WAYANG PUSAKA KYAI KADUNG

 WAYANG PUSAKA KYAI KADUNG



1.

Dhandhanggula 


Kyai Kadung pusaka pinilih, 

Kagungan Karaton Surakarta, 

Sumorot amuncar jene, 

Wayang kasinungan wahyu, 

Gumelaring bantala Jawi, 

Rumeksa kawidadan, 

Kawibawan luhur, 

Empu pujangga angripta, 

Cipta wening  wenang  sumadhang sumandhing, 

Wewayanging ngagesang. 


2.

Pangkur 


Ing sasana handrawina, 

Kyai Kadung rineksa dipun isis, 

Pendherek wiwit rumuhun, 

Majapahit Jenggala, 

Kahuripan Daha Kediri Panjalu, 

Demak Pajang lan Mataram, 

Pusaka ingkang pinundhi. 


3.

Mijil


Coas donga pamuja sesanti, 

Manekung mirantos, 

Kyai Kadung angisis jinejer, 

Endah asri agung merbawani, 

Sagunging dumadi, 

Pinanggih rahayu. 


4.

Gambuh


Kyai Kadung linangkung, 

Reriptan pujangga adi luhung, 

Wus kaperang golongan wayang wigati, 

Kanan kering trus tinamtu, 

Saben dinten Slasa Kliwon. 


5.

Pucung


Wulang wuruk den udi bisane gathuk, 

Pralampita wayang, 

Ringgit sarine dianggit, 

Kyai Kadung pusaka wingit kaloka. 


6.

Durma


Gya ngumandhang beksan Bedhaya Ketawang, 

Lungit dumugi langit, 

Pireng gangsa munya, 

Penak kendhang kemanak, 

Gong kethuk kenong laras liris, 

Anggana raras,

Waranggana mastuti. 


7.

Maskumambang


Panggung Sangga Buwana sana pangesti, 

Narendra gung Surakarta, 

Jeng Ratu Kencana Sari,

Sumawur barang nugraha. 



Selasa Kliwon, 26 Agustus 2025.

Purwadi, 

Ketua Lokantara

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri