Babad Pangeran Benawa

 Babad Pangeran Benawa


Purwadi, 
Ketua Lock Antara
HP 087864404347


1.

Dhandhanggula


Raja putra Pajang kang winarni, 

Asmanipun Pangeran Benawa, 

Wusnya minulya sumare, 

Ing Morotoko dhukuh, 

Kapernah desa Wateshaji, 

Minangka pajimatan, 

Agung inggil luhur, 

Suka lila angrumeksa

Warga Pati kecamatan Pucakwangi, 

Ginanjar antuk berkah.


Narendra gung Raden Jaka Tingkir, 

Jejuluk Sultan Hadiwijaya, 

Kang kawentar Mas Karebet, 

Wasis waskitha ampuh, 

Tedhak turun priyagung Pengging, 

Atma Kebo Kenanga, 

Tur rembesing madu, 

Dhasare trahing kusuma, 

Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati, 

Turase Brawijaya.


Kanjeng Ratu Cepaka linuwih, 

Ingkang ibu Pangeran Benawa, 

Pindha melathi rinonce, 

Ganda sumerbak arum, 

Sekar dhaton kinasih aji, 

Kanjeng Sultan Trenggana, 

Bagas bagus alus, 

Ber budi bawa laksana, 

Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati, 

Nata Demak Bintara.


Ratu Kalinyamat luwih sugih, 

Pangeran Hadirin wus anggarwa, 

Asale Samudra Pase, 

Ber bandha lan ber bandu, 

Rajabrana inten mas picis, 

Rena tata wiyata, 

Kawruh wulang wuruk, 

Benawa ndherek suwita, 

Gelis wasis tatas titis samukawis, 

Meguru aneng Jepara. 


Sami ndherek Pangeran Hadirin, 

Kanjeng Madiun Rangga Jumena, 

Dipati Pangeran Onje, 

Benjang nuli kajunjung, 

Purbalingga mangka bupati, 

Raden Joko Kahiman, 

Derajat ngaluhur, 

Adipati Banyumas, 

Wus permati nggulawenthah siswa siwi, 

Jeng Ratu Kalinyamat.


2.

Pangkur


Pangeran Benawa putra, 

Paring asma Ratu Dyah Banuwati, 

Wanita hayu rahayu, 

Dhauping palakrama, 

Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu, 

Sultan Agung Nyakrasuma, 

Narendra Kraton Mentawis.


Wondene Rangga Jumena, 

Retna Dumilah garwa Senapati, 

Tedhak turune Madiun, 

Jeng Ratu Mas Balitar, 

Prameswari Paku Buwana kang sepuh, 

Tangguh tangggon tansah tanggap, 

Ambawani tanah Jawi. 


Benawa asung tuladha, 

Nurunake darah santri priyayi, 

Nggegulang sabarang ilmu, 

Pesantren gya ngrembaka, 

Pamulangan dadi piranti pituduh, 

Gumebyar gilar sumebar, 

Kinarya sangu makarti. 


3.

Gambuh


Sowan marang leluhur, 

Kraton Surakarta kang misuwur, 

Putra Pajang sumare laladan Pati, 

Benawa paring pitutur, 

Mawi wejangan miraos. 


Pangeran Benawa perlu, 

Medharake sanggya ilmu laku, 

Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati, 

Drajat pangkat semat wahyu, 

Rumasuk padhang sumorot.


4.

Kinanthi


Benawa patut tiniru, 

Bekti marang Senapati, 

Pasrah panguwasa Pajang, 

Kawibawan kraton Pengging, 

Lumintir aneng Mataram, 

Supaya lumaku becik.


Nak tumanak run tumurun, 

Pangeran Benawa iki, 

Pinaringan kanugrahan, 

Kawiryan hartawan wasis, 

Demak Pajang lan Mataram, 

Widada sugeng lestari.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto