BABAD HIPMI YOGYAKARTA
BABAD HIPMI YOGYAKARTA
1
Dhandhanggula
Gya ginalih priyagung pinilih,
Mandhegani HIPMI Yogyakarta,
Mumpuni kawasisane,
Kadang mitra nyengkuyung,
Ekawati Rahayu Putri,
Cerdas tangkas trengginas,
Tanggap tangguh wutuh,
Minangkani pengayoman,
Siyang ratri mrih jejeging ekonomi,
Tata tentrem raharja.
Ekawati Rahayu winarni,
Pangarsa PT Cawandra Jaya,
Indonesia namane,
Muter bisnis satuhu,
Mbudidaya import kosmetik,
Filler Skinbuster benang,
Eksosome perlu,
Lan Canulla obat rikma,
Amarsudi ayu hayuning pra putri,
Bathi untung sembada.
2.
Sinom
Pangarsa HIPMI Ngayogya,
Ekawati mitayani,
Rahayu ambudidaya,
Putri nyata inovatif,
Anggota trus produktif,
Organisasi kang tangguh,
Berdaya saing global,
Anggota berbobot tinggi,
Pengembangan ketrampilan kelanjutan.
3.
Durma
Badan Pengurus Daerah wus jumangkah,
Nem likur Pebruari,
Selawe kang warsa,
Gedhong Pracimasana,
Kompleks Kepatihan dilantik,
HIPMI Ngayogya,
Ekawati makarti.
4.
Megatruh
Sigra maju para pengusaha baru,
UMKM daya saing,
Pemerintah urun rembug,
Suwasta akademisi,
HIPMI Yogya gotong royong.
5.
Mijil
HIPMI dadi sarana mengabdi,
Pribadi mencorong,
Jiwa misi visioner,
Ekonomi menjalin sinergi,
Tinggi kompetensi,
Penciptaan produk.
6.
Gambuh
Himpunan maju laju,
Pengusaha muda pancen mampu,
Indonesia gemah ripah loh jinawi,
Panjang punjung subur makmur,
HIPMI minangka pelopor.
7.
Asmarandana
Program digitalisasi,
Perubahan era global,
Teknologi owah gedhe,
Pengusaha muda tahan,
Gigih ngumandhang berjuang,
Adaptasi slalu perlu,
HIPMI maringi manpangat.
8.
Pucung
Ndaru pulung linambaran daya ulung,
Menangkap peluang,
HIPMI sung tepa palupi,
Giat kerja masyarakat sejahtera.
9.
Pangkur
Musyawarah ing daerah,
Hotel Royal Ambarukmo nekseni,
Kapribaden luhur wujud,
Kuat peran pemuda,
Kang cinatur ekonomi subur makmur,
Indonesia emas benjang,
Kokoh santosa mandhiri.
10.
Kinanthi
Tlatah Bantul Gunungkidul,
Kulonprogo nayogyani,
Sleman manunggaling cipta,
Ekawati mandhegani,
HIPMI arum kuncara,
Ngejayeng bumi pertiwi.
11.
Maskumambang
Ekawati Rahayu Putri wasis,
Samukawis wus tinata,
HIPMI basuki lestari,
Pengabdian nusa bangsa.
Purwadi,
Universitas Negeri Yogyakarta
Komentar
Posting Komentar