UPACARA NYADRANAN
UPACARA NYADRANAN
Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347
Saksuwene sepasar wong-wong ing tlatah dhusun Grogol katon ewuh, gupuh singkut gumregut. Saben kula warga padha repot anggone bakal mahargya upacara desa sing diarani nyadranan. Dinane ngepasi Jumah Pahing. Wong sakdesa meh-meh sarujuk yen dina Jumah Pahing iku mesthi kanggo wektu nindakake upacara dhusun.
“Katur dhumateng para warga dhusun bilih tempuking damel nyadranan, dhawah dinten Jumah Pahing sasi Sapar. Kasuwun sampun ngantos kalepyan ing galih”. Mangkono pangandikane Pak Bayan nalika paring pemut marang wargane.
“Kaninggihan Pak Bayan. Kanca estri kala Wage kepengker malah sampun blanja ing peken Kerep. Benjing dinten Rabo Kliwon punika lare-lare dipun purih munjung sanak kadang pawong mitra. Setahun sepisan, mila embohne lare-lare sami ngepenaken sanget”. Mbah Podho ujar mengkono sinambi resik-resik carang, ing papringan.
Pancen wis dadi jejibahane Pak Bayan samangsa-mangsa ana parigawe banjur mbiwarakahe asile rembug desa sing dipandhegane dening Pak Kawituwo. Saben warga kampong diampiri Pak Bayan karo nitih pit onthel. Kanthi ulat sumringah, guwaya grapyak sumanak lan basa wicara tumata, Pak Bayan tansah ngangeni Panjenengane pancen nglungguhi jejering pamong kang mengku surala bapa sing momong.
Nganti dina Kamis legi padhukuhan Grogol rame dening bocah-bocah sing lagi ater-ater utawa munjung sedulur manca desa. Punjung-pinunjung ing alaming karang padesan wus dadi padatan sing mbalung sumsum. Kanthi pangangkah supaya kekadangan luwih raket, anggone memintran sangsaya supeket. Tepungan ing jaban desa sing beneri ora duwe gawe nyadranan, kapunjung akakaran komplit karo jajanan pinilih sing edi misasa. Mung wae, anggone munjung mau uga adhedhasar kekuwatan lan dayane kulawarga. Mula adat punjung-pinunjung wa ora dadi bot repot. Tetep krasa entheng sanggane.
Urip prasaja iku wigati banget mungguhing bebrayan ing padhusunan. Siji lan sijine ora bakal jor-joran. Kabeh wis mangerti, pratingkah jor-joran gampang ngurubake panas-panasan. Gerah gampang nuwuhake asedah antarane para warga. Akeh contone merga senang umuk lan pamer, banjur gawe benthik lan mutik. Para leluhur paring pitutur kanggo putra wayah. Dedalane guna lawan sekti kudu andhap asor. Wani ngalah luhur wekasane. Piwulang becik mau wus kerep digegulang sajroning pasrawungan. Kabeh mau supaya urip bisa guyub rukun ayem tentrem lahir batin.
”Le, urip kuwi apike sing prasaja wae” Pituture Mbah Podho marang putune sing jenenge Sugeng Widodo.
”Kok ngaten. La, tujuane pripun to Mbah ?”
”Supaya ora gampang dakwen lan open marang liyan.Patrap dakwen open iku ngono cedhak karo ati drengki srei. Yen wis mengkono banjur panesten. Pikirane cepet banget kobong, muntab lan nesu. Apa meneh yen wong liya pikantuk kamulyan, age-age anggone ora nyarujuki. Atine sajak gela. Mrena mrene tansah metani alane”
”Menapa saestu ta Mbah, ngendika panjenengan kala wau. Ing saben dintenipun menapa wonten tuladhanipun”
”Wah akeh banget, cah bagus. Nadyan dina iki desane dhewe lagi pesta nyadranan, bisa uga tuwuh daredah. Kagawa saka padha seneng pamer, umuk lan anja dhewe. Cekake wae akeh sing gelem saingan karo kanca.”
”Tujunipun ing dhusun ngriki sami nglenggana sabar narima. Dados boten badhe muwatiri”.
”La ya sukur. Dhisik pancen tau ana pasulayan. Perkarane mung sepele. Enak-enakan nggone masak, akeh-akehan nggone blanja neng pasar. Kabeh golek wah, Ngoyak pangalembana. Untung wala banjur gelem mulat salira. Warga kene gelem mawas dhiri. Pratingkah sing mung pengin unggul dhewe mau dirasa kurang prayoga”.
”Rumiyin nate kedodosan ingkang ngramenaken sak lebeting srawreng. Mekaten Mbah ?”
”Bener le kandhamu, saiki wis sadhar”.
Simbah lan putune mau lagi reriungan neng ngemper. Simbah lenggahan ing nglincak, si wayah lungguh nglesot neng klasa pandhan.
Wektu iku ngancik jam papat sore. Angin sumilir saka kidul wetan, ngepasi mangsa mareng sasi Juli. Dhuwa Grogol sawetara panen kedhele, asile tikel matikel. Kejaba amarga subur tandurane, regane uga payu larang. Mula bersih desa nyadranan ing wanci iki, wargane nyekel dhuwit sing akeh cacahe.
”Le, mengko bengi aku arep lek-lekan sewengi natas. Ing daleme Pak Kawituwa sing wujud Pendhapa kae arep ana pagelaran wayang purwa”.
”Dalange sinten, Mbah ?”
”Rembug desa kepungkur nayogyani yen sing ndahlang kaya wingi uni, yaiku Ki Hardjo Besar”.
”Dalemipun Ki Hardjo Besar menika pundi ta ?’
”Pak Hardjo besar kuwi priyayi saka Gringging Kediri. Sajake wong Grogol cocok banget karo pakelirane Pak Hardjo. Priyayine bagus, pinter, grapyak tur sumanak.”
”Daya kekiatanipun Ki Hardjo ing babagan seni pedhalangan mapan wonten pundi ?”
”Sing genah, Pak Hardjo bangkit banget ing crita-crita kuna. Ora saben dhalang nguwasani lakon kuna kagem priyayi sepuh mesti jumbuh. Tumrap bocah nom-noman, Ki Hardjo trampil ing olah kridhaning wayang. Sabetane urip, kaya tenan-tenan jogede wayang ing kelir nengsemake. Yen ngancik adegan gara-gara baut mbanyol. Celathune panakuwon Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong gawe sing nonton kepingkel-pingkel. Nganti tanrep kayon penontone isih njejel riyel ora bubar.”
”Cobi kula mengke nderek Simbah, rak kepareng ta Mbah?, kangge ngladen tirakatan lan lek-lekan”.
”Apik banget, Putuku kudu gelem nguri-uri budaya Jawi”.
Srengenge wis surup, wong desa Grogol muli manjer ting ing pinggir dalan, sisih kiwa gawang, jejer-jejer pating kerlip lin pendah lintang ambyar asri ing angkasa biru.
Wiwit jam 3 sore gamelan lan wayang wis tekan ing daleme Pak Kamituwa.
”Klonthong-klonthong, klonthong”, swarane genthaa ngumandhang ngebaki awang-awang. Sapi benthung lore nggeret cikar sing ngemat gamelan lan wayang.
Juru peniti enggal nggelar racikan gamelan. Panggonane gamelan mawa landhesan klasa gumelar. Tumuli ditata kanthi becik edi peni. Gamelane pepak, laras slendro lan laras pelog. Pehing, saron, demung lan slenthem dadi sagalongan kang disebut balungan. Kethuk, kenong, kempul, gong katon mengkilap. Gayane wujud ratune nagaingukir prada emas. Gambang kang digawe saka kayu walikukun ketog warna ireng ngregemeng merbawane. Kendhang, ketipung, batangan ben karumpaka pantes. Bonang barung lan bonang penerus mapan ing tengah ngarep nyedaki sing nonton. Tambur, rebab, suling njangkepi piranti. Kira-kira wancine jam setengah lima sore, juru peniti gamelan rampung makarya. Nuli juru simping wayang age-age nindakake jejibahane. Kelir digelar, debog, pring, pantek, tali cumawis tan ana kang sisip. Kabeh lumaku nut rancangan sahawit.
Wayang disimping ngiwa nengen. Mula kawentas bala kiwa lan bala tengen. Simpingane jan endah tenan. Gedhe cilikane wayang sarwo urut, mentut lan patut. Yakuwi sing diarani seni adi luhung. Sapa wae kang mirsani, kepranan atine. Bala kiwa dumadi saka wadya sabrang kang saperangan gedhe wujud buta rauksa. Watake buta buteng betah nganiaya. Nilik saka wujude wae wis medeni wae wis medeni nggegirisi. Seje kari bala tengen sing racake dumadi saka kalangan satriya. Rupane bagus, andhap asor, merak ati.
Blencong banjur disumet. Mekar mak byar. Sore blencong padhang jingglang tumuju marang kelir. Wayang kang sinungging lan pinrada maneka warna dadi gumebyar. Saperangan malah kumerlip amarga seka pantulane sinar. Wah jan elok tenan. Bala kiwa lan bala tengen sansaya ngegla cetha ing pinggir tengah winates kayon gunungan. Ing tengah-tengahing kelir kasangga tinancep gunungan cacahe loro. Mula gunungan kang cacahe papat, mesthi gawe sengsem para ningali.
Sadurunge srengenge surup, wayang lan gamelan wus tinata jangkep. Tanata kang cewet, mula ya ora nguciwani babar pisan. Bocah cilik suka gembira karo sing momong.
”Aja playon. Sing ati-ati lo. Ora pareng mlebu ing kalangan gamelan. Mengko mundhak didukani Pak Dhalang”.
Mbak Parinten weling karo putrane sing diparingi jeneng Singgih Sanyoto.
“Sampun kersane ta Mbak, wong naminipun lare alit. Malah menika sinambi ajar seni.”
Pak Maridi sing kejibah juru peniti ngerih-erih Mbak Parinten kanthi soleh bawa kang kebak kawicaksanan.
“Thing, thing, thing”.
“Dik Singgih, nabuhe saron aja nggawa watu”.
“Ngapa ta bu, kok ora oleh”.
”Ya ora kena. Mengko sarone bisa rusak. Unine gamelan dadi ora becik maneh. Ayo kono dolan karo kanca-kancane”.
Singgih Sanyoto terus ambyar lan kancane. Waneh-waneh patrape bocah cilik sing lagi padha seneng-seneng dolanan. Ana sing playon, ana sing ngematke wayang, ana sing ninthingi gamelan, ana sing nggebuki tangane wayang srimpingan. Umume ibune sing momong uga melu ngawat-awati. Wengi iku padha suka gembira.
Ing sakjabane pegelaran rame banget. Pinggir dalan akeh wong dodolan. Dakul dolanan lan jajan jejer-jejer nganggo lampu strong king lan teplok. Bakul dolanan kayata plembungan utawa balon, slompret, wayang kardus, kitiran lan yo yo. Swarane balon pencet sing digabung karo slompret cekak nambahe rejaning swasana.
”That thet, thot thet” Unine balon pencet ambal-ambalan.
“Dhar-Dhar” Saperangan balon ana sing mbledhos. Mula ya ana sing kaget.
Bakul jajan lan penganan maneka warna narik kawigaten. Ana sing bakul sega soto sate. Sing bakul Pak Jan Tamanan, karo garwane sing asma Bu Diyem. Sega soto sate sing didol laris banget. Rasane nyamleng. Jalaran daginge isih seger, bumbune pepak tur piter masak. Ing tlatah kono kondhang banget. Tamanan, Kedungbulu, Ngadibaya, Sambirata, Glokingo, Mojorembun, Grogol, Martuwa lan Saturuti isih meh tepung karo soto sate Tamanan.
Ana meneh sing bakul sega pecel. Jenenge Mbah Warini. Asring dijuluki Mbah War. Lawuh rempeyek, tempe lan krupuk, ditambah trancam, kluban lembayung, capar, kembang turi, wah ilat sak nalika padha njoged amarga saking mat-matan enake. Yen rampung madhang banjur nyruput kopi. Kaya enake tanpa winates. Sing tuku lunga teka bebasan mbanyu mili.
Ing sisih kiwa Mbah War, wus sumadya opak pecel. Opak sing digoreng nganggo wedhi iku tambah kumriyuk ngangeni. Sambel kacang, lombok lan jeruk purut sedhep banget rasane. Gandhane seka kadohan ketara banget. Kluban lembayung diganyang bareng lan opak. Wadhahe pincuk sing digawe saka godhong gedhang. Sing tuku antri. Opak pecel gaweane Mbah Gamiran pancen kesuwur ing dhusun Grogol. Yen tumuju ora ono tontonan, Mbah Gamiran ider opak sambel karo anake wadon. Adate Mbah Gamiran mubeng desa wanci jam papat sore.
Sajake wengi kuwi kabeh bakul padha kelarisan. Dheweke mesthi bungah atine, amarga bathine tikel matikel. Angkasa biru sumilak padhang lan angin sumilir aweh pertandha yen rejekine para bakul mau lancar gancar. Wayangan ing wengi kuwi sanyata mbabar kabagyan.
Komentar
Posting Komentar