TEDHAK TURUNE KRATON MAJAPAHIT

 TEDHAK TURUNE KRATON MAJAPAHIT



Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347



Jajar-jinajar desa-desa ing sakukubab nganggo jeneng tembang Mojo. Miturut carita kuna makuna desa-desa mau pancen sing paring tetenger para priyagung Kraton Majapahit. Nalika Prabu Jayanegara makuwon ing tlatah Bedhandher Bojonegoro, nglegakake ameng-ameng ing wilayah sakidule gunung Kendheng. Supaya bisa kanggo tinggalan putra wayah, semarga-marga banjur paring nama laladan kang den ambah.


Ana sawijining desa sing diparingi tenger Mojo rembun, Mojogrogol, Mojoalas, Mojokare, Mojongadi, Mojobolu, Mojoroto, Mojoulingo, Mojoreco, Mojokedheg, Mojourip, Mojorejo, Mojosuko, Mojokampu. Meh kabeh sakecamatan Rejon kabupaten Nganjuk, papan kono antuk gelar Mojo. Mesthi wae kanggo wong-wong saiki, peparing saka miyagung Majapahit mau maweh bebungah kang tanpa pepindhan gedhene. Arang-arang dhaerah sing pikantuh kamulyan arupa jeneng mau, mula saben warga rumangsa gedhe atine, kebombong amarga wilayahe mlebu perangane sejarah.


Apa maneh yen sing maringi mau Narendra Majapahit kang sayekti kalaka misuwun. Wong-wong padesan mau mesthi banjur mongkok. Rumangsa oleh kanugrahan. Malah ana kang nyebut kewahyon. Raja agung kang lumaksana tarlamtanggawa berkah kang utama. Wong-wong percaya yen ratu iku wakiking Hyang Sukma kang mangejawantah ing marcapande. Desa sing dilewati tindake ratu mesthi mbanyu mili rejekine, mencorong prebawane.


Salah sawijining pengawal Prabu Jayanegara sing aran Raden Pringga Ori aweh gladhen marang warga padhusunan. Gladhene arupa dhawuh supaya desa lan wilayah aman saka durjana juti, carane saben desa sisih pinggire ditanduri wit pring. Panjenengane ngajari wong padesan kanthi tlaten suka rena. Amarga sing dhawuh iku manggala yudha peng-pengan, kabeh padha mangestukake. Cilik gedhe anom tua saiyeg saeka praya nandangi karya.


Ora antarane suwe, saben desa wis tinanduran pring. Saka kadohan katon ngrembuyung ijo royo-royo, Carang-carang sing mawa eri ditata kanthi becik. Papane sawetara rada dhuwur, bung-bunge tuwuh mrucuk kaya jamur barat. Sayekti pring-pring mau dadi beteng sing njaga marang karaharjane desa. Tentrem ayem tanpa ana sing was sumelang.


Pring ori thukul jajar-jajar ngubengi desa. Ing tata gelar barisan pring ori mau prasasat beteng kang bakuh. Carang-carang ditata kanthi becik. Saperangan ditancepke kaya pager. Nambahi santosane beteng dhesa. Kanggone wong jaban rangkah sing tumindak piala mesthi bisa dicegah. Amarga eri-eri sing tumempel ing papringan bakal ngalang-alangi.


Ing satengahe grumbul papringan, akeh kewan sabangsane bajing, gurangan, luak lan rase. Bajing seneng mangan klapa. Tanduran klapa ora kober uwoh yen bajing-bajing mau isih sliweran. Untune bajing sing rangah lan landhep kuwat ngrikiti sepet. Ulete sepet pedhot dening siunge bajing. Bathok sing atos uga bisa bolong. Sithik baka sethithik krambil sangsaya entek. Wekasan mung kari sepet lan bathok.


Kehing bajing sing ngebyong tanduran klapa, temtu gawe rugi. Kena diarani ama tenan. Pendhak kala mangsa, bocah nom-noman sing kendel tur bagas diajak bebarengan nggropyok bajing. Ana sing nggawa gantar, kanggo nyengget bajing gumandhul. Ana kang tali tampar saperlu kanggo ngencang pang papan panggonane bajing. Diratik lan dioyak-oyak nganti bajing mau gelem pindhah. Playune bajing dioyak nganti kecekel. Ana sing nggawa plinthengan, mimise krikil utawa pringkilan bata. Yen pas kena awake bajing, saknalika klenger utawa mati. Banjur ceblok.


Sing seneng daging bajing iku akeh. Malah percaya yen daging bajing kena kanggo tamba gatel. Lara jantung jarene bisa mari sarana mangan lawuh sate bajing. Ujare sing karem mangan daging bajing, daginge pancen enak. Mula ya ora mokal yen ana wong sing dodol daging bajing, Nyatane laris.


Saiki kang bakal dirembug yaiku garangan, luwak lan rase. Katelu seneng mangsa daging pitik. Sangger ana pitik kumlintes, kanthi nekad garangan bakal nyaut. Tumuli dikremus ditadah kala mangsa. Luwak uga mengko. Mung dedeg piyadege luwih gedhe. Sangsaya trengginas golek mangsa. Dene rase iku gedhe dhewe ragane, meh-meh gedhene padha karo kirik, galak lan mbebayani. Ing babongan utawa grumbul papringan garangn, luwak lan rase kerjo nggawe rong, katelune ngerong kanggo papan padunungan. Nadyan kewan galak, kewan mau duwe ganda arum, saka kadohan wis katitik wangi, mula luwih gampang gropyokane.


Gunane pring ora iku sayekti akeh. Carang, bung lan pring kanggo maneka waarna. Carang racake dienggo pager. Carane nggawe gampang. Cukup di incepake ing leweh, jejer-jejer wis dadi pager. Tanduran sabangsane kacang lembayung perlu lanjaran. Umume lanjaran iku digawe saka carang. Tumrape ibu-ibu kang masak ing pawon, ana sing kayu bakare dijupuksaka carang. Genine gemrubuk mangalat-alat.


Dene bung iku kena kanggo sayur jangan bobor. Dikela karo lembayung lan capar, rasane enak tenan. Utawa kanggo kulupan bumbu pecel. Dipangan karo krupuk upil, rasane kumriyak renyah. Mbok-mbok bakul opak pecel, kerep dodolan kuluban bumbung sing dicampur karo krupuk upil. Bumbune sambel pecel.

Bumg sing ora kepunggel terus dawa dadi pring. Genep rong taun dawane pring kira-kira bisa tekan 10 meter. Dadi dhuwur banget, saking dhuwure pucuke tumelung. Kena diarani pring iku urip tanpa diupakara. Urip karepe dhewe. Ora perlu rabuk. Ora perlu disiram. Open-openane gampang. Mangsa ketiga lan rendheng tetep urip ngrembuyung. Kapan wae bisa ditegor.


Pigunane pring ori kanggo cagak, reng, blandar, usuk, pantek lan gedhek. Omah kang prasaja bisa dicukupi pring. Gubug ing tengah sawah umume digawe saka pring. Piranti liya sing digawe saka pring contone kepang, rinjing, tompo, senik, tumbu, kukusan, dobong lan lincak. Ing karang padesan akeh piranti kang digawe saka pring ori.


Maneka warna piranti mau dadi bukti menawa bangsane dhewe iki duwe jatidhiri. Bangsa sing duwe pakaryan. Olah ciptane mbabar wohing panggawe kang migunani tumraping jagad. Rasa bombong sawijining bebrayan amarga ana wewujudan kang nyata. Ora baen-baen, bisane makarya kerana gladhen. Gladhen kang tlaten banjur mahanani panen. Ing kene banjur panen rejeki, panen pangalembana lan panen kondhang.


Kabisan lan katrampilan wau diwarisake kanthi turun tumurun. Suwene suwe tambah becik lan endah. Wewangunane pakaryan karengga kaendahan. Akeh bangsa manca kang kapranan. Akeh sing pesen. Akeh sing tuku. Ing kono mau dadi jalaran bangsane misuwur. Arum arane bangsa mesthi wae ndadekake ati mongkok lan bombong.


Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa pan yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku mau kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa.


Kewajibane sing nampa kanugrahan kudu gelem anglekuri murih lestari. Aguh pratikel kang becik tansah diantu-antu. Piye bisane pring ori mau tumangkar lan ngrembaka. Aja ngati warisan edi peni lan luhur mau sirna tanpa sisa. Bisane lestari yen kabeh gelem medhar gagasan. Pungkasane tuwuh pakaryan kang mimbuhi mekaung kabudayan, tumengkaring kagunan.


Sing ngrancang tata paparing karang padesan mau sanyata janma linuwih. Anggone ngrumpaka mawa gagasan kang jero. Rina wengi tansah sumadya ngeningke pikir, ngudhar panemu. Ora baen-baen, para minulya mau temen-temen supaya tinemu, wakasan katekan. Mula wohing gagasan mau banjur mbabar pakaryan kang kebak ing kaendahan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.