Babad Hesti Mulyani

 Babad Hesti Mulyani



1.

Dhandhanggula


Sukeng driya Bu Hesti Mulyani, 

Wusnya pinaringan panjang yuswa, 

Edi peni ngemban  cindhe, 

Sekar mlathi sumawur, 

Tata titi sumerbak wangi, 

Mitra Jurusan Jawa, 

Sami gupuh aruh, 

Kawibawan kawidadan, 

Karaharjan kasarira siyang ratri, 

Mahargya kanugrahan. 


2.

Mijil


Asung bakti tumapaking warsi, 

Nem lima linakon, 

Dene nuju hari Jumah Wage, 

Telulas Maret gya anyarengi, 

Ramadhan kang sasi, 

Rong ewu nem likur. 


3.

Asmarandana


Mbabar kawruh filologi, 

Dhudhah dhudhah serat kuna, 

Pindha sesotya rinonce, 

Ngumandhang sastra piwulang, 

Murih gesang wijang terang, 

Sangu sambang sambung srawung, 

Mulang muruk mahasiswa. 


4

Maskumambang


Pacak baris niti priksa tata tulis, 

Anut parama sastra, 

Skripsi trus katitik becik, 

Tatasing titis wicara. 


5.

Durma


Lamun lepat enggal enggal kaleresna, 

Bu Hesti kondhang tliti, 

Mawa paugeran, 

Adhedhasar kawignyan, 

Jangkep genep genah maringi, 

Kanggo pepadhang, 

Bebrayan tembe benjing. 


6.

Kinanthi


Sagung siswa mbangun turut, 

Ndherek Bu Hesti Mulyani, 

Tata tertib pamulangan, 

Tanpa telat angon wanci, 

Kuliah sarwa tumata, 

Gancar lancar gelis wasis. 


7.

Sinom


Wekdal enjang sampun prapta, 

Samapta sigra makarti, 

Tata tata ruang kerja, 

Yen sinawang katon apik, 

Jalaran rapi resik, 

Meja kursi urut patut, 

Buku pulpen tinata, 

Kinarya tepa palupi, 

Kaprebawan amituhu ajrih sungkan. 


8.

Megatruh


Sepuh wutuh kapribaden tanggap tangguh, 

Kagem Bu Hesti Mulyani, 

Bebusana agung anggun, 

Pangandikan milangeni, 

Wewarah mawi wewaton. 


9.

Pucung


Bangun esuk gathak gathuk dadi mathuk, 

Sinambi makarya, 

FBSB kedhung ngelmi, 

Karangmalang kampus UNY kaonang. 


10.

Gambuh


Luru sajuru juru, 

Para murid sampun ngasta guru, 

Sungkem bekti dhateng Bu Hesti Mulyani, 

Paring udhu sangu ilmu, 

Urip sumunar sumorot. 


11.

Pangkur


Pariwara paripurna, 

Gita gati wohing kridha pakarti, 

Pakaryan luhur misuwur, 

Madhangi jagad raya, 

Wuwuh tuduh wus tinempuh dwija ampuh, 

Pangastuti sinengkalan, 

Rasa netra puji kaki. 


Jumah Wage, 

13 Maret 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CANDRANING WANITA SAKING PAPRINCENING BADAN SAHA WATEKIPUN

Kidung Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh