Babad Pujiani
Babad Pujiani
1.
Dhandhanggula
Pujiani sindhen edi peni,
Guna kaya wignya sarwa bisa,
Gregah greget nyambut gawe,
Ginanjar warna ayu,
Tatas titis ing samukawis,
Momong rumeksa putra,
Lulus purna mantu,
Sinengkuyung kadang mitra,
Wus pinesthi manggih basuki lestari,
Tumuli gadhah wayah.
2.
Mijil
Tata cara mahargya pengantin,
Tekad geleng golong,
Tamu rawuh andalidir rame,
Jawat asta sareng Pujiani,
Asung pangastuti,
Mongkog jroning kalbu.
3.
Durma
Nyawang Nyai Pujiani padhang terang,
Winastan kombang sari,
Tegese gembira,
Hajade gancar lancar,
Muncar mancur laras lumaris,
Putra akrama,
Uripe mentas becik.
4.
Asmarandana
Mersudi kagunan seni,
Lara lapa tapa brata,
Sakeh rancangan, rinonce,
Pujiani kasembadan,
Pangangkah sigra kajangkah,
Ngelmu laku gya tinemu,
Mangka darmaning ngagesang.
5.
Sinom
Sesrawungan kutha Sala,
Pujiani wus nglakoni,
Dhalang Manteb Sudharsana,
Ki Anom Suroto ugi,
Warsena Slenk ngembani,
Purbo Asmoro satuhu,
Suwita kabudayan,
Pinanggih inggiling singgih,
Munggah drajat semat pribadi terhormat.
6.
Pangkur
Samengko dadi wong tuwa,
Pujiani katitik tambah becik,
Ngembani putra lan mantu,
Jejering sesanggeman,
Trus ngrembuyung lelanjaran kawruh petung,
Murah sandhang pangan papan,
Rejekine mbanyu mili.
7.
Gambuh
Nasib maju mujur,
Kedhung sumur pakaryan sempulur,
Pujiani tampa nugraha wigati,
Tanggapan laju lumintu,
Suwara arum kesohor.
8.
Pucung
Ngangsu kawruh Pujiani mawi tuduh,
Mardi kesenian,
SMKI dugi ISI,
Bekti darma budaya murih kuncara.
9.
Kinanthi
Sabarang lakon lumaku,
Dugi Singapura Nagri,
Ngideri pojok jagad,
Njajah desa milangkori,
Pujiani amakarya,
Duta tama guru seni.
10.
Megatruh
Kayat kayun kiyat satemah kayungyun,
Pepayoning Pujiani,
Mangesti pitutur luhur,
Nala permana permati,
Kasantosan lahir batos.
11.
Maskumambang
Rupa manis jangkah aris dagang laris,
Pujiani bagya mulya,
Bandha bandhu waras wiris,
Ayem tentrem panjang yuswa.
30 Juni 2026
Purwadi
Komentar
Posting Komentar