MACAPAT MOJOREMBUN BINANGUN

 MACAPAT MOJOREMBUN BINANGUN


Purwadi, 

Ketua Lokantara

HP 087864404347


1.

Dhandhanggula


Mojorembun desa merak ati, 

Katon asri kalamun sinawang, 

Grapyak semanak wargane, 

Kemraket guyub rukun, 

Gatong royong sabarang kardi,

Ngayahi kewajiban, 

Amrih gelis rampung, 

Sigra ngudi bagya mulya, 

Rina wengi sami sregep amakarti, 

Sembada kang sinedya. 


Dhukuh Grogol kulon kang winarni,  Sambiroto dhukuh paling wetan, 

Bulurejo lor cerake, 

Dumadi patang dhusun, 

Kyai Lurah kang mandhegani, 

Carik panyerat desa, 

Gya bantu binantu, 

Kamituwa lan kebayan, 

Jogotirto jogoboyo miwah modin, 

Siyaga tandang karya. 


2.

Gambuh


Dolan neng Mojorembun, 

Bakal temu tegal sawah kebun, 

Kacang brambang dhele tela jagung pari, 

Pelem gedhang kates jambu, 

Bayem kangkung lombok terong. 


Tandang gawe sing tekun, 

Ngrakal ngluku nggaru tandur matun, 

Sosrok cemplong klacen besik gejik icir, 

Derep ndhaut bakul macul, 

Jebol ngarit pithil ombyok. 


3.

Pucung


Papanipun tlatah desa Mojorembun, 

Cedhak Alastuwa, 

Sidokare Jatikampir, 

Ngadiboyo Sukorejo dadi tangga. 


Sarwa gathuk dhahar sega pecel  mathuk, 

Tumuli wedangan, 

Jagongan ngunjuk teh kopi, 

Bareng kanca rembugan suka gembira.


4.

Kinanthi


Bale desa Mojorembun, 

Wewangunan edi peni, 

Latar jembar gilar gilar, 

Caket Puskesmas sayekti, 

Kagem pelayanan rakyat, 

Tetep buka saben hari. 


Pak Lurah kang setya tuhu, 

Minangka dadya pemimpin, 

Momong momor momot warga, 

Mrantasi kabeh perkawis, 

Mbudidaya karaharjan, 

Ayem tentrem lahir batin. 


5.

Pangkur


Mangsa tiga nandur brambang, 

Lamun mangsa rendheng anandur pari, 

Mangsa labuh nandur jagung, 

Mareng ketela rambat, 

Tanah subur panguripan tambah makmur, 

Gelem ngopeni tanduran, 

Esuk sore awan bengi.


Ingon ingon raja kaya, 

Tlaten open ingone kewan sapi, 

Aneng ara ara menda, 

Pekarangan ngumbar ayam, 

Ngingu kutut jalak glathik podhang patut, 

Menthok meri mliwis banyak, 

Bebek trowelu kelinci. 


6.

Asmarandana


Kulina gemi nastiti,

Urip neng karang padesan, 

Ibarat mlathi rinonce, 

Ganda arum caket alam, 

Sumilire angin barat, 

Gunung wilis sisih kidul, 

Sisihe ler gunung Pandhan. 


Yen pinuju nandur pari, 

Binuka papan pinihan, 

Orok orok sesajine,

Ketan rasa gurih enak, 

Sungsuman nuli keleman, 

Ani ani aran ngundhuh, 

Kokoh wiwit wilujengan. 


7.

Mijil


Tata cara nandur brambang nenggih, 

Kawiwitan cemplong, 

Paripurna tanduran kedhele, 

Amiliha bibit ingkang becik, 

Enggal dipun icir, 

Kanthi larik urut. 


Tanduran brambang umur sesasi, 

Wite tuwuh mlolor, 

Wayahe diwenehi rabuk mes, 

Sela selaning brambang didhangir, 

Matun suket aglis, 

Rong lapan diundhuh. 


8.

Sinom


Palagandhul palawija, 

Palapendhem palakitri, 

Palarambat palasimpar, 

Tandurane kadang tani, 

Ngupaboga sayekti, 

Enjang sonten siyang dalu, 

Bisane kasembadan, 

Nyambut gawe sing teliti, 

Sandhang pangan papan bakal kecukupan. 


Mojorembun gya makarya, 

Among dagang juru tani, 

Tukang bakul mracang blantik, 

Mantri bidan polisi, 

Tentara kontraktor guru, 

Sindhen seniman panjak, 

Sengkut gumregut makarti, 

Suka lila kanggo mulyaning negara. 


9.

Megatruh


Sigra nglilir kabeh warga Mojorembun, 

Siyaga netepi wajib, 

Mersudi kuncara arum, 

Pak Lurah kang handayani, 

Gegayuhan wus kelakon. 


Sigra bidhal gumreget gregah gumuruh, 

Arsa ambangun negari, 

Madhep mantep malih maju, 

Sepuh anem kakung putri, 

Sinengkuyung para pamong. 


10.

Maskumambang


Gayeng regeng seneng marem jroning ati, 

Sambung srawung gagrak desa, 

Jenak penak urup urip, 

Lelandhesan sabar nrima. 


Padhusunan gemah ripah loh jinawi, 

Tata tentrem kerta harja, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Mojorembun bagya mulya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto