Arisan Basa Jawa
Arisan Basa Jawa
1.
Dhandhanggula
Arisan dadi srana pinanggih,
Warga pendidikan basa Jawa,
Ngiras buka pasa sore,
Wondene saguh ngundhuh,
Kanjeng Ibu Hesti Mulyani,
Papane hotel megah,
Premier Atrium,
Penak jenak sigrak gumyak,
Seger gempi suguhane mbanyu mili,
Enak eca mirasa.
Sukeng driya Bu Hesti Mulyani,
Wusnya pinaringan panjang yuswa,
Edi peni ngemban cindhe,
Sekar mlathi sumawur,
Tata titi sumerbak wangi,
Mitra Jurusan Jawa,
Sami gupuh aruh,
Kawibawan kawidadan,
Karaharjan kasarira siyang ratri,
Pahargyan sih mirunggan.
2.
Mijil
Manembrama tumapaking warsi,
Nem lima linakon,
Dene nuju hari Jumah Wage,
Telulas Maret gya anyarengi,
Ramadhan kang sasi,
Rong ewu nem likur.
3.
Asmarandana
Mbabar kawruh filologi,
Dhudhah dhudhah serat kuna,
Pindha sesotya rinonce,
Ngumandhang sastra piwulang,
Murih gesang wijang terang,
Sangu sambang sambung srawung,
Mulang muruk mahasiswa.
4
Maskumambang
Pacak baris niti priksa tata tulis,
Anut parama sastra,
Skripsi trus katitik becik,
Tatasing titis wicara.
5.
Durma
Lamun lepat enggal enggal kaleresna,
Bu Hesti kondhang tliti,
Mawa paugeran,
Adhedhasar kawignyan,
Jangkep genep genah maringi,
Kanggo pepadhang,
Bebrayan tembe benjing.
6.
Kinanthi
Sagung siswa mbangun turut,
Ndherek Bu Hesti Mulyani,
Tata tertib pamulangan,
Tanpa telat angon wanci,
Kuliah sarwa tumata,
Gancar lancar gelis wasis.
7.
Sinom
Wekdal enjang sampun prapta,
Samapta sigra makarti,
Tata tata ruang kerja,
Yen sinawang katon apik,
Jalaran rapi resik,
Meja kursi urut patut,
Buku pulpen tinata,
Kinarya tepa palupi,
Kaprebawan amituhu ajrih sungkan.
8.
Megatruh
Sepuh wutuh kapribaden tanggap tangguh,
Kagem Bu Hesti Mulyani,
Bebusana agung anggun,
Pangandikan milangeni,
Wewarah mawi wewaton.
9.
Pucung
Bangun esuk gathak gathuk dadi mathuk,
Sinambi makarya,
FBSB kedhung ngelmi,
Karangmalang kampus UNY kaonang.
10.
Gambuh
Luru sajuru juru,
Para murid sampun ngasta guru,
Sungkem bekti dhateng Bu Hesti Mulyani,
Paring udhu sangu ilmu,
Urip sumunar sumorot.
11.
Pangkur
Pariwara paripurna,
Amarsudi wohing kridha pakarti,
Pakaryan
Bu Hesti luhur misuwur,
Madhangi jagad raya,
Wuwuh tuduh wus tinempuh dwija ampuh,
Pangastuti sinengkalan,
Rasa netra puji kaki.
Paheman mangka paheman,
Ing sengkalan manis jodho tawang dwi,
Bapak ibu anak putu,
Kersa kempal manunggal,
Sami tepung seduluran raket dunung,
Kokoh kukuh kulawarga,
Departemen basa Jawi.
Jumah Wage,
13 Maret 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar