Adipati Wilwatikta Tuban

 Adipati Wilwatikta Tuban



Purwadi, 

Ketua Lokantara



A. Darah Luhur


Tuban minangka punjering raja ing Tanah Jawa. Bupati dan Wilwatikta sungguh paripurna. 

Adipati Ranggalawe senapati agung Majapahit kang pantes sinudarsana. Tepa palupi murih jayaning negari. Lahir batin bela praja. Rawe rawe rantas. Malang malang putung. Ngrungkebi bumi pertiwi, kumlebating bendera gula klapa. Sagung Trah Tuban prayoga nulat pakarti utama. Budi luhur kulinakna watak asor singkirana.


Darah Tuban tuhu kebak ngelmu sipating kawruh, putus ing reh saniskara. Wignya seserepan agal alus. Bupati Wilwatikta mumpuni sakehing reh kardi. Tata lahir amakarti, jroning batin angesthi Gusti. Putra loro, Raden Sahid lan Dewi Rasawulan nyata jalma pinilih, peng pengan tedhak turune. Raden Sahid ndugal kuwarasan katelah Brandhal Lokajaya. Tumuli mertobat, meguru Kanjeng Sunan Bonang. Sakwuse lelaku miturut satataning panembah jati, Sunan Bonang amisuda Sahid. Sinengkakake ngaluhur minangka Waliullah ing Tanah Jawi. Peparap Kanjeng Sunan Kalijaga.


Wiwit Karaton Majapahit ngejayeng jagad, Kadipaten Tuban tansah asung bahu suku udhu panemu. Para sarjana winasis sesumbang gagasan samukawis. Kawula ing gunung ngagunung caos glondhong pangareng areng. Kang dedunung ing desa ngadesa pasok glondhong pengareng areng. Warga kutha ngakutha urun peni peni guru bakal guru dadi, emas picis rajabrana.


Pengageng Tuban sayekti satriya utama luhuring budi. Gentur tapane, mateng semedine. Lumrah yen dadi jalma sulaksana, sekti mandraguna. Ora tedhas papak palune pandhe, tedhane gerindra, tanapi geseke kikir. Ewa semana tetep andhap asor, luhuring budi. Eling eling trahing kusuma rembesing madu, tedhaking atapa, wijining andana warih.


Dene putra putri Bupati Wilwatikta kang kinasih Dewi Rasawulan. Manjing ing wana gung liwang liwung, mahas ing ngasepi. Nenuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing pangajab nak tumanak, run tumurun bisa ambawani tanah Jawa. Anak putu kuwat drajad pangkat lan semat. Nenging cipta, lenging panggraita. Anjalari panuwunan kabul. Patutan kalawan Syekh Magribi, Dewi Rasawulan peputra Ki Ageng Tarub. Jalma limpat seprapat tamat.


Aluran saka Ki Ageng Sela kang ambawani bumi Pathi. Ki Ageng Sela peputra Ki Ageng Ngerang. Nurunake Ki Ageng Penjawi. Priyagung luhur mitra utama tumrape Sultan Pajang. Kanjeng Sultan Hadiwijaya paring bumi Penjawi, amarga labuh labet mbengkas karya gedhe. Ngleremake Arya Penangsang Adipati Jipang Panolan ngraman. Mukti ngawibawa ing bumi Pathi. Kagungan putri linuwih. Asma ratu Waskitha Jawi. Palakrama lan Panembahan Senopati minangka garwa prameswari. Miyos Raden Mas Jolang. Ngasta pusaraning adil ing negari Mataram. Jejuluk Prabu Hadi Hanyokrowati.


Nambut silaning akrami Ki Ageng Tarub. Ginanjar widodari kahyangan. Bebisik Dewi Nawangwulan. Miyos putri sulistya ing warni. Nama Dewi Nawangsih. Palakrama pikantuk Raden Lembu Peteng, putra Prabu Brawijaya V. Narendra gung binathara Kraton Majapahit suka rena ing galih. Penganten sakloron kinen lara lapa tapa brata. Kang putra ngestokake dhawuh sang Prabu. Padha tapa ngalong, ngidang, ngiwak, ngebleng, patigeni, ngluweng, pendhem, ngeli, nggantung, geniara, mbanyuara. Ing tembe bakal nuwuhake ratu ing tanah Jawi.


Urutan Trah Mataram aluran Wilwatikta lumantar Rasawulan. Ki Ageng Tarub, Ki Ageng Getas Pandawa, Ki Ageng Sela, Ki Ageng Enis, Ki Ageng Pamanahan. Miyos wong agung Ngeksiganda Panembahan Senopati. Raja Mataram sanyata trah luhur Kadipaten Tuban. Kuwi nyata. Adhedhasar sejarah kang lumampah. Mula den emut. Sagung darah Tuban, mersudia guna kasantikan, jaya kawijayan. Ilmu Iku Kelakone kanthi Laku.


Tedhakan Trah Tuban ing Pengging. Putri Ambarwati krama lan Ki Ageng Kebo Kenanga. Peputra Mas Karebet utama Jaka Tingkir. Ing tembe jumenengan nata ing negari Pajang. Kebo Kenanga siswa kinasih Syekh Siti Jenar. Bareng lan Ki Ageng Banyubiru, Ki Ageng Butuh, Ki Ageng Pandanaran, Ki Ageng Gribig lan Ki Ageng Pring Apus. Kebo Kenanga misuwur sinebut Ki Ki Ageng Pengging. Wondene Sultan Hadiwijaya peputra Pangeran Benawa. Kagungan putri Dyah Banowati. Krama pikantuk Prabu Hadi Hanyokrowati. Peputra Raden mas Jatmiko. Jumeneng nata ing Mataram jejuluk Sultan Agung Hanyokro Kusumo.


B. Trahing Kusuma Rembese Madu, wijiling Atapa


Ngrembug aluran Trah Tuban lumantar Bupati Purbaya ing Lamongan. Kagungan putri sulistya ing warni. Dhasar wasis macak angadi salira angadi busana. Gandhes luwes merak ati. Krama lan narendra sudibya ing Mataram Kartasura. Minangka garwa prameswari Sinuwun Paku Buwono II. Lajeng peputra Gusti Raden Mas Suryadi. Jumeneng nata ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Jejuluk Sinuwun Paku Buwono III kang kondhang kaonang onang. Angripta serat Wiwaha Jarwa. Bebrayan Jawi nyebat lakon Begawan Ciptowening. Saperangan nyebut Begawan Mintaraga.


Saiki nlesih Trah Tuban lumantar Ki Ageng Sela kang peputra Ki Ageng Wonosobo. Nurunake Rara Sabinah kang krama antuk Ki Ageng Pemanahan. Dene putra kakung asma Juru Martani. Ing sejarah Mataram Juru Martani tansah nyalirani Kanjeng Panembahan Senopati ambawani Kraton Mataram kanthi wicaksana. Malah patih Mandaraka uga digula wenthah dening Ki Juru Martani. Den wejang unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Pungkasan limpat ing reh tata praja.


Nalika Kanjeng Sinuwun Paku Buwono III ngasta pusaraning praja, tanah Jawa nemahi jaman kencana rukmi. Panggung Sangga Buwana dadya sarana manekung manungku puja. Masjid Agung Karaton Surakarta Hadiningrat winangun tahun 1752. Cihna, murih jumbuhing alam. Keploking jagad gumelar lawan jagad gumulung. Kanjeng Adipati Ronggolawe lan Bupati Wilwatikta mesem ing galih sakjroning alam pangrantunan. Dene pewaris bumi Tuban minangka narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil paramarta, memayu hayune bawana.


Pratelan iki minangka penget. Putra putri darah Tuban kinen setya bekti marang ibu pertiwi. Nulat nuladha lekasing para leluhur. Wusana padha nemu wibawa widada, rahayu lestari.


Para Bupati Tuban ingkang Ngejayeng Jagad Raya


1. Adipati Wilwatikta atau Raden Aryo Dandang Wacana/ Kyai Ageng Papringan

2. Raden Aryo Ronggolawe

3. Raden Sirolawe

4. Raden Sirowenang

5. Raden Aryo Leno

6. Raden Aryo Adikoro

7. Syeh Ngabdurahman

8. Raden Aryo Wilotikto

9. Kyai Ageng Ngraseh

10. Kyai Ageng Gegilang

11. Kyai Ageng Batabang

12. Raden Aryo Balewot

13. Pangeran Sekar Tanjung

14. Pangeran Ngangsar

15. Pangeran Aryo Permalat

16. Aryo Salampe

17. Pangeran Dalem

18. Pangeran Pojok

19. Pangeran Anom

20. Pangeran Sujokopuro

21. Arya Balabar

22. Pangeran Sujonoputro

23. Pangeran Judonegoro

24. Aryo Surodiningrat

25. Aryo Diposono

26. Kyai Reksonegoro

27. Kyai Purwonegoro

28. Kyai Lieder Surodinegoro

29. Raden Suryo Adiwijoyo

30. Pangeran Citrosomo VI

31. Pangeran Citrosomo VII

32. Pangeran Citrosomo VIII

33. Raden Kanjeng Tumenggung Panji Citrosomo IX

34. Raden Mas Somobroto

35. Raden Adipati Aryo Kusumodigdo

36. Raden Kanjeng Tumenggung Pringgowinoto

37. R.A.A. Pringgodigdo/Kusumo diningrat

38. R.M.A.A. Kusumobroto

39. R.T. Sudiman Hadiatmodjo

40. R.H. Mustain

41. R. Sundaru

42. R. Istomo

43. M. Widagdo

44. R. Suparmo

45. R. H. Irchamni

46. H. Moch. Masdoeki

47. Surati Mursam

48. Drs.Djoewahiri Marto Prawiro

49. Kol. Drs. Hindarwanto

50. Dra. Heni Relawati Widyastuti

51. H. Fathul Huda


C. Kawruh Sangkan Paraning Dumadi


Wali sanga mengajarkan ilmu sangkan paraning dumadi. Salah satu wali yang menjadi guru Sunan Kalijaga adalah Sunan Bonang. Sunan Bonang adalah putra sulung Sunan Ampel. Sunan Drajat atau Syarifuddin itu termasuk adiknya. Adik bungsunya yang bernama Dewi Sarah menikah dengan Sunan Kalijaga. Nama lain Sunan Bonang yaitu Raden Makdum atau Maulana Makdum Ibrahim. Beliau juga hidup di sekitar zaman akhir kerajaan Majapahit  1400 Çaka atau 1478 Masehi.


Dalam bidang sastra Budaya beliau sumbangannya yaitu: Membantu Raden Patah, Ikut mendirikan Masjid Demak, Dakwah melalui pewayangan, Menyempurnakan instrumen gamelan, terutama bonang, kenong dan kempul. Tembang macapat. Suluk Wujil.Sunan Bonang termasuk Wali Sanga yang sukses dalam menyiarkan agama Islam. Ajaran Sunan Bonang disampaikan dengan pesan-pesan simbolik yang harus ditafsirkan secara jernih.


Ajaran Sunan Bonang termuat dalam Suluk Wujil. Wujil adalah seorang abdi kesayangan Prabu Brawijaya, raja Majapahit. Suluk Wujil berisi tentang ilmu kesempurnaan hidup dan mistik. 


Dipun weruh ing urip sejati

lir kurungan raraga sadaya

becik den wruhi manuke

rusak yen sira tan wruh

hira Wujil salakuneki

iku mangsa dadia

yen sira yun weruh

becikana kang sarira

awismaa ing enggon punang asepi

sampun kacakrabawa


Aja doh dera ngulati kawi

kawi iku nyata ing sarira

punang rat wus aneng kene

kang minangka pandulu

tresna jati sariraneki

siyang dalu den awas

pandulu nireku

punapa sekeh pracihna

kang nyateng sarira sakabehe iki

saking sipat pakarya


Mapan rusak sajatinireki

dadine lawan kaarsanira

kang tan rusak den wruh mangke

sampurnaning pandulu

kang tan rusak anane iki

minangka tuduh ing Hyang

sing wruh ing Hyang iku

mangka sembah pujinira

mapan awis kang wruha ujar puniki

dahat sepi nugraha


Terjemahan:


Hendaknya tahu hidup sejati

ibarat sangkar badan semua

baik mengetahui

rusak jika tidak tahu

hai segala lakumu

itu mustahil jadi

jika kamu hendak tahu

perbaikilah badanmu

tunggullah di tempat sepi

jangan sampai ketahuan


Jangan jauh memeriksa kawi

kawi itu nyata di badan

semua ada di sini

sebagai penglihatan

cinta sejati badan itu

siang malam waspada

penglihatan itu

sebagai barang tanda

yang nyata pada segalanya

dari sifat perilaku


Memang rusak badannya

jadinya dengan sekehendaknya

yang tak rusak diketahui

sebagai kesempurnaan mata

yang tak rusak keadaan itu

sebagai sembah semedi

memang jarang yang mengetahui

sangat sepi anugerah


Murid Sunan Bonang yang terkenal bernama Kanjeng Sunan Kalijaga. Ilmu Makrifat merupakan pengetahuan tentang puncak satataning panembah untuk memperoleh derajat insan kamil.


Bermula dari sembah raga-sembah cipta-sembah jiwa-sembah rasa, yang selaras dengan terminologi Islam syariat-tarikat-hakikat-makrifat. Kemudian diolah oleh Kanjeng Sunan Kalijaga menjadi akulturasi teologi khas Kejawen : kamar arta dharma muksa. Kanjeng Sunan Kalijaga adalah local genius yang mampu maca kahanan, owah gingsiring jaman.


Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore adalah lambang tekad Sunan Kalijaga untuk merajut perabadan yang lebih anggun dan agung. Maka berdirilah Kraton Demak Bintara dengan aliansi strategis sultan-sunan, ulama-umara, kepala-dada serta pikir dzikir.


Tampilnya Sunan Kalijaga dalam panggung dakwah di tanah Jawa ibarat Semar Mbangun Kahyangan. Mumpung jembar kalangane mumpung padhang rembulane, merupakan strategi jitu untuk melakukan amal secara optimal, baik dalam keadaan berkesempatan maupun berkesempitan.


Gunung Kendheng


Kae gunung Kendheng sacleraman katon ireng

Sajak lungguh anteng kemul pedhut mangsa rendheng

Coba waspadakna gunung Kendheng remeng-remeng

Pancen mung prasaja Gunung Kendheng gunung tuwa


Pitutur utama dadi bocah sing prasaja

Ora neka-neka gething sengit singkirana

Yen kepengin kajen aja dahwen ati open

Watak sing utama ngerti marang subasita


Kae yen dipandeng gunung Kendheng katon ireng

Irenge kedhele nanging gedhe pigunane

Mula aja ngece becike sawangan wae

Aja mbedakake kanca siji lan sijine


Wilayah Tuban sebagian dilintasi adanya jajaran pegunungan Kendheng yang sangat terkenal di pulau Jawa. Gunung Kendheng dipercaya sebagai penolak bala. Semua hama tidak boleh lewat Gunung Kendheng. Penting buat petani yang menanam padi. Tiap upacara tradisional, gunung Kendheng disebut. Sepanjang pegunungan Kendheng terdapat kayu jati, kapur, minyak, padi gaga dan burung perkutut. Sumber kekayaan yang berlimpah ruah di Tanah Jawa.


 

Selasa Kliwon, 26 Agustus 2025.

Purwadi. 

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA 7 Juli 2020

Jl. Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri