dikantheni jajan orok-orok sing digawe saka ketan. Rasane gurih manis, amarga dicampur karo glepung warna abang. Ing papan pinihan kerep ana jangkrik ngerik, walang dami, walang gepuk, walang lemah mabur sadhuwure pawinihan. Walang-walang mau yen nglumpuk terus digoreng. Rasane jan nyampleng banget.
Kira-kira 25 dina suwene, winih wis kena didaut. Ndaut winih pari sing wis digenengi banyu, lungguhe nglesot ing endhut-endhutan. Mung wae ora nate dirasakake dening pak tani. Rumangsane ya kepenak wae, babar pisan ora kabotan apamaneh sambat sebut. Anane mung bungah atine sajroning ngayahi kewajiban. Pakarti kang kaya mengkono mau sing ndadekake pak tani tansah bagas waras, adoh saka lelara.
Pinihan sing didhaut banjur diuntingi nganggo tali sing digawe saka gedebog. Saben saunting disebar ing tengah sawah sing diarani dibanjari. Banjaran untingan winih pari mau yen diudhari terus ditandur. Tandur yen dikeratabasa dadi tembung ditata kanthi mundur. Ing nyatane tandur kuwi mlakune mundur. Racake wong tandur iku nggawa eblak sing duwe piguna supaya tandur-tandur mau dadi kenceng lan lempeng. Saka kaohan dadi endah lan sarwa tumata.
Perlu diweruhi sing diarani cak bakal. Jumbuh karo jenenge, cak bakal kuwi jenise sesaji kang dumadi saka kemiri, sega lan gambir kang diwadhahi takir. Didokok nang pojok sawah sing lor wetang. Ora lali uga dikutuhi inawa menyan sing diobong nganggo bundhelan merang. Geni sing mangalat-alat mau tanda saemita tekade pak tani sing mempeng nyambut gawe. Ora bakal mupus dening sakehing pepalang lan mbeda. Kabeh pacoban diadhepi kanthi pangati-ati.
Ilir-ilir tandure wis semilir. Kira-kira selapan umure tandur, wis katon ijo royo-royo. Mripat sing nyawang mesthi sedhep. Ati sing ngrasakake tandha suka sukur, pak tani banjur nganakake upacara keleman. Uba rampene dumadi saka jenang sungsum, juruhe abang mbranang winor woh kenanga sing wis mateng. Rasane sengir, manis lan gurih. Apamaneh yen didhahar wayahe lengser srengenge, jan gandem marem tenan.
Jenang sungsum saperangan didum marang tangga teparone. Punjungan kang ngajak pare duluran jroning bebrayan. Bocah-bocah cilik mesthi seneng maem jenang sungsum. Tua anom gedhe cilik ora ono sing nyirik jenang sungsum. Luwih-luwih priyayi sepuh sing wis ora kagungan waja, jenang mesthi dadi kareman. Jalaran jenang sungsum iku empuk. Tanpa dipamah mesti mak glender mlebu neng padharan. Kanggo kesehatan lan kesarasan, dhahar jenang sungsum cocok banget.
Swene suwe pari banjur ambyak metu wohe. Pating trucuk kaya jamur baret. Katempuh ing samirana midhit pan yayah tari bedhaya kang kadhapuk dening para putri kedhaton. Gandhes luwes marak ati, pak tani saya bungah anggone makarya. Ora pegel ora kesel. Kabeh bot repot ora dirasakake, katutup saka dayane pari kang tuwuh kanthi subur.
Ing saben kala mangsa suket-suket sing urip ing tengah sawah dibubuti. Supaya ora ngganggu tanduran pari. Matun utawa ngresiki suket iku piguna uga tumrape ingon-ingon suket asil saka matun iku kanggo pakan sapi utawa wedus. Tandurane subur, ingon-ingone kopen, loro-lorone nguntungake tumrape panggupa jiwa.
Jamah lumrah yen pak tani banjur sedekah marang tangga kanan kering kanthi kendhuri keleman. Tembung keleman saka lingga lem tegese pangalembana utawa pujian. Pak tani nedya ngelem utawa ngalembana marang tanduran kanthi keleman. Ing kono sumadya sega golong, eret-eret, pala kapendhem lan pala gumandhul. Pala kapendhem dadi srana waluyane perah padharane, pala gumandhul dadi srana waluyane gerah jantung.
Pari wis ambyar, kari nunggu sesasi wis panen. Manuk brija, manuk glathik, manuk penthet, manuk jalak lan manuk emprit seneng mangan tanduran pari. Pak tani masang den-den, supaya parine ora dibyong karo manuk. Den-den mau dipasang tali, tumuli didudut saka gubug. Karo alok sing seru, kareben manuk-manuk mau ora mangan tanduran. Malah ditambahi swaraning kenthongan sing nitir. Swara sing njaga pari tempuk dadi siji, keprungu rame.
Warna ijo dadi warna kuning. Pesawahan lir pendak gelaran emas. Endah edi peni, sedhep yen disawang. Pak tani tumuli slametan wiwitan. Tegese upacara kanggo tandha arep ngundhuh pari. Sanak kadang padha teka saperlu lek-lekan. Suka parisuka bebarengan sakancane. Dhahar ngajak padha rowang, tangga teparo kanthi lila legawa padha udhu tenaga sambatan ing kono anuduhi guyub rukun ing madyane alam padesan. Urip kang kebak karaharjan.
Ani-ani yaiku pakaryan ngundhuh pari. Pari genjah sing dhuwure tekan dhadha. Saben antuk seagem ditali nganggo suwirane gedhog. Dibanding karo pari liyane, pari genjah gurih lan enak dhewe. Saliyane pari genjah ana pari kawe, rajalele, menthik. Mung wae pari-pari mau rata-rata dawa umure.
Pari sing diagem mau dipepe nganti garing. Banjur diimpun ing lumbung. Samangsa-mangsa paceklik, para kadang pak tani wis sumadya babagan pangan. Sedhiya payung sadurunge udan. Murah sandhang pangan deder kuwarasan.
Komentar
Posting Komentar