Wangsa Sri Sanjaya
Wangsa Sri Sanjaya
1.
Dhandhanggula
Kulawangsa Sanjaya winasis,
Mbudidaya Hindustan Kabudan,
Manunggaling cipta sareh,
Prambanan Borobudur,
Sri Ratu Pramodha Wardhani,
Kanjeng Rake Pikatan,
Sadaya sarujuk,
Binangun Candi Plaosan,
Sami mirid praja Pengging anggegurid,
Syaelendra prayoga.
Jeng Kusuma Nagara Dipati,
Trah Sanjaya minangka pangarsa,
Ngereh tlatah kidul kilen,
Duta Kanjeng Sinuwun,
Surakarta Sri Narapati,
Patih Sasradiningrat,
Sigra paring dhawuh,
Demang wedana sentana,
Sagung mantri bupati sung pangastuti,
Darma bakti mring praja.
Gantiwarna Prambanan winarni,
Manisrengga Ngawen Karangnangka
Kemalang dumugi Ceper,
Kebonarum Delanggu,
Bayat Cawas lajeng Jumiring,
Jatinom Jogonalan,
Karangdawa Tulung,
Kalikotes Polanharja,
Wonosari Karanganom Trucuk Wedhi,
Kapitayan raharja.
Umbul bintik Umbul Pengging bening,
Umbul Pluneng tuk sumbering sawah,
ilining Umbul Gedaren,
Umbul ing Cakra Tulung,
Umbul Ponggok wedaling warih,
Toya umbul Susuhan,
Umbul Geneng mancur,
Umbul Brondong tadhah toya,
Umbul Janti mikolehi kadang tani,
Subur makmur tanduran.
Pawiyatan kangge gladhen seni,
Nama Sanggar Bandung Bandawasa,
Kagunan sarwa rinonce,
Budaya adi luhung,
Mbudidaya mrih edi peni,
Beksan lan karawitan,
Garap tembang lagu,
Kethoprak kinarya sigrak,
Pedhalangan laras madya den persudi,
Mrih ngrembaka kuncara.
Winisuda priyayi pinilih,
Tumenggung Jeng Kusuma Nagara,
Minangka bupati Klaten,
Dene sengkalanipun,
Karya lila madyaning bumi,
Sunan Paku Buwana,
Ingkang Kaping Catur,
Narendra gung Surakarta,
Wolu likur sasi Juli ingkang warsi,
Wolulas kosong papat.
2.
Mijil
Gliyak gliyak jumangkah makarti,
Nadyan repot abot,
Tetep sepi pamrih rame gawe,
Sengkut ngayahi pakaryan nagri,
Klaten gya mangesthi,
Suka subur makmur.
Kali Dengkeng mbrebes ingkang warih,
Mili gumarojog,
Tumuju ngidul wiwit saking ler,
Kaliwara tuk gunung Merapi,
Amrih loh jinawi,
Subur kang tinandur.
3.
Gambuh
Sowan ing Palar Trucuk,
Amrih gathuk wawasaning mathuk,
Ki Pujangga Ranggawarsita peparing,
Ngelmu laku barang kawruh,
Kanthi manunggal gumolong.
Sunan Tembayat tuhu,
Pandhanarang jejeripun guru,
Tata titi tatag tutug tatas titis,
Saking Semarang pinunjul,
Sepuh wutuh tanggap tanggon.
4.
Pangkur
Candi Prambanan Plaosan,
Dadi srana lelaku mesu budi,
Manjur warisan leluhur,
Pangolahing surasa,
Jroning kalbu ngening cipta amituhu,
Wewarahing kapitayan,
Kasampurnan sepuh jati.
Kartasura Surakarta,
Demak Pajang Mataram Majapahit,
Daha Jenggala Panjalu,
Negari Kahuripan,
Singosari Medhang mula Kraton agung,
Tiyang Klaten angengeti,
Kinarya tepa palupi.
5.
Pucung
Banyu umbul ing Cakra pancen pinunjul,
Mili tegal sawah,
Sandhang papan papan sugih,
Klaten gregah sinar terang maju jangkah.
Dwija luhur Ki Ageng Gribig misuwur,
Sekti mandraguna,
Ya Kowiyu puja puji,
Panuwunan donga kabul kasembadan.
6.
Kinanthi
Pakasa sigra lumaku,
Saraya dadi sesanti,
Setya rampung barang karya,
Rumeksa budaya adi,
Sesanggeman kautaman,
Brayat Sanjaya abadi.
Papan eca dhahar ngunjuk,
Kabisan masake becik,
Lenggah jenak raos enak,
Pinenggalih kraos gurih,
Trahing Sanjaya sumebar,
Krana sugih jagung pari.
7.
Asmarandana
Bulu bekti tandang kardi,
Saking Kraton Surakarta,
Amrantasi gawa gawe,
Sami nunggal pasuwitan,
Ngudi endahing bebrayan,
Paugeran tata praja,
Sambang sambung sawang srawung,
Asung ngusung lelabuhan.
Kasusastran tata tulis,
Reriptan dwija pujangga,
Waosan sareh pikoleh,
Kabisan sarta kawignyan,
Pamulangan pawiyatan,
Kawruh gati wulang wuruk,
Piguna tumraping gesang.
8.
Durma
Pedhalangan karawitan trus ngumandhang,
Baut jogeding tari,
Klaten dhasar kondhang,
Trampil pinter kagunan,
Nusantara dipun renggani,
Budaya endah,
Lamun sinawang asri.
Datan wegah jumangkah kaarah arah,
Rampung sabarang kardi,
Macul tegal sawah,
Dedagang ana pasar,
Angon menda kebo lan sapi,
Anggelar klasa,
Trah Sanjaya nastiti.
9.
Megatruh
Asah asuh asihing para sesepuh,
Sunan Pandhanaran Yogi,
Bupati Semarang mungkur,
Mastuti ngelmu sejati,
Sinten ndherek gya kewahyon.
Wiwit kuncung wancine dumugi gelung,
Ngupadi sangune urip,
Sedulur tambah sempulur,
Klaten panen marga ngudi,
Panjangka kabeh kelakon.
10.
Maskumambang
Jatinom pertapan Kyai Ageng Gribig,
Apem kinarya grebegan,
Kapitayan kang mberkahi,
Tanah subur jiwa sabar.
Priyayi agung anut larasing gendhing,
Wiraga jumbuh wirama,
Waranggana lan pengrawit,
Dhalang Klaten nyata kondhang.
11.
Sinom
Sregep ndherek upacara,
Trahing Sanjaya sesanti,
Sabarang dhawuh ngendika,
Dadi puji pangastuti,
Saraya setya yekti,
Rumeksa budaya tugu,
Kraton Surakarta,
Mangka punjer tanah Jawi,
Trus sumunar mencar soroting kawentar.
Sanjaya wus kanugrahan,
Perenging gunung Merapi,
Kali Dengkeng Kaliwara,
Candi Prambanan Plaosan,
Leluhur asung pamuji,
Jangka jangkah lestari,
Lelumban ing Cakra Tulung,
Jalma titah sawantah,
Amung saderma nglakoni,
Kasembadan kawibawan kawidadan.
22 Maret 2026
Purwadi

Komentar
Posting Komentar