Babad Makloemat Pakoe Boewono XI
Babad Makloemat
Pakoe Boewono XII
1.
Dhandhanggula
Hamengeti wolung dasa warsi,
Makloemat Pakoe Boewono Rolas,
Siji September wulane,
Papat lima kang tahun,
Anjagangi hadeging Nagri,
Republik Indonesia,
Amrih jejeg bakuh,
Surakarta Hadiningrat,
Murwakani kraton saindhenging bumi,
Mahargya kamardikan.
2.
Pangkur
Pakoe Boewono ping Rolas,
Mbahu dhendha wibawa nyakrawati,
Jumeneng narendra gung,
Budi bawa laksana,
Amemayu hayuningrat trus rahayu,
Ambeg adil paramarta,
Anggeganjar
mring sesami.
3.
Pucung
Wus tinemu udhu bandha bahu suku,
Kraton Surakarta,
Tumrap negara Republik,
Suka lila Indonesia bagya mulya.
4.
Gambuh
Tanah kereta gedung,
Boga wastra Minangka pisungsung,
Buku tulis kinarya administrasi,
Karsa kayun Jeng Sinuwun,
Republik sigra mencorong.
5.
Mijil
Soekarno Hatta aris ing kapti,
Sumbangan Kedhaton,
Surakarta pancen akeh gedhe,
Sinerat ing Perdana Menteri Syahrir,
Bebantu prajurit,
Kolonel Sinuwun.
6.
Asmarandana
Ndherek tokoh Proklamasi,
Labuh labet kanggo praja,
Soekarno dadya Presiden,
Sinuwun angiring Hatta,
KMB nagri Netherland,
RI berdaulat penuh,
Den akoni bangsa dunya.
7.
Megatruh
Datan mingkuh mring kehing baya pakewuh,
Pakoe Boewono sumbangsih,
Marsudi budaya luhung,
Mardi seni edi peni,
Nusantara gya sumorot.
8.
Sinom
Sosrodiningrat kang Patih,
Gita gita mandhegani,
Peparing kantor pakaryan,
Perdana Menteri Syahrir,
Gedung Bank den lenggahi,
Karsa dalem Jeng Sinuwun,
Pakoe Boewono Rolas,
Angandika manis aris,
Kanugrahan kawibawan kawidadan.
9.
Durma
Sigra bidhal bala kuswa Surakarta,
Bakti ibu pertiwi,
Sentana arapak,
Pinandhegan Kanjeng Sunan,
Paripurna hadeg negari,
Soekarno Hatta,
Kamardikan lestari.
10.
Kinanthi
Sampun wolung dasa tahun,
Kraton Surakarta paring,
Tanah wilayah negara,
Sawah kebon wana siti,
Sumber toya lepen arga,
Lenga pasar pabrik gendhis.
11.
Maskumambang
Emas picis Surakarta mili aglis,
Tulah kucah Kanjeng Sunan,
Konjuk Indonesia nagri,
Loh jinawi tata harja.
Senin Legi, 1 September 2025.
Purwadi.
ketua Lokantara.
Komentar
Posting Komentar