Pertapan Donoroso
Pertapan Donoroso
Rikala dinten Kemis Kliwon, 19 Maret 2026 Pakasa Pang Jepara seba ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Saperlu ngrembag Pertapan Donoroso. KP Bambang S Hadiningrat kersa mandhegani.
Rombongan katampi ing Bale Smarakata. GKR Wandansari lan KP Wirabhumi nyalirani watawis jam 12. Lenggah dipun dherekaken KP Bambang Sudarsono. Ugi BRAy Arum Kusumo Pradopo. Rembagan maneka warni. Wosing gati murih mencaring kagunan.
Rancangan tata cara kepyakan Pertapan Donoroso dinten Kemis, 30 April 2026. Juru kunci ingkang nganthi sampun siyaga ing gati, sawega ing diri.
Assallamuallaikum
Sugeng enjing Kanjeng Pangeran Wirabumi..
Atur pirso bilh benjing dinten Kamis, 19 Maret 2026 kulo kalian Pengurus Petilasan Pertapaan Ratu Kalinyamat Donoroso - Pengkol Jepara badhe marak sowan wonten Kraton Surakarta.
Nyuwun miterang lan nyuwun wedal ingkang lodang sakperlu badhe nyuwun Tetepan Pengurus Petilasan Pertapaan soho badhe nyuwun tapak Asmo GKR Wandansari kagem Prasasti wonten batu marmer.
Catetan :
Petilasan Pertapaan puniko lokasi di Jantung kota Jepara dgn Radius 300 an mtr kalian Pendopo Kabupaten Jpra dan 500 - an mtr dgn pusat kota di Jepara.
Pakasa Jepara telah hadir dan mengembalikan situs Belik Patirtan yg ada sekaligus besok di Hari Kamis 30 April 2026 Pakasa Jepara ingkang miwiti Kirab Manganan sekaligus Pemasangan Plang Papan Nama Cagar Budaya ingkang sampun pikantuk tetepan SK.
Serat kapacak ing nginggil dados paseksen. Bilih Pakasa Pang Jepara tansah angesthi gawa gawe. Ing pangajab sami gancar lancar. Palaporan kiprah Pakasa Pang Jepara kadamel jangkep genep genah.
Pertapan Donoroso mapan dhusun Pengkol Jepara. Dados sarana ngudi gesang ingkang langkung sae. Sembada kang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh.
19 Maret 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar