Babad Sepur KRL
Babad Sepur KRL
1.
Dhandhanggula
Numpak sepur budhal saben wanci,
Dadi srana gancaring pakaryan,
Kereta api KRL,
Miwiti bangun esuk,
Lumaksana dumugi wengi,
Regane pancen murah,
Amung wolung ewu,
Bolak balik Solo Yogya,
Menyang mulih suka gembira ing galih,
Bareng lan kadang mitra.
2.
Sinom
Sami ndherek peraturan,
Numpak sepur amrih becik,
Gya rumeksa ketertiban,
Gerbong jogan alus resik,
Sehat asri nglam lami,
Tempat duduk penak penuk,
Jenak sami lenggahan,
Sinambi lelipur dhiri,
Sesawangan katon kebak kaendahan.
3.
Megatruh
Wus kayungyun mlebu aneng setasiun,
Mlaku lancar marga antri,
Tata urut runtut patut,
Mawas dhiri lan sesami,
Numpak sepur angon raos.
4.
Mijil
Saking Palur sepur murwakani,
Tumuju mangulon,
Mandhap dhateng setasiun Jebres,
Stasiun Balapan Purwosari,
Gawok mandheg riyin,
Tumuli Delanggu.
5.
Asmarandana
Munggah mudhun gonta ganti,
Rega tiket tetep padha,
Lumakune menyang Ceper,
Stasiun Klaten lumampah,
Srowot Brambanan Maguwa,
Lempuyangan akhir Tugu,
Numpak sepur aman nyaman.
6.
Durma
Sabar drana numpak sepur kang legawa,
Kanggo tepa Palupi,
Lamun lelenggahan,
Kagem keladuk yuswa,
Wanita mbobot lare alit,
Para taruna,
Ngadeg langkung prayogi.
7.
Kinanthi
Datan pareng dhahar ngunjuk,
Sakjroning kereta api,
Sepur KRL mranata,
Ngendhanana ganda amis,
Maneka warnane kewan,
Murih basuki lestari.
8.
Pangkur
Gumregut greget gumregah,
Perlu tliti numpak kereta api,
Karana jadwal teratur,
Waktu tepat mampangat,
Ora mundur maju lumakuning sepur,
Gathuk kinarya makarya,
Mbudidaya laris manis.
9.
Pucung
Suka sukur sanak kadang numpak sepur,
Ati bungah datan sayah,
Bisa nitih ngagem milih,
Banjur lenggah bayarane tiket murah.
10.
Gambuh
Tegalan sawah gunung,
Pari jagung janganan ngrembuyung,
Katon peni gagah Merbabu Merapi,
Gunung Sewu Gunung Lawu,
Mencorong sakjroning gerbong.
11.
Maskumambang
Kreta api mengabdi ibu pertiwi,
Piguna sagunging warga,
Pelayanan transportasi,
Asung puja manggih rahayu widada.
Purwadi,
Universitas Negeri Yogyakarta
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar