Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2024

Babad Fatkur Rohman Nur Awalin

Gambar
   Babad Fatkur Rohman Nur Awalin Purwadi 1. Dhandhanggula Nama Fatkur Rohman Nur Awalin,  Nembe nggarap uji pawiyatan,  Angrembug pikiran gedhe,  Islam Jawa anyakup,  Serat Iman Sujana becik, Promosi pendadaran,  UIN Tulungagung,  Sayyid Ali Rahmatullah,  Rong ewu pat likur ing rong puluh Juni,  Doktor sampun sumandhang. 2. Gambuh Teken tekun sinau,  Laju maju lumaku sajuru juru,  Amarsudi Fatkur Rohman Nur Awalin,  Sigra anjangkah anggayuh,  Ngampungake program doktor. 3. Pucung Kanggo sangu linambaran kawruh ilmu,  FBSB Jawa,  UNY sami ngombyongi,  Fatkur Rohman Nur Awalin bagya mulya.  4. Kinanthi Enggal bali mulang muruk  Nggulawenthah siswa siswi,  Aneng kampus Karangmalang,  Murih gelis wasis titis,  Nyengkuyung Mas Fatkur Rohman,  Bebarengan amakarti.  5. Mijil Tanggal pitu sasi Maret iki,  Titi wanci klakon,  Siji sanga wolu sanga warsi,  Awalin wus lahir,  Penget ulang tahun.  6. Pangkur Fatkur Rohman gya gumregah,  Saya sengkut gumregut ngesti ilmi,  Kabupaten Tulungagung, 

Kanjeng Ratu Kencana Serayu

Gambar
 Kanjeng Ratu Kencana Serayu Purwadi Ketua LOKANTARA  Hp 087864404347 A. Permaisuri Amangkurat Tegalarum Ratu Kencana utawi Kanjeng Ratu Serayu adalah garwa prameswari Sinuwun Amangkurat Agung. Wiratsari atau Ratu Serayu adalah putri Pangeran Kajor yang kaya raya. Pangeran Kajor adalah putra Pangeran Benawa. Cucu langsung Jaka Tingkir atau Sultan Hadiwijaya. Raja Pajang yang terkenal ber budi bawa leksana.  Dengan begitu Ratu Kencana Serayu merupakan putri keturunan langsung Kerajaan Pajang. Jasa perjuangan Kanjeng Ratu Serayu utawi Ratu Kencana sangat besar bagi kemajuan Kraton Mataram. Serat Babad Banyumas memberi informasi yang terang benderang. Kawibawan kawidadan kabagyan lan kamulyan berkilauan. Tepa palupi merupakan tuntunan yang bersumber dari paugeran para leluhur. Pada masa kerajaan Demak Bintara nama Banyumas masih disebut Banyukerto. Wilayah ini langsung diperintah oleh Kadipaten Semarang. Pembina wilayah Banyukerto dipegang oleh Ki Ageng Pandan Aran. Pembesar kadipaten Sem

Kanjeng Ratu Dyah Banuwati

Gambar
 Kanjeng Ratu  Dyah Banuwati Purwadi,  Ketua Lock Antara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Tepa palupi Dyah Banuwati,  Siwi ayu Pangeran Benawa,  Kang ibu menggalih gedhe,  Rara Tasikmadu,  Pamekasan suta bupati,  Wisma ing Surabaya,  Bandaran kang agung,  Pelabuhan Tanjung Perak,  Dagang layar kayu sarem gamping laris,  Gancaring daya arta.  Sinuwun Hadi Hanyakrawati,  Dyah Banuwati minangka garwa,  Mumpuni kasarjanane,  Suka ambangun gedhung, Pesanggrahan den arah bathi,  Pasewan Jayakarta,  Gumyak sigrak rebut payu,  Sambung srawung manca praja,  Emas picis anglumpuk lumaris manis,  Nambah santosa praja.  Dodol lisah bumi banyu mili,  Blora Bojonegoro lan Tuban,  Winangun punjering bale,  Dedunung kutha Cepu,  Banuwati angindhit dhuwit,  Karya wragat negara,  Mrih kuncara arum,  Mataram ngejayeng jagad,  Prameswari weruh petung lincah kesit, Nuhoni trahing Pajang.  Raja putra Pajang kang winarni,  Asmanipun Pangeran Benawa,  Wusnya minulya sumare,  Ing Morotoko dhukuh,  Kapernah desa

Babad Pangeran Benawa

Gambar
 Babad Pangeran Benawa Purwadi,  Ketua Lock Antara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Raja putra Pajang kang winarni,  Asmanipun Pangeran Benawa,  Wusnya minulya sumare,  Ing Morotoko dhukuh,  Kapernah desa Wateshaji,  Minangka pajimatan,  Agung inggil luhur,  Suka lila angrumeksa Warga Pati kecamatan Pucakwangi,  Ginanjar antuk berkah. Narendra gung Raden Jaka Tingkir,  Jejuluk Sultan Hadiwijaya,  Kang kawentar Mas Karebet,  Wasis waskitha ampuh,  Tedhak turun priyagung Pengging,  Atma Kebo Kenanga,  Tur rembesing madu,  Dhasare trahing kusuma,  Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,  Turase Brawijaya. Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,  Ingkang ibu Pangeran Benawa,  Pindha melathi rinonce,  Ganda sumerbak arum,  Sekar dhaton kinasih aji,  Kanjeng Sultan Trenggana,  Bagas bagus alus,  Ber budi bawa laksana,  Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,  Nata Demak Bintara. Ratu Kalinyamat luwih sugih,  Pangeran Hadirin wus anggarwa,  Asale Samudra Pase,  Ber bandha lan ber bandu,  Rajabrana inten mas pic

Mahargya Hari Raya Idul Adha

Gambar
  Mahargya Hari Raya Idul Adha Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Takbir tahmid tahlil anyarengi,  Nuju hari raya idul adha,  Ngumandhang kapyarsa rame,  Sagung ummat amunjuk,  Syukur nembah mring Maha Suci,  Nindakake sembahyang,  Wiwit bangun esuk,  Kyai khotib sung wewarah, Rahman rahim wedharan Nabi Ibrahim,  Nabi Ismail mejang.  Tuladha Kanjeng Nabi linuwih,  Duk nalika kang rama ngendika,  Nabi Ibrahim sabdane,  Dhawuh Allah satuhu,  Kagem korban Nabi Ismail,  Sendika sabar drana, Anjurung kang ibu,  Siti Hajar takwa iman,  Allah yekti paring kanugrahan jati,  Liru menda sanyata.  2. Sinom Winursita kutha Mekkah,  Kapurwakan Kanjeng Nabi,  Ibrahim nampi perintah,  Kedah pisah garwa siwi,  Safa Marwah nenepi,  Ara ara larang banyu,  Allah paring nugraha,  Sumur Zamzam seger mili,  Tirta Arab yen minum nyata mujarab.  Kadang mitra kang ngibadah,  Munggah haji tanah suci,  Kiblat Kabah kebak berkah,  Umrah thowaf jumrah syai,  Rukun Islam njangkepi, Tannggap

MACAPAT MOJOREMBUN BINANGUN

Gambar
  MACAPAT MOJOREMBUN BINANGUN Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Mojorembun desa merak ati,  Katon asri kalamun sinawang,  Grapyak semanak wargane,  Kemraket guyub rukun,  Gatong royong sabarang kardi, Ngayahi kewajiban,  Amrih gelis rampung,  Sigra ngudi bagya mulya,  Rina wengi sami sregep amakarti,  Sembada kang sinedya.  Dhukuh Grogol kulon kang winarni,  Sambiroto dhukuh paling wetan,  Bulurejo lor cerake,  Dumadi patang dhusun,  Kyai Lurah kang mandhegani,  Carik panyerat desa,  Gya bantu binantu,  Kamituwa lan kebayan,  Jogotirto jogoboyo miwah modin,  Siyaga tandang karya.  2. Gambuh Dolan neng Mojorembun,  Bakal temu tegal sawah kebun,  Kacang brambang dhele tela jagung pari,  Pelem gedhang kates jambu,  Bayem kangkung lombok terong.  Tandang gawe sing tekun,  Ngrakal ngluku nggaru tandur matun,  Sosrok cemplong klacen besik gejik icir,  Derep ndhaut bakul macul,  Jebol ngarit pithil ombyok.  3. Pucung Papanipun tlatah desa Mojorembun,  Cedhak Alastuwa,

KAWRUH TEMBANG JAWA

Gambar
 KAWRUH TEMBANG JAWA Agnes Luhjati Wisma Indriadi,  Guru Kendal Alumni UGM A. Tembang Gedhe lan Tembang Tengahan.  Tembang Jawa bisa kaperang dadi telung golongan. Yaiku Sekar ageng, sekar tengahan lan sekar macapat.  Sekar ageng utawa tembang gedhe jamak lumrah tinemu ing pagelaran wayang. Kyai dalang kerep maringi tuladha tembang gedhe. Nalika jejer sepisanan kanthi suluk pathet nem ageng.  Leng leng ramya ningkang,  Sasangka kumenyar,  Mangrengga ruming puri,  Halep nikang umah,  Mas lir murubing langit,  Tekyan sarwa manik.  Suwasana regeng merbani. Cocok kalawan adegan ing dhatulaya. Sri narendra lenggah siniwaka.  Dene tembang tengahan tinemu ing adegan sereng. Kanggo ngrengga suwasana greget saut. Wayang dadi katon urip. Conto tembang tengahan.  Raseksa prayitna anggereng,  Krura wirodra, Anggung agora godha,  Gur swaranya gurnita,  Girang girang amarga,  Mintonaken karosan nira.  Tembang tengahan iku kanggo ada ada. Nalika satriya kapapak barisan buta. Genah bisa nggambareke wa

BABAD SISWA KENDAL

Gambar
 BABAD SISWA KENDAL Agnes Luhjati Wisma Indriadi,  Guru Kendal Alumni UGM I. Gambuh Siswa Mbangun Turut  1. Siswa Kendal satuhu, Bekti marang bapak ibu guru, Mbangun turut tekun tekan ngati ati, Seneng ngudi kehing kawruh, Kang piguna lahir batos. 2. Ngajeni tiyang sepuh, Siswa Kendal pancen ampuh tangguh, Wasis titis rikat trampil tata titi, Sregep gawe lan sinau, Sanyata budi mencorong. 3. Eling marang pitutur, Kang lumantar dhawuhe leluhur, Tata krama sopan santun warni warni, Siswa Kendal amituhu, Tingkah laku andhap asor. II. Dhandhanggula Sregep Sinau  1. Wulang wuruk kagem siswa siswi, Kang sekolah aneng tlatah Kendal, Supaya bisa pikoleh, Kawruh kebak pituduh, Benjang dadi bocah winasis, Trampil rikat trengginas, Ngerti sopan santun, Darma bekti mring wong tuwa, Tingkah laku muna muni ngati ati, Mersudi katentreman. 2. Kendal kaloka tlatah pesisir, Ing sakulone kutha Semarang, Padha sregep nyambut gawe, Patuladhan kang patut,  Tumrape para mudha mudhi, Utamaning pra siswa, Kang

Macapat Sidokare Makmur

Gambar
 Macapat Sidokare Makmur Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Mijil dhusun asri Tlatah asri dhusun kang winarni,  Nyata wus kesohor,  Kawiwitan desa Sidokare,  Ngalor Alastuwo Grogol nenggih, Banaran pinanggih,  Alastuwo Dukuh.  Ngetan Duwel Sukorejo yekti,  Setren lan Goklingo,  Menyang pasar Kerep dina Wage,  Tawang Babadan Benggeng mranani,  Kinupeng pring ori,  Katon sarwa bagus.  2. Dhandhanggula nyadran Tata cara ing sedhekah bumi,  Anyarengi upacara nyadran,  Aneng desa Sidokare,  Dadi srana nenuwun,  Marang Gusti kang Maha Suci,  Sagung karang padesan,  Urip subur makmur,  Murah sandhang pangan papan,  Panjang punjung gemah ripah loh jinawi,  Tentrem kerta raharja.  Wanci nuju hari Jumah paing,  Kapurwakan kanthi wilujengan,  Kumpul ana sumur gedhe,  Nuli sowan leluhur,  Kyai Modin gya andongani,  Mbrengengeng ing sareyan,  Kagem kang wus surud,  Manjing alam kesuwargan,  Puja puji manggih basuki lestari,  Sumrambah putra wayah.  3. Kinanthi gotong royong Sidokare guyub

ISTANA MAJAPAHIT PELOPOR BUDAYA

Gambar
  ISTANA MAJAPAHIT PELOPOR BUDAYA Dr HR Wijaya M.Si. Pengelola Rumah Budaya Wijaya Tungtung Pait Cityland Kutoarjo Purworejo.  HP 08127113999 Bagian I A. Keagungan Istana Majapahit Budaya merupakan hasil olah cipta rasa karsa. Berdirinya rumah budaya menjadi ajang untuk mengasah kreativitas. Pada lingkup yang lebih luas jelas sarana untuk memperkokoh jatidiri bangsa.  Perlu dipahami latar belakang rumah budaya Wijaya Tungtung Pait Cityland. Nama Pait terang sekali berhubungan dengan kerajaan Majapahit yang didirikan oleh Raden Wijaya.  Kerajaan Majapahit yang berdiri tahun 1293 berada di desa Tarik. Dengan dibantu Arya Wiraraja dari Sumenep Madura, maka perjuangan pendiri Majapahit berhasil gemilang. Majapahit mengalami masa keemasan.  Teladan utama ini mendorong generasi sekarang untuk menerus warisan leluhur. Jasmerah, jangan sekali kali meninggalkan sejarah. Masa lampau menawarkan nilai kejayaan.  Arti Tungtung Pait. Tungtung berarti berkumandang atau bergema. Pait berarti tantangan