BABAD BANYUMAS AJIBARANG
BABAD BANYUMAS AJIBARANG 1. Pangkur Pancurendhang Ajibarang, Sumber emas sumurat mbanyu mili, Mataram ber bandha bandhu, Purwokerto Banyumas, Wus tinemu tanah perdikaning ratu, Sumimpen sana hartaka, Pamarsudi brana picis. Sentana abdi pangarsa, Pajimatan Mangkurat Tegalwangi, Narendra gung ing Mentarum, Pakuncen Adiwerna, Wus misuwur pepundhen para leluhur, Kanjeng Ratu Sri Kencana, Darah nata tanah Jawi. Bumiayu Brebes endah, Gagah megah katonton merak ati, Warisan para leluhur, Bawah Kraton Mataram, Adi luhung tuwuh kagunan ngrembuyung, Kawula tata raharja. Wisma wastra waras wasis. Sinar damar mencar gilar, Bumiayu ngupakara ngaurip, Tlatah Brebes dunung tepung, Gunung Slamet sarana, Amanekung semedi ing Sumeragung, Kaliguwa Paguyangan, Candi Kramat Pancurawis. Kaloka Brebes minulya, Pra bregada alelayar bahari,...