Macapat Sidokare Makmur

 Macapat Sidokare Makmur



Purwadi, 
Ketua Lokantara
HP 087864404347


1.

Mijil dhusun asri


Tlatah asri dhusun kang winarni, 

Nyata wus kesohor, 

Kawiwitan desa Sidokare, 

Ngalor Alastuwo Grogol nenggih,

Banaran pinanggih, 

Alastuwo Dukuh. 


Ngetan Duwel Sukorejo yekti, 

Setren lan Goklingo, 

Menyang pasar Kerep dina Wage, 

Tawang Babadan Benggeng mranani, 

Kinupeng pring ori, 

Katon sarwa bagus. 


2.

Dhandhanggula nyadran


Tata cara ing sedhekah bumi, 

Anyarengi upacara nyadran, 

Aneng desa Sidokare, 

Dadi srana nenuwun, 

Marang Gusti kang Maha Suci, 

Sagung karang padesan, 

Urip subur makmur, 

Murah sandhang pangan papan, 

Panjang punjung gemah ripah loh jinawi, 

Tentrem kerta raharja. 


Wanci nuju hari Jumah paing, 

Kapurwakan kanthi wilujengan, 

Kumpul ana sumur gedhe, 

Nuli sowan leluhur, 

Kyai Modin gya andongani, 

Mbrengengeng ing sareyan, 

Kagem kang wus surud, 

Manjing alam kesuwargan, 

Puja puji manggih basuki lestari, 

Sumrambah putra wayah. 


3.

Kinanthi gotong royong


Sidokare guyub rukun, 

Gotong royong tandang kardi,

Dalan alus tur warata, 

Kerja bakti resik resik, 

Pager gapura tumata, 

Pak Lurah kang mandhegani. 


Nanggap seni langen tayub, 

Panjak tandhak kang pinilih, 

Gayeng regeng gumyak sigrak, 

Pacak gulu joged ngibing, 

Tombok wol ser nut wirama, 

Slendro pelog laras gendhing. 


4.

Gambuh jadah jenang


Meriah wiwit esuk, 

Sarwa gathuk suguhan sing mathuk, 

Jadah jenang rengginang kerupuk wajik, 

Sami eca dhahar ngunjuk, 

Wis cumawis gedhang kepok. 


Kembul bujana bathu, 

Lawuh ingkung paringan Mbah Kakung, 

Ngasta berkat kondur undangan kenduri, 

Sidokare wayah dalu, 

Pasugatan sega rawon. 


5.

Pucung nanggap wayang


Wus lumaku sing tinuju tambah maju, 

Sidokare nyadran, 

Pesta sedina sewengi, 

Nanggap wayang crita pakem trus ngumandhang. 


Dalang kondhang sabet trampil suluk gandhang, 

Nabuh pra wiyaga, 

Waranggana nembang becik, 

Pamiyarsa sanyata suka gembira. 


Weh lelipur Sidokare wis misuwur, 

Ngleluri budaya, 

Tuwa mudha jaler estri, 

Bagya mulya sesrawungan ana desa.


6.

Sinom ingon ingon


Kondhang bakul kulak brambang, 

Sidokare wasis titis, 

Bungah betah saba sawah, 

Juru dagang among tani, 

Tansah gemi nastiti, 

Teken tekan krana tekun, 

Sakjroning nyambut karya, 

Enjang sore siyang ratri, 

Saya kiyat mbudidaya wong sakbrayat. 


Ingon ingon sapi menda, 

Ayam bebek menthok minthi, 

Nyambi ngopeni tanduran, 

Tela pohung jagung pari,

Pelem cerme trembesi, 

Bayem terong lombok kangkung, 

Pring ori waru klapa, 

Bandha bandhu emas picis, 

Sidokare sida mukti sida mulya.


7.

Asmarandana pranata mangsa


Kawruh mangsa patang warni, 

Arang udan mangsa tiga, 

Mangsa labuh rendheng mareng, 

Sami niteni tanduran, 

Dhele kacang tela brambang, 

Gilirane pari jagung, 

Ing karangan tegal sawah. 


Kadang tani nandur pari, 

Bibit unggul ing pinihan, 

Orog orog saranane, 

Glepung biru campur ketan, 

Cok bakal nuli keleman, 

Eret eret jajan pura, 

Palapendhem palagandhul, 

Palakitri palasimpar. 


8.

Durma tandang gawe


Sigra njangkah angayahi kewajiban, 

Warga kakung pawestri, 

Karang padhusunan, 

Sidokare sedaya, 

Among dagang juru martani, 

Padang lang tukang, 

Derep lan ani ani. 


Ndhaut matun macul  ngluku ngrakal, 

Nggaru anandur pari, 

Cemplong klacen  nglempak, 

Ngganco ngarit ambabat, 

Suket wutun lan suket teki, 

Ngreksa tanduran, 

Tumangkat tuwuh semi.


9.

Maskumambang

sregep sinau


Jamak lumrah tumrap para siswa siswi, 

Sinau aneng Sekolah, 

Murih dadi bocah wasis, 

Piguna ing tembe benjang. 


Bapak ibu guru mulang kanthi patitis, 

Sidokare gya gumregah, 

Anut majune negari, 

Njembarake pangawikan. 


10.

Megatruh welas asih


Warga Sidokare weruh unggah ungguh, 

Sambung srawung tata krami,

Hormat aruh mring sesepuh, 

Pernah mudha welas asih, 

Tindak tanduk andhap asor. 


Rumeksa pangambu pangrungu pandulu, 

Agawe reseping ati, 

Nyambut gawe dol tinuku, 

Pinercaya lancar laris, 

Mentes pantes bibit bobot. 


11.

Pangkur tuwuh tumangkar. 


Sidokare wus tumangkar, 

Pra sedulur sami purun ngrojongi, 

Mbudidaya desa maju, 

Netepi keh pakaryan, 

Jroning kalbu tekad waja siyang dalu, 

Kepinteran sowang sowang, 

Mawar beya jer basuki, 


Lila labuh mring negara, 

Suka rena tandang karya mandiri, 

Angesti kebak pinunjul, 

Jayane nusantara, 

Subur makmur jinawi murah tinuku, 

Karaharjan ketentraman, 

Bugya rahayu lestari.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto