Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2025

PUWASA KEJAWEN

Gambar
 PUWASA KEJAWEN Purwadi,  Ketua Lokantara,  HP 087864404347 1. Dhandhanggula Sasi Pasa.  Titi wanci hari Jemah Paing,  Siji maret amiwiti pasa,  Tahun rong ewu selawe,  Sepuh paring pituduh,  Mesu budi reresik dhiri,  Mapak wulan Ramadhan,  Manteb jroning kalbu,  Tata cara tanah Jawa,  Pra priyayi among tani seni santri,  Lestari nak tumanak.  Wulan Pasa nyata wus pinanggih,  Rinengga kanthi nyadran ruwahan,  Nyekar pepundhen sumare,  Sowan para leluhur,  Ing pangajab bisa mberkahi,  Nyuwun idi palilah,  Pandonga pangestu,  Dene para putra wayah,  Ingkang bekti marang lelakon kawuri,  Lumampah saben warsa.  Ramadhan mangka pethingan sasi,  Sinambrama mawi tata cara,  Kabeh pasiraman rame,  Tapa kungkum ing umbul,  Tapa ngeli iline kali,  Kumambang banyu sendhang,  Minangka lelaku,  Murih padhanging sasmita,  Ngestu ngesti wulang ...