MACAPAT PASA RAMADHAN
MACAPAT PASA RAMADHAN Purwadi, Ketua Lokantara, HP 087864404347 1. Dhandhanggula Sasi Pasa. Wulan Pasa nyata wus pinanggih, Rinengga kanthi nyadran ruwahan, Nyekar pepundhen sumare, Sowan para leluhur, Ing pangajab bisa mberkahi, Nyuwun idi palilah, Pandonga pangestu, Dene para putra wayah, Ingkang bekti marang lelakon kawuri, Lumampah saben warsa. Ramadhan mangka pethingan sasi, Sinambrama mawi tata cara, Kabeh pasiraman rame, Tapa kungkum ing umbul, Tapa ngeli iline kali, Kumambang banyu sendhang, Minangka lelaku, Murih padhanging sasmita, Ngestu ngesti wulang wejangan permati, Pujangga tanah Jawa. 2. Pangkur Sasi Pasa. Mahargya pasa Ramadhan, Kapurwakan upacara kenduri, Wilujengan dhahar ngunjuk, Undangan sanak kadang, Suka sukur sami gesang subur makmur, Bungah nyawang tegal sawah, Panen tela jagung...