JEPARA AYEM TENTREM

 JEPARA AYEM TENTREM




1.

Gambuh


Ayem tentrem ginayuh, 

Kabupaten Jepara sung kawruh,

Amangeti budi pekerti utami, 

Nyambut gawe guyub rukun, 

Bebarengan gotong royong. 


2.

Dhandhanggula


Kirab Kyai tombak tanah Jawi, 

Lumampah ing wilayah Jepara, 

Sigrak gumyak katon rame, 

Mawurahan gumuruh, 

Sanggya abdi dalem lumaris, 

Karaton Surakarta, 

Kebat rebut dhucung, 

Jumangkah ngayahi karya, 

Tata titi sajuru juru permati,

Nguri uri budaya. 


3.

Durma


Gelar lampahan Sesaji Rajasuya, 

Kagunan seni ringgit, 

Pakasa Jepara, 

Jeng Bambang Hadiningrat, 

Mbudidaya wus mandhegani, 

Murih budaya, 

Mencar kencar nelahi. 


4.

Mijil


Tekad kuat manteb jroning ati, 

Suwita Karaton, 

Surakarta sumarah sumendhe, 

Lumaksana kanthi nyembadani, 

Abdi dalem bekti, 

Sapakon mituhu. 


5.

Pucung


Lakon luhur babaran kebak pitutur, 

Crita wayang purwa, 

Ketitik wawarah becik, 

Kawibawan kawidadan kaleksanan. 


6.

Maskumambang


Susanti Purwaningrum garwa kinasih, 

Sinengkuyung para muda, 

Uga pangarsa Bupati, 

Sembada ingkang sinedya. 


7.

Dhandhanggula


Gusti Kanjeng Ratu Wandansari,

Kersa tedhak Pakasa Jepara, 

Kalung melathi rinonce, 

Gandane sarwa arum, 

Sari sari sumebar adi, 

Rinumpaka runtut, 

Renteng renteng reruntungan, 

Wirabhumi punjer paring pangastuti, 

Mimbuhi kanugrahan. 


8.

Megatruh


Saking Nganjuk Malang Klaten Demak munjuk, 

Sukoharjo Boyolali,  Pacitan Ngawi Madiun, 

Ponorogo Kudus Pati, 

Wonogiri lan Cirebon. 


9.

Asmarandana


Semarang lan Bekasi, 

Purwodadi Blora Tuban, 

Banjarnegara Kebumen, 

Bojonegoro Magelang, 

Yogyakarta Salatiga, 

Kediri lan Tulungagung, 

Sidoarjo Surabaya. 


10.

Pangkur


Pangarsa tlatah Jepara, 

Witiarso Utomo Pak Bupati, 

Ibnu Hajar wakilipun,

Sinengkuyung Pakasa, 

Rinten dalu kabudayan amrih maju, 

Rakyat miwah pemerintah, 

Sesarengan tunggil kapti. 


11.

Sinom


Joglo hadipuran mbabar, 

Pasuwitan ingkang becik, 

Dhateng Kraton Surakarta, 

Kagunan bisa lumaris, 

Tumangkar aris manis, 

Edi peni adi luhung, 

Wayang tari bedhaya, 

Reyog jaran ing pesisir, 

Weh bebungah kiprah seni sumarambah. 


12.

Kinanthi


Kagunan luhur sempulur, 

Paripurna duk kawuri, 

Anut marang laku jaman, 

Panjang yuswa tambah wasis, 

Mula banjur nak tumanak,

Anenuntun putra putri. 


13.

Gambuh


Kutha Jepara mumbul, 

Kirab pusaka tombak pinunjul, 

Turut margi rame warni warni, 

Padha muncul kehing bakul, 

Dedolanan klinong klinong. 


14.

Pucung


Jiwa agung Jepara tulung tinulung, 

Darma mring negara, 

Sumungkem ibu pertiwi, 

Patuladhan linambaran kautaman. 


15.

Maskumambang


Jepara kang gemah ripah loh jinawi, 

Tata tentrem karta harja, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Widada wibawa minulya sembada. 



Ahad Kliwon, 31 Agustus 2025.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri