MACAPAT PASA RAMADHAN

 MACAPAT PASA RAMADHAN


Purwadi, 

Ketua Lokantara, 

HP 087864404347


1.

Dhandhanggula Sasi Pasa. 


Wulan Pasa nyata wus pinanggih, 

Rinengga kanthi nyadran ruwahan, 

Nyekar pepundhen sumare, 

Sowan para leluhur, 

Ing pangajab bisa mberkahi, 

Nyuwun idi palilah, 

Pandonga pangestu, 

Dene para putra wayah, 

Ingkang bekti marang lelakon kawuri, 

Lumampah saben warsa. 


Ramadhan mangka pethingan sasi, 

Sinambrama mawi tata cara, 

Kabeh pasiraman rame, 

Tapa kungkum ing umbul, 

Tapa ngeli iline kali, 

Kumambang banyu sendhang, 

Minangka lelaku, 

Murih padhanging sasmita, 

Ngestu ngesti wulang wejangan permati, 

Pujangga tanah Jawa. 


2.

Pangkur Sasi Pasa. 


Mahargya pasa Ramadhan, 

Kapurwakan upacara kenduri, 

Wilujengan dhahar ngunjuk, 

Undangan sanak kadang, 

Suka sukur sami gesang subur makmur, 

Bungah nyawang tegal sawah, 

Panen tela jagung pari. 


Ngalap berkah wulan pasa, 

Tumrapipun ingon ingone tani, 

Menda kebo kuda lembu,

Bebek menthok lan ayam, 

Jenjem cumbu ayem tentrem merikelu, 

Amberkahi sato kewan, 

Wedharan para winasis.


3.

Kinanthi Sasi Pasa


Puwasa jaman rumuhun, 

Wulang wuruke agami, 

Ing Kraton Demak Bintara, 

Sultan nyebar udhik udhik, 

Pelataran Mesjid besar, 

Manunggal kawula gusti. 


Kawiwitan nabuh bedhug,

Ngumandhang ngebaki nagri, 

Gumyak swaraning dhugdheran, 

Piyak ngarep tangkep wuri, 

Sambung lagon santiswaran, 

Ndherek ngaos para Wali.


4.

Gambuh Sasi Pasa


Njeng Sultan Pajang dhawuh, 

Sasi pasa kedah ngangsu kawruh, 

Dimen wasis titis karya samukawis, 

Ngaji sakeh kitab buku, 

Seratan sigra kawaos. 


Ki Ageng Banyubiru, 

Jaka Tingkir suwita meguru, 

Sasi pasa cegah dhawar lawan guling, 

Karebet tekun mituhu, 

Nata Pajang kang kesohor.


5.

Sinom Sasi Pasa


Wulan Pasa ing Metaram, 

Mejang marang Senapati, 

Ki Ageng Pemanahan, 

Kinarya laku prihatin, 

Ngemong Juru Martani, 

Tapa ing segara kidul, 

Antuk wahyu jatmika,

Nuli ing kayangan Dlepih, 

Sujud sukur marang Gusti Maha Tunggal. 


Siram ing sendang Seliran, 

Sagung darah ing Mentawis, 

Mahargya wulan Ramadhan, 

Minangka sesuci dhiri, 

Tirakat lahir batin, 

Ganda dupa sekar arum, 

Wadhah bokor kencana, 

Mbrengengeng pamuji dzikir, 

Abdi dalem ulama manengku puja.


6.

Asmarandana Sasi Pasa. 


Amangkurat Tegalwangi, 

Tarak brata wulan siyam, 

Aneng Kedhaton Pamase, 

Sakwetane Ajibarang, 

Dhusune nama Lesmana, 

Jamasan kali Serayu,

Salat tarweh ing Banyumas. 


Gunung Slamet peni asri, 

Laku ibadah Ramadhan, 

Marang Pangeran sumendhe, 

Tapa narendra Mataram, 

Mrih raharjaning negara, 

Nindakna sholat tahajjud, 

Sinengkuyung pra kawula. 


7.

Mijil Sasi Pasa


Pasanipun Amangkurat Jawi, 

Manjing raos batos, 

Siram jamas wiwit wanci sore, 

Nggebyur kungkum aneng umbul Pengging, 

Ngantos madya ratri, 

Mbacut laku sujud. 


Lambaraning Kartasura nagri, 

Lelaku prihatos, 

Wulan Ramadhan berkahe gedhe, 

Kagem ndhudhah wulangan prayogi, 

Serat Nitisruti, 

Ngemot barang ngelmu. 


8.

Pucung Sasi Pasa. 


Adi luhung wejangane Sultan Agung, 

Wewarah Ramadhan, 

Sasi Pasa wulan suci, 

Bebles tenan mulang ngelmu kasampurnan.


Mbabar kawruh wulan Pasa sung pituduh, 

Serat pangracutan, 

Nitipraja Sastra Gendhing, 

Trah Mataram tata tentrem alam. 


9.

Megatruh Sasi Pasa. 


Mejang ngelmu Amangkurat Mas kang tinemu, 

Aneng wilayah Kediri, 

Wulan Pasa pancen unggul, 

Tirakat ing gunung Wilis, 

Gya munajat mring Hyang Manon. 


Sujud sukur kawulane amrih makmur, 

Amangkurat ing Kediri, 

Tahajud kanthi sumuyut, 

Raja Mataram ber budi, 

Sumare Hastana Gedhong.


10.

Maskumambang Sasi Pasa. 


Amangkurat Amral pasa mesu budi, 

Ing Mataram Kartasura, 

Kanthi laku tapa ngeli, 

Urute kali Larangan.


Ingembanan dening Ratu Wandhansari, 

Saking tlatah Surabaya, 

Garwa Adipati Pekik, 

Nyengkuyung nata Mataram. 


11.

Durma Sasi Pasa


Kanjeng Sunan Paku Buwana kapisan, 

Lan garwa prameswari, 

Ratu Mas Balitar, 

Lampah siyam Ramadhan, 

Wulujengan ing Cakra Pengging, 

Kempal kawula, 

Semedi pangastuti. 


Sasi Pasa agama mangka sarana, 

Kartasura Mentawis, 

Kawula negara, 

Tentrem karta raharja,

Lelandhesan kawruh agami, 

Wulan Ramadhan, 

Berkah Wahyu ilahi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.