WILUJENGAN SUM SUMAN WARGA PAKASA KLATEN

  

WILUJENGAN SUM SUMAN WARGA PAKASA KLATEN






dening Dr Purwadi M.Hum. 
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347 


A. Nawala Ulem


Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi Pakasa ngadani tata cara sum suman. Kanthi wilujengan murih sami basuki lestari. Serat ulem sumebar jangkep genep genah. 


Mengharap  kehadiran Pengurus  harian Pakasa cabang Klaten  dan  regu Panembrama besok pada

Hari     : Selasa 

Tanggal  : 28 Desember 2021

Waktu     : pukul 11 wib

Tempat   : Rumah  KRAT  Warsana Dipuro, Beteng Jatinom 

Keperluan: sumsuman penutupan HUT Pakasa ke 90. 

Atas kehadirannya kami ucapkan terima kasih. 


Ketua Pakasa Cabang Klaten 


KRRA. Probonagoro






Serat ulem wau dipun ambali malih. Kareben enget boten kalepyan.


Ngemutaken selasa tg 28 Desb.jam 11 wonten dalemipun KRAT WARSONODIPURO BETENG JATINOM RAPAT PAKASA CABANG KLATEN, DIPUN RAWUHI PAKASA PUNJER SAHA PENGABGDENG LDA KARATON SURAKARTA GKR WANDANSARI MPd nuwun.


Warga Pakasa pang Klaten wiwit jam 10 sampun tata tata. Dum damel miturut kabisan. Dhawah kaleresan langit biru, angin sumilir, wit witan ngrembuyung.


B. Kembul Bujana


Paraga ingkang kapatah baut ngiket basa. Ukura runtut, tembung patut.


Kawiwitan kirab tumpeng. Kairing kumandhanging kidung puji rahayu.




Dhandhanggula


Ana kidung rumeksa ing wengi,

Teguh hayu luputa ing lara,

Luputa ing bilahi kabeh,

Jim setan purun,

Paneluhan tan ana wani,

Miwah panggawe ala,

Gunane wong luput,

Geni atemahan tirta,

Maling adoh tan ana ngarah mring mami,

Guna duduk pan sirna.


Tumpeng kaarak lajeng kadongani. Ibu ibu ingkang ngayahi pakaryan estu netepi wajib. Donga kababar dening Kanjeng Raden Tumenggung Wiji Hastonagoro.


Dr KPH Wirobhumi SH medhar sesorah. Pangarsa Pakasa Punjer tansah mbombong warga. Sesaji jangkep sampun sumadya.


Kalajengaken sabda pangandika dening GKR Wandansari, Pangageng Sasana Wilapa Karaton Surakarta lan ketua Lembaga Dewan Adat. Cetha wela wela bilih tata krama, unggah ungguh, tata susila katindakaken bebrayan Jawi.


Wondene GKR Ayu Koes Indriyah ugi paring wejangan. Anggota DPD RI tahun 2009 - 2019 tansah gumregut gumregah gumreget.




Abdi dalem sami sigrak gumyak pinandhegan dening KMAT Suci Marheningsih. Kadherekaken Bu Suprih, Bu Kinah, Bu Puspa. Saben kala mangsa ndherek acara putri narpa wandawa.


Jenang sungsum enggal karahapi. Eca sekaca sinambi lelenggahan. Dhahar siang mawi piring terbang. Adhem ayem tentrem jenjem.


Watara jam 13 acara paripurna. Suka parisuka sinartan gendhing. Ing pangajab pikantuk ganjaran ingkang ageng.





Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.