Mahargya Hari Raya Idul Adha

 Mahargya Hari Raya Idul Adha


Purwadi, 

Ketua Lokantara

HP 087864404347



1.

Dhandhanggula


Takbir tahmid tahlil anyarengi, 

Nuju hari raya idul adha, 

Ngumandhang kapyarsa rame, 

Sagung ummat amunjuk, 

Syukur nembah mring Maha Suci, 

Nindakake sembahyang, 

Wiwit bangun esuk, 

Kyai khotib sung wewarah,

Rahman rahim wedharan Nabi Ibrahim, 

Nabi Ismail mejang. 


Tuladha Kanjeng Nabi linuwih, 

Duk nalika kang rama ngendika, 

Nabi Ibrahim sabdane, 

Dhawuh Allah satuhu, 

Kagem korban Nabi Ismail, 

Sendika sabar drana,

Anjurung kang ibu, 

Siti Hajar takwa iman, 

Allah yekti paring kanugrahan jati, 

Liru menda sanyata. 


2.

Sinom


Winursita kutha Mekkah, 

Kapurwakan Kanjeng Nabi, 

Ibrahim nampi perintah, 

Kedah pisah garwa siwi, 

Safa Marwah nenepi, 

Ara ara larang banyu, 

Allah paring nugraha, 

Sumur Zamzam seger mili, 

Tirta Arab yen minum nyata mujarab. 


Kadang mitra kang ngibadah, 

Munggah haji tanah suci, 

Kiblat Kabah kebak berkah, 

Umrah thowaf jumrah syai, 

Rukun Islam njangkepi,

Tannggap tanggon tangguh wutuh, 

Mersudi ilmu iman, 

Winastanan insan kamil,

Idul kurban srana momot patuladhan.


3.

Kinanthi


Berkah saking haji mabrur, 

Donga puji pangastuti, 

Ginanjar derajat pangkat, 

Bandha dunya mbanyu mili, 

Gumarojok bawah atas, 

Sawabe Nabi Ibrahim. 


Yogya padha aneniru, 

Lekasipun Kanjeng Nabi, 

Ismail bekti sudarma, 

Nabi Iskak luhur budi, 

Ibunipun Dewi Sarah,

Sabrayat ingkang pinundhi.


4.

Pangkur


Wukuf ing padhang Arafah, 

Nabi Adam Hawa wiwit pinanggih, 

Sasana donga kinabul, 

Dene Masjidil Haram, 

Sholat khusuk heneng hening trus rumasuk, 

Madhep mantep jroning nala, 

Ibadah neng tanah suci. 


Ziarah neng guwa Hira, 

Petilasan sejarah Kanjeng Nabi, 

Rikala tumurun wahyu, 

Firman Allah Ta'ala, 

Kitab agung dimen urip adi luhung, 

Gondhelan cagak agama, 

Slamet aneng dunya akhir.


5.

Mijil


Amemetri ajaran agami,

Gumeleng gumolong, 

Ziarah ing Madinah parane, 

Kaum anshor manunggal lan muhajirin, 

Ndherek Kanjeng Nabi, 

Muhammad tuhu. 


Kang winarni Masjid Nabawi, 

Prayogi winaos, 

Dakwah Islamiyah bebakale, 

Gancar lancar nyawur nyebar  ing sabumi, 

Tamangkar lumaris, 

Ngrembaka ngrembuyung. 


6.

Pucung


Haji mabur nyartani priyayi luhur, 

Aran sasi besar, 

Cocok kanggo pesta peni, 

Kang den ajab dongane bisa mustajab. 


Padha mantu gawe gedhe ngantu antu, 

Pasuryan sumringah, 

Bebarengan wulan haji, 

Panyuwunan hajad berkah kasembadan. 


7.

Gambuh


Sawusnya kondur mujur, 

Sarwa makmur banjur suka syukur, 

Munggah kaji welas asih mring sesami, 

Jiwa tangguh watak wutuh, 

Pasuryan saya sumorot. 


Jangkep genep Muslimun, 

Iman ilmu amal kang kayungyun, 

Andum kurma banyu Zamzam gya kendhuri, 

Ibadahe tambah khusuk, 

Kulawarga ayem ayom.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto