CANDRANING WANITA SAKING PAPRINCENING BADAN SAHA WATEKIPUN
CANDRANING WANITA SAKING PAPRINCENINGBADAN SAHA WATEKIPUN
Disusun oleh: PurwadiKetua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARAHp: 0878 6440 4347
1. Candraning Wanita
Wonten tumrap candraning wanita, ingkang ugi kaciren dening paprincen, ugi wonten namanipun piyambak, kados wanita ingkang andhap alit, abrit ulesipun, sakethik sarta imba nyengar, bathuk ciyut, punika kirang ginarwa, langkung awon driji suku lan asta katingal cekak. Punika mratandhani mathikil, utawi anggadhahi srehi, boros, remen lampah sandi, culika, sisip dhateng kakung.
Manawi mripatipun abrit, punika ingkang kawastanan durga nglilir. Wanita ingkang kasbut nginggil prayogi dipun singkiri. Wanita ingkang andhap alit, ules cemeng, remanipun pan¬jang, pan esmukunir, kaduk manis, mripat (n)jait, lindri semu liyep, lampahipun nyarpa lupa, payudara nyengkir gadhing, pangandikanipun tanduk lenggah, manawi lenggah katingal tajem, punika amratandhani wanita ingkang langkung prayogi.
Manawi kangge timbangan. Watekipun bekti dhateng kakung, sarta gemi simpen kadonyan. Pawestri ingkang kasebut nginggil punika gadhah ajrih yen dipunmaru lan kenging kusumawicitra.
2. Wanita Dedeg Andhap Alit
Wanita ingkang andhap alit, cemeng ulesipun, yen tumandang trengginas, trampil, tatas ingkang pangandikani¬pun, sarta kaduk rongeh tandangipun, sae tiyang punika, pilih tandhing yen saresmi. Wanodya punika manutipun manawi kaaras ing lathi. Anamung, manawi kaagem garwa wonten awonipun jalaran gadhah watek butarepan, ageng tekatipun, sarta purun adhepani kakung. Ananging, manawi kacuwan manahipun radi segu, amutung aten sawatawis.
Wanita ingkang kados makaten wau, kakang kedah saged ngaten-atene: Kadosta, manawi saweg sereng, kakung kedah ngluconi sawatawis, katujokaken ing manahipun, kedah sareh, ingkang cucut, jalaran manawi ngantos kala¬jeng saged niwasi. Manawi lajeng kinalar saged nalangsa. Wonten malih manodya taksih nunggil andhap alit, akas remanipun, ngrempel sinomipun, andheng-andheng ngandhap pakulitanipun jene, polatanipun prasaja, laki tipis tur ragi abrit, semu sumeh, punika kawastanan puspa.
Menggah wewatekanipun, wanodya punika micara, sugih pangretos, tengen, boten ajeng ujar, remen angungkit awon sae; cekap estri punika. Nanging yen wiyar lenging watekipun anggedebus, ajeng nedha sawatawis, ceka¬pan ing saresminipun.
3. Wanita Tingal Leyep
Wanita punika kautamenipun manawi tingal leyep imba malengkung, lambung anawon kemit. Punika wanodya utami, manawi kagarwa mikantuki, bekti dhateng priya, mantep tetep tur anuhoni, boten purun nilar wajibi¬pun, gemi, nastiti, luhur bebudenipun, boten kenging yen piniyagah. Punika kenging yen dipun antepi, ageng bektini¬pun, anjunjung drajating kakung; kawastanan lintang kawur¬yan, kathah ing kang asih, sinuyudan para kenya.
Wanodya ingkang dedeg andhap tur alit, jene pakulitanipun, remanira lemes, pambayun katingal ageng, yen anglirik maju mundur, punika kawastanan estri musibat; remen nindhes dhateng kakung, polahipun mejanani dhateng priya. Wanita ingkang kados makaten punika boten marem dhateng kakung. Paripaosipun, imah-imaha sadinten kaping sakawan tansah pados kakung malih; benten wanita punika; kawasta¬nan durga rangsang. Wanita makaten punika prayogi kasirik.
4. Wanita Alit Semu Bunder
Wanodya ingkang andhap alit semu bunder, pawakani nemu mripat ciyut anjait, imba lembat kruwun-kruwun, manawi manggangge sarwa-sarwi kendho trapipun, terkadhang lukar ukelanipun, tandukipun anggedrak, manacai linggih jelalatan, punika estri penyakit, ajeng sanget dhateng saresmi, boten gadhah raos tuwuh menawi nuju saresmi; karemanirpun dipunithik-ithik pendhilipur; sirika¬n kangge garwa anebihken dhateng begja. Wanita makaten pun kawastanan gedhong mlumah; sanget ngebreh tiyang punika.
Wanita ingkang andhap alit, pethak ulesipun, rema panjang, sinomipun pating cangkerut, lathi tipis, bathukipun wiyar, sakpolahipun amrak ateni, sulila tur anor ing raga, ulati¬pun (n)damar kanginan, wanodya ingkang kados makaten punika wanodya ingkang sinebut utami.
Watekipun mantet tetep dhateng kakung, begjanipun, pantes kangen garwa, jalaran saged maju dhateng kakung, sembada dhasar micara, tebih pendamel juti, sasedyanipun ambeg rahayu, boten ajrih sakit utawi pejah, mapan angandhemi manah, ingkang badhe paring duka cabar saking pangawasipun.
Punika pantes manawi kagarwa, kathah begjanipun, sarta gadhah buja krama, saged simpen wewadi utawi gemi nasti¬. Wanita ingkang makaten wau kawestanan padaringan kebak.
5. Wanita Andhap Alit Semu Pethak
Wanodyo ingkang andhap alit semu pethak, crewet, sugih wicara, suku bembeng, rema sakedhik, netranipun wiyar tur semu-semu pasang, ulatipun, sae wanodya puni¬ka. Anamung, watekipun remen purik, kirang pantes yen kacuan dhateng priya, bakuh sarta piyanggah, cekapan saresminipun.
Nanging, manawi jangjinipun panjang, saling¬ dhateng kakung, kaduk macak sakedhik. Wanodya ingkang alit pakulitanipun semu pethak, sinoni rempek, nikmating asmara. Wanodya ingkang sadhepah semu ejem pakulitanipun, paraupan ragi bunder rina akas sarta panjang, suku merit, lampahe lengkeh-lengkeh nyarpa lupa, sae wateking pawestri.
Punika saged amengku drajad sarta nyimpen donya kathah, ageng sihipun tumrap dhateng kakung, pantes kagem garwa, tur labet dhateng kakung. Wanita ingkang mekaten punika kawastawan gedhong menga, saged sandhang utawi tedha, boten angejibaken dhateng kakungipun, semboda ageng tekadipun. lalayar ngaler ngidul, watekipun kekirangan.
6. Wanita Dhandhang Ngelak
Wanodya sadhepah, pakulitaning wadana semu abrit, jangga suku ageng, amben dumugi ngandhap, bokong nyenuk, manawi mlampah katingal egal-egol, boten sae wanodya, punika kirang jujur sedyanipun, tega anilar dhateng kakungipun, benten manawi kagem garwa, tansah jandhataken hawa, yen lumampah semu nglangak.
Punika ing¬kang kawastanan dhandhang ngelak, kirang sae manawi ginar¬wa mamrih sangsaraning kakung. Watekipun sungkan, wewatekan sageda gesang piyambak, candranipin watu pinarah, gadhah melik wewehing liyan, remen anggaruk, kirang remen manawi ginaruk. Punika wanodya musibat.
Wonten ugi wanita ingkang panunggilipun dhandhang ngelak, engkek jangganipun, pakulitanipun abrit, lam¬pahipun kapal ngetap, semu (n)jait mripatipun. Tiyang kuwanen, budinipun kesasar-sasar tur kagok ambesur. Punika mripatipun melek kriyip-kriyip, manawi nyuwara sora, santak, songol, pangucapipun, prayogi kasingkirana, asring mitenah kakung, nyilipaken paningal, saksedyanipun damel risak.
Manawi boten amitenah, raos pating griming, tansah kumi¬tir gathik lathinya. Manawi tetanggan kerep cecongkrahan, manawi celak tiyang ingkang kados makaten mau sasat celak sawer. Namung, paripaasipun tepat nyembur inggih ingkang sadhepah, kuning pakulitanipun, polatan gah, anteng tur jatmika, cahyanira wenes, mendhes sarta remanipun, ules cemeng ngandhan-andhan, kawastanan padmasari. Saresoninipun minta lawan, manawi kagem garwa. Kaatipun kaduk angkuh, nanging kebthi dhateng kakung, pradhah ing samukawisipun, andodo¬saken seping manah.
7. Wanita Dedeg Lencir
Wanodyo ingkang lencir dedegipun, pakulitanipun jene, rema sawatawis, prembayunipun alit, suku merit, salira¬ polatanipun sumeh, yen lenggah anteng tur dedeg respati, tingalipun liyep-liyep awis tandang tandukipun boten rongeh, punika wanodya utama, prayogi ing wekasipun. Wanodya punika watekipun asrepan, tebih dhateng pendamel awon, sasedyanipun amrihayu, pun buja karsaning garwa. Saresmi kausapana baganipun.
Manawi tiyang punika prunji, prayogi kaarasa pipinipun langkung rumiyin. Manawi sampun ruket ing asmara, cinecepa lathinipun. Watekipun lajeng kemutan sarta sumarah karsaning kakung; baut nuju dhateng garwa, luhur bebudenipun. Candranipun, wanita punika kawastanan sotya reta ing embanan; kenging kagem garwa. Wanodya punika kawastanan sinebat sri pagu¬lingan.
Wanita ingkang lencir, jine pakulitanipun, wajanya awis-awis, remanipun panjang akas, jangga panjang, payu¬daranipun alit, manawi rai ragi lancap, boten pantes ginarwa. Watekipun boten tuwuk ing kakung. Manawi praupan bunder, prayogi sanget.
8. Wanita Dedeg Lencir Jene
Wonten malih wanodya lencir, jene semu blengah-blengah, payudara katingal menthek-menthek, lambungipun nawon padharan alit, panjang-panjang drijinipun, otot wilis, cahyanipun sajak katingal sumaringah, mripatipun nglindri tur anjait, imba lembat tur malengkung. Punika sae katurangganipun; gemi sanget rajabrana, lawan lawan kathah akali pun.
Wanita ingkang makaten wau kawasta¬ tumurun, pantes manawi kagem garwa. Ananging, wanito ingkang kasebat nginggil, manawi mripatipun mbalalak, malereh kewala elekipun, watekipun aring purikan utawi kirang antepan. Manawi jangga katingal manglung, sae wewatekanipun.
Wanita ingkang lencir, abrit angandhan-andhan remanipun, dhemes pasang pasuryanipun, saolahipun angresepi, sae wanita punika lencir dedegipun ules abrit. Wonten malih wanita rema akas tur panjang, manis pasang pasuryanipun, swante¬nipun sengak tur santak, sarta galak ulatipun, alit payudaranipun.
Punika kirang prayogi manawi kagem garwa sarta selir, awit boros tarabas, sanget anindhes dhateng kakung tur anyilepaken tingal, elon sarta mentalan; sedya¬nipun ingkang boten-boten, boteng kenging kangge pangauban, kawastanan sangkala cinandhi. Watekipun durga ngang¬sa-angsa. Menawi badhe saresmi jejampia gajihing menda jeler utawi setri, kapipisa dados satunggal, lajeng kamumuhaken jibir¬ baga, anyirika pisang ambon.
9. Wanita Dedeg Lencir Kulit Abrit
Wonten malih wanita lencir, kulitipun abrit, saranduning sarira kados ingkang kasebat nginggil, anamung tingalipun mbalalak, sariranipun kera, alus patraping wicara, lambungipun cela, lathi biru, larapanipun ciyut, punika raosipun miraos. Cacatipun antepe tipis. Manawi kirang panjagenira lajeng mantun anempuh byat.
Wanita ingkang lencir, cemeng pakulitanipun, pasuryan rema panjang, alit payudaranipun, sukunira celak, wanita punika sae, ageng tapanipun miwah bekti dhateng kakung. Ingkang makaten wau dipunwastani candra katawangan.
Wanodya ingkang kados kasbat nginggil, namung kaotipun ragi panjang, larapanipun wiyar, rena kaken ananging panjang, lathinipun semu biru, cekap solahipun ing semu, titis menawi pangandikan, sae wanodya punika kagem selir utawi garwa; kawastanan guntur madu. Nanging, segug dhateng kakung manawi kacuwan karsanipun, anamung kados punapa.
Wanita ageng sanget asihipun dhateng tetep dhateng kuwajiban, tatak tanggon, tadhah. Wanita ingkang ules pingul, lencir dedekipun, yen mengagge sarwi singset, boten wonten ingkang udhar, utawi manawi linggih jatmika, kenging ugi yen ginarwa. kawastanan madu wasesa. Ananging, yen ageng lam¬bungipun wewatekanipun ajeng ajar.
10. Wanita Dedeg Inggil
Wanodya ingkang inggil, sarira pideksa, pakulitan abrit, sumringah pasuryanipun, rema melas cemeng panjang, jangga ngolan-alan, tandang tandukipun sarwi prasaja, kaduk sareh samukawis pandamelan, punika estri pinunjul; saged amot agal utawi alus, saged nyimpen wewados, sabar ing budi.
Wanodya punika ingkang sinebat sesotya sinangling; ageng sihipun dhateng kakung, kuwawi amengku donya utawi mengku derajat luhur, saged dados pangauban, pantes manawi kaagema garwa.
Wanita ingkang ageng luhur, remanipun panjang mepegi, suku ageng ambembung mangandhap, suwantenipun sengak, saru tur punika kawastanan durga ngerik, ugi sampun atelakaken ing ngajeng. Wanita punika langkung muruk dhateng priya, saresmipun damel gawoking manah. Pantesipun punika kademela klangenan, sarta kedah dipuntaros sasedyanipun.
11. Wanita Dedeg Ageng Inggil
Wanita ingkang ageng inggil, jene pakulitanipun, remanipun pepeg kados eluring bremari, sarwi tipis kulitipun, mripat katingal ngriyip, pasuryan semu ijem, sarira sama¬da-mada, pawestri punika sae, ambangun turut dhateng kakung utawi asrepan manahipun. Manawi athi-athinipun panjang, punika mratandhani saresminipun damel mareming saged ulah ing asmara; punika kawastanan merak kesimpir.
Wonten wanita ingkang sakemper kasbat nginggil, anamung ngungkal gerang, pasuryanipun nyaluring, punika mratandha¬ni kirang jujur, samukawis pikajenganipun kathah nyebal ing kasusilanipun. Wonten malih candraning pawestri ageng inggil, cemeng, namung suku celak, payudara katingal weweg sembada, sae katurangganipun.
Punika kawastanan ana. Yen grananipun ageng ngandhaping pucuk, punika karem dhateng sanggama (saresmi), anamung bekti dhateng kakung. Wonten candraning wanita ingkang susila anor raga, sedheng dedeg adekipun, renyah pangandikanipun, rema memes amemak angembang bokung, netra njait liyep lindri, imba maleng¬kung naggal sapisan, punika pantes manawi kagem garwa. Wanita ingkang kados makaten punika kawastanan sendhang ageng sihipun sarta ageng rejekinipun; awen wanita punika sarta manahipun ayeman.
12. Wanita lenjang
Wonten malih wanita ingkang lenjang sariranipun, rema ngandhan-ngandan, payudara, weweg, pakulitanipun pingul, mlerah angusuma, anteng jatmika semu mrakati, anor ing raga, manawi ngandika kaupamekaken pait gendhis, sarta ugi yen mesem. Punika mratandhani wanita punjul, langkung sasamining estri.
Sasedyanipun arja, tebih dhateng pandamel awon, nyingkiri tindak kang ton susila, tindak tanduk mawi dugi-dugi, ageng pangapuntenipun, manawi wonten ingkang sisip, lan ambekipun. Punika katurangganipun dipunwastani gedhang kancana. Pawestri ingkang kados makaten punika deduka utawi panyendhu.
Wonten malih wanodya lenjang, sariranipun abrit, pasurya¬nipun lancip, rema sakedhik, jangga panjang, payudara alit, Watekipun saged pados sandhang tuwin tedha sarwi gampil. Kuciwanipun sithik ragi mbasiwit, tega tilar saresminipun pilih tandhing. Pantesipun punika namung kagem kalangenan, jalaran manawi nilar wewatekipun andhandhang mengsah manawi sampun nari¬punika candranipun wohing wuni ingkang mateng.
Menggah pikajenganipun, sinten tiyangipun ingkang sumerep wohing wuni ingkang mateng wonten ing wit, mesthi kumecer badhe nedha, kepengin raosipun.
Anawi sampun anggigit mesthi kaduwung. Punika kawastanan sri kandhuhan, gadhah watek ageng prihatosipun.
13. Wanita Lenjang Kresna
Wanita ingkang lenjang kresna yen sambada, sarira sarwa prasaja patraping, tanduk, sarta cikat samukawisi¬pun, mboten nglokro sarta singset panganggenipun; punika wanita utawi; tulus sadoyo pandamel; kawastanan bojo sinaraja, langkung sahor kathah dugi tuwin prayogi. Ageng sawabipun wanita punika, asrepan manahipun, ageng tekatipun, angrungkebi, damel sae, saged angladosi remen mengku jatukrama.
Wanita ingkang ageng musibatipun, dedeg lenjang, pasuryan nyatis semu gugut sakedhik, ndangak pasemonipun, remanipun calak celak, suku panjang, ngrunci sariranipun, bokong tepos, punika kawastanan durga nantang minta tand¬hing. Punika kedhaton setan, boten kenging dipuncelaki, watekipun manawi boten ngeruk inggih badhe ngrawus; tansah damel pitenah ngantos kenging kawastanan manawi boten pitenah cape badanipun. Punika namung kalanturing
14. Wanita Lenjang Pethak
Yen wanita lenjang pethak, meh sami kaliyan ingkang len¬ingkang sami katurangganipun, namung dedegipun, candra gedhong kancana, angsaripun sae. Wonten titiking wanita yen wanita ngliga slira, mangka tilem angalingkap sinjangipun, punika kirang pratandha sedheng.
Tindakipun dhateng kakung benter, wateking angsaripun manggih sesakit, lan andhaten¬aken cipta. Ingkang makaten punika prayogi dipunsa¬ratama manawi wanita wau kaleres sare, prayogi kinekepa , sarta kedah matek mantra rumiyin; sinarengan patraping asta, sarta mungel lukmanakim. Andhap, jene pakulitanipun, rema panjamg, kathahipun cekapan, muka bunder, payudara cekapan, ragi anteng, namung sugih wicara, suku celak, nanging sembada, dados sandhanganipun bentrok.
Punika pawestri utami, ageng begjaning wanita punika, pradhah ing samukawis, sugih sadgerek sarta tetepangan, saged nyimpen rajabrana, sarta saged dados pengauhaning sadherek. Punika kawastanan macan katawang, sae kautamanipun; kawastanan nulan ndadar nuju purnama. Watekipun sinuyutan tiyang kathah, ageng pangwasanipun, kathah sedyanipun ingkang kalaksanan, pantes manawi kagem garwa, tuwin amengku drajad.
Wonten kenyo ingkang sarira abrit, alit sariranipun, ananging dedegipun andhap, sumeh ing semunipun, payudara reweg, rema cemeng, namung kakan semunira. Punika wateke rahayu, kenging kapundhut garwa, angayemi, rendah dhiri dhateng kakung, namung wangkal tiyang punika. Katurangga¬nipun kawastanan puspa tajem, samukawis damel sarwi kebat sarta cukat, lan ugi ageng daulatanipun.
15. Wanita Sarira Jene
Pawestri ingkang jene, boten patos inggil, sariranipun lema, celak remanipun, jangga celak semu ndangak, imba nyengar, palarapanipun ciyut, ulat manis, punika boten prayogi manawi kagem garwa sarta klangenan, kathah nindh¬esipun dhateng kakung.
Candra wanita punika kawastanan wajakinikir, inggih milik utawi remen nyilipaken tindak ingkang medal dhedemitan, asor drajatipun. Tiyang pawestri punika tansah caluthak, nggedebus sugih wicanten sarta wasis akarya suka, tanpa tuwuk dhateng kakung. nika ugi kawastanan durga ngerik. Lamun dereng kalajeng, prayoginipun dipunsingkiri.
Wanodya ingkang mbalendhuk ageng pasariranipun, payuda¬ra ageng, dedegira kirang inggil, ragi abrit kulit, sarta kepu pasuryanipun, mblendhang tur ageng bokongipun, yen peksia inggih peksi pritgantil, kawastanan gentha keleng; awan wewatekanipun. Langkung awon malih manawi drijining asta sarta suku celak, utawi tingalipun sulak biru, teksih wonten panunggilanipun.
16. Wanita Sarira Ageng
Wanita ingkang sarira ageng, andhap dedegipun, awis pad¬hang wadananipun, ananging sarira alus, rema akas, pakuli¬:an abrit, rongeh tandanging kenya, cekapan wanita punika. Anamung, karem saresmi, sarta saresminipun sanget angrerantha manah.
Wonten malih wanodya ingkang cemeng, rema memak sarta ngandhan-andhan, semu sadhepah saliranipun, pakulitanipun kasap, anter serta tajem. Wanita punika prayogi. Wewatekanipun kawastanan gedhong minep, sanget angudi kadonyan.
Manawi jangga celak sarwi goreh pangandika, rongeh ing solahipun, kendha sarnu; samukawis damel, watekipun kirang, seneng lumuh ing samukawis, bebudenipun kirang pas, punika candranipun kawastanan tirta menep jroning driji. Watekipun ¬asrepan.
Kenya ingkang sedheng dedegipun, sariranipun semba¬da, jene pakulitanipun, rema panjang lemes tur cemeng, wilis semuning rema, ananging sugih wicara, manawi lumampah ¬lembehanipun merak kesimpir, cekapan prembayunipun, sae wanita punika. Watekipun ayeman, baut tur jujur karsa¬nipun, saged angecani rembag, sarta saged nyimpen wewados, pradhah ing bojakramanipun, kalangkung satiti, kawastanan gedhong kinunci, saged nyimpen raja brana, pantes manawi kagem garwa.
Wanodya ingkang cekapan dedegipun, sarira abrit, rema akas, payudara alit, renyah wicaranipun, pasemonipun mbranyak, punika kawastanan limar sari. Watekipun lumuh asor, karsanipun kedah anindhih, saya ginegaa, ragi cethil wanita punika. Manawi boten dados kajengipun lajeng gega kajengipun piyambak. Awonipun, tiyang ingkang kados makaten punika baten gedhah mitra sae, nanging ubet anggening pados tedha. Pramila, watekipun boten kirang sandhang tedhah. Ingkang punika kawastanan sendhang geng kaapit kali, cekap leladinipun.
17. Wanita Semu Pethak
Wanita ingkang semu pethak, cekapan dedegipun, rema akas cekapan kathahipun, mripat katingal cekap, lathi abrit semu tipis, cekapan prembayunipun, wanita punika utami, luwes samukawis damel. Bebudenipun blaba, kirang ginem, kaduk semu wingit. Sasolahipun angresepaken, pra¬tandha punjul ing sasami, pantes jinunjung drajatipun.
Ageng pasanipun, kathah pawestri lulut. Punika candranipun Pradangga munya ing langit. Wanita punika kawastanan sawur sari, awit saking asmanipun ngambar awit kawentar, utami ageng begjanipun, remen dhateng ngelmi. Yen saged amuriha pawestri ingkang kados punika.
Wanodya cekapan ulesipun cemeng, rema akas tur panjang, payudara weweg, ageng sukunipun, larapan ciyut, ndaler mripatipun, andheng-andheng kaprenah pucuking grana. wanita punika karem saresmi, boten tuwuk ing kakung, miyur antepanipun, seguk mutung tur remen purikan, nanging pradha dhateng bujakramanipun. Wanter wanita punika, karem nedha, ragi cluthak sakedhik, parigelipun kaduk kebat, namung kliwat, dhoso sarta songol pangandikanipun.
Wasta¬nipun durga nguwuh, boten prayogi manawi ginarwa, jalaran kathah silipipun dhateng kakung, boten kenging dipunpita¬dos, langkung wantun tumindakipun dhateng kakung, nyuda¬kaken drajating priya. Wanodya ingkang alit sariranipun, bunder pasuryanipun, mripat ambalalak, rema semu abrit pucuk ragi panjang, nanging ragi barintik, jangga manglung, payudara alit.
Candranipun lir lintang ndhadhari, ulate ndamar kanginan, sarira pamulu jene, punika sae yen ginarwa, watekipun gemi. Kuciwanipun asring remen purik, boten ajeng ujar, tengen talinganipun, winastanan umbul.
Manawi badhe anyarati ingkang supados boten ngupadoso lajeng kauculnya ing wanci bangun. Sangunipun kedah prasaja, suraosipun kados ing ngandhap punika. "Aja purik bojoku, purika lawaku iki", lajeng dipun getak supados mabur lawa wau lajengipun "Isya Allah bojoku mesthi ora purik, dadi kanthi neng donya. "
18. Wanita Ules Cemeng
Wanodya ingkang ules cemeng, rema cemeng, rai lancip, weweg, ageng payudaranipun, suku ageng kirang merit, king mripat majeng mundur, yen ngandikan mamanas manah, sanadyan gumujeng sakgegujeng-gujengipun mesthi damel prindinging kulit, sengak suwantenipun, tandangipun tregal-tregel, gedrag-gedrug solahipun.
Punika wanadya panyakit, boten kenging winulang sae, boros trabas tur angkara, ciri kumet sarta muthakel. Adhedhasar lancang, tajangipun munal-munal, karem nylenget, monyar-manyir, Kawastanan kala tinundhung, tampa marem dhateng kakung, sakgongon inggih mungruh.
Teksih tunggalipun pideksa ules jene, rai abrit, remanipun akas, pipi gempil, pasuryan lancip, sukunipun pan¬jang, payudara alit, cekapan wewatekanipun, ananging cangge sawatawis.
19. Wanita Ingkang Lathinipun biru
Manawi lathinipun biru, boten kenging pinitados, jelehan samukawisipun. Manawi lathinipun abrit, watekipun sae. Yen wonten wanita ingkang kados makaten punika kawastanan urup. Sae wanodya punika kagem garwa sarta klangenan, sanget angandheni manah, saged simpen rajabrana.
Yen mbanyak, semunipun ragi lancang tur micara. Anamung, manawi ruruh, katingal anteng merak ati, punika langkung prayogi. Dados, panitiking pawestri ingkang sae sarta ingkang awon pinika sampun katitik saking solah bawa, tandang lan micara, swanten, sarta manawi lumampah, utawi busananipun, ugi patraping lenggah, sarta pasemon ulating mripat punika sampun katawis.
Inggih punika dados tengera¬n watak tuwin wantuning wanita. Mangka solah bawani¬pun ruruh tur lurus respati, punika wewatekanipun alusing Manawi tandang tandukipun tregal-tregel tur mawi yal-yalan, punika mratandhani kirang lurus budenipun, caranipun alus, mratandhani alusing budi. Manawi swanten sugal, mratandhani budenipun kasar. Manawi swante¬n sengak tur sora, mrantandhani dursila ing budi.
20. Tandang Tandukipun Wanita
Manawi tandang tandukipun prasaja, wewatekanipun. Dene manawi patrap kirang prasaja, punika mesthi lamis micaranipun, kapari paosaken alime alim pulasan, njawi pethak nglebet jene. Manawi lurus lampahipun, punika mratandhani alus bebudenipun. Dene manawi lampahipun jalalatan, punika mratandhani ngalunyat budenipun. Manawi lampahipun canthas, amratandhani prawiro ing budi.
Ing ngriki kang nerangaken bilih pangageman wanita, kados ukel, sumekan, setagen, punika kirang sae, kathah jinanipun, tindak silip. Dene manawi ingkang kekah pangamanipun, boten kendho sarta udhar, punika mratandhani santosa manahipun. Dene manawi wonten pawestri ingkang lulut dhateng kumrincinging ringgit sarta gebyaring saloka, punika pawestri sigar selatar, ingkang kawastanan mangen kethip.
Wanodya manawi nuju linggih tansah rongeh, punika mratand¬ani mangsa tingal, kirang antepan budenipun. Manawi tajem anggenipun linggih, mratandhani antepan ing budi.
Menawi wonten wanita ulatipun semu galak, punika mratandhani lenyehan. Manawi ulatipun anteng anter tur pratitis, punika mesthi semu rikuan, ananging prasaja. Punika wanita utami, temen sasedyanipun.
Pramila tiyang kina manawi badhe madosaken jodho anakipun sayektosipun boten gampil. Kedah titi aluran ingkang terang. Aluran kangge tiyang kina wonten tembungipun, punika ugering wanita ingkang sinebut utami. Meng-ambeking wanita ingkang sinebut utami miturut serat¬ kina kapratelakaken kados ing ngandhap punika. Gemi, nastiti, ngati-ati. Liripun gemi, boten purun ngedalaken wragad ingkang kirang prelu.
Liripun nastiti, sumerep ing petang. Saged angrimati gunakayaning kakung saha tansah angkah-angkah sampun ngantos manggih kalepatan saking guru laki, rigen, tegen, mugen. Rigen, saged tata-tata murih prayogi. Tegen tegesipun jenak, tuwekel ing manah, mboten salewengan. Mugen tegesipun boten rongeh boten dindak dursila.
21. Ririh, Ruruh, Rereh
Ririh tegesipun sarwa ing sasolah bawanipun. Ruruh tegesipun jatmika, anteng pasemonipun. Rereh tegesipun sabar manahipun, gumati, mangreti, miran¬ti. Gumati tegesipun tumemen ing manah, ngopeni kuwajibanipun. Mangerti tegesipun saged anuju prana, tansah angen ing mangsa kaba. Miranti, kedah cumadhang ing kapti, anglirwakaken parentah.
Bisu, lumampah, wuta, tuli. Bisu tegesipun cegah pangandika ingkang kirang pralu. Lumampah tegesipun cegah kekesahan, sanja, neningali. Wuta tegesipun boten gadhah paningal sanes, kajawi namung dhateng kakungipun. Tuli tegesipun cegah memirengaken ingkang nanangi tindak kirang prayogi.
Upamenipun, panggasah, pangojok-ojok, lan sanesipun. Kados sampun nyekapi manawi priya saged mengku garwa ingkang kados makaten ambekipun wau. Kados kenging kawas¬tanan nugraha ageng.
Wondene ingkang pawestri nyulayani adat kaliyan pangeran nginggil punika, kenging kabasakaken kuciwa. Saya manawi kathah gothangipun, inggih saya ageng gothangipun.
Tumrap tiyang tengahan mangandhap kathah tiyang estri boten remen dhateng marasepuh, ipe, amargi tiyang tengahan punika yen srawungipun kulina tarkadhang malah tanggelanipun. Punika andadosaken pasulayan. Menggah estri ingkang makaten wau inggih kalebet cacad, awid boten ngenggemi gumatenipun.
Komentar
Posting Komentar