Babad Makloemat Pakoe Boewono XI

Babad Makloemat Pakoe Boewono XII 1. Dhandhanggula Hamengeti wolung dasa warsi, Makloemat Pakoe Boewono Rolas, Siji September wulane, Papat lima kang tahun, Anjagangi hadeging Nagri, Republik Indonesia, Amrih jejeg bakuh, Surakarta Hadiningrat, Murwakani kraton saindhenging bumi, Mahargya kamardikan. 2. Pangkur Pakoe Boewono ping Rolas, Mbahu dhendha wibawa nyakrawati, Jumeneng narendra gung, Budi bawa laksana, Amemayu hayuningrat trus rahayu, Ambeg adil paramarta, Anggeganjar mring sesami. 3. Pucung Wus tinemu udhu bandha bahu suku, Kraton Surakarta, Tumrap negara Republik, Suka lila Indonesia bagya mulya. 4. Gambuh Tanah kereta gedung, Boga wastra Minangka pisungsung, Buku tulis kinarya administrasi, Karsa kayun Jeng Sinuwun, Republik sigra mencorong. 5. Mijil Soekarno Hatta aris ing kapti, Sumbangan Kedhaton,...