Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2026

Dhandhanggula Putri Narpa

Gambar
 Dhandhanggula Putri Narpa 1. Putri Narpa Wandawa mengeti,  Manis netra lilaning panembah,  Darma bakti gawa gawe,  Pasuwitan satuhu,  Tatah tutug titi permati,  Siji Juni lumampah,  ing tahun nem likur,  Nawa dasa panca warsa,  Amemetri kabudayan edi peni,  Surakarta Diningrat. 2. Mangastuti darahing narpati Sagung warga prayoga manunggal Anut wewarah rinonce Riptan pujangga agung Kamot serat  ing candrarini, Dadya wanita tama, Tepung wulang wuruk, Angrengga sanguning gesang, Tatas titis gelis wasis samukawis, Putri Narpa Wandawa.  Karaton Surakarta Hadiningrat,  Katiti mangsan 5 Juni 1931 - 5 Juni 2026.