KADIPATEN JEPARA
KADIPATEN JEPARA
1.
Dhandhanggula
Kirab Kyai tombak tanah Jawi,
Lumampah ing wilayah Jepara,
Sigrak gumyak katon rame,
Mawurahan gumuruh,
Sanggya abdi dalem lumaris,
Karaton Surakarta,
Kebat rebut dhucung,
Jumangkah ngayahi karya,
Tata titi sajuru juru permati,
Nguri uri budaya.
2.
Durma
Gelar lampahan Sesaji Rajasuya,
Kagunan seni ringgit,
Pakasa Jepara,
Jeng Bambang Hadiningrat,
Mbudidaya wus mandhegani,
Murih budaya,
Mencar mencar nelahi.
3.
Mijil
Tekad kuat manteb jroning ati,
Suwita Karaton,
Surakarta sumarah sumendhe,
Lumaksana kanthi nyembadani,
Abdi dalem bekti,
Sapakon mituhu.
4.
Pucung
Lakon luhur babaran kebak pitutur,
Crita wayang purwa,
Ketitik wawarah becik,
Kawibawan kawidadan kaleksanan.
5.
Maskumambang
Susanti Purwaningrum garwa kinasih,
Sinengkuyung para muda,
Uga pangarsa Bupati,
Sembada ingkang sinedya.
6.
Dhandhanggula
Gusti Kanjeng Ratu Wandansari,
Kersa tedhak Pakasa Jepara,
Kalung melathi rinonce,
Gandane sarwa arum,
Sari sari sumebar adi,
Rinumpaka runtut,
Renteng renteng reruntungan,
Wirabhumi punjer paring pangastuti,
Mimbuhi kanugrahan.
Setu Wage, 30 Agustus 2025.
Purwadi
Komentar
Posting Komentar