Babad Kamukten

 Babad Kamukten



1.

Dhandhanggula


Purna gati Prof Muhammad Mukti, 

Gegayuhan luhur pawiyatan, 

Kridhatama cawe cawe, 

Luru ngelmu sinau, 

Ahli seni lulusan ISI, 

Tamat master sarjana, 

Tanggap tanggon tangguh, 

Perguruan Gadjah Mada, 

Tatas titis program doktor gelis wasis, 

Kinarya pengabdian. 


2.

Gambuh


Prof Mukti sinengkuyung, 

Wus kaloka dhalang wayang sambung, 

Gya lumaris linambaran akademis, 

Wejangan kawruh pituduh, 

Amal agama sumorot. 


3.

Pangkur


Saking bumi Karanganyar, 

Yogyakarta Surakarta angesthi, 

Bareng garwa putra mantu, 

Prof Mukti lumaksana, 

Udhu bahu suku sinartan panemu, 

Ing UNY Karangmalang, 

FBSB seni tari. 


4.

Pucung


Kaya kedhung pagelaran wayang sambung, 

Mengku pralampita, 

Dalange Muhammad Mukti, 

Subur sabar warah piwulang kawedhar. 


5.

Kinanthi


Jumangkah cipta gumulung, 

Njejak keprak Pak Prof Mukti, 

Kapirungu sigrak  gumyak, 

Dhodhogane merak ati, 

Meriah solahe kiprah, 

Surup urup wayang urip. 


6.

Maskumambang


Regeng seneng padhepokan Kalimati, 

Olah cipta budi karsa, 

Wulang wuruk milang miling, 

Prof Mukti medhar filsafat. 


7.

Asmarandana


Sangkan paraning dumadi,

Prof Mukti mejang makrifat, 

Hakikat kang jero gedhe, 

Iman ngelingi syariat, 

Sumambung ikhsan tarikat, 

Dhedhasar falsafah hukum, 

Tumuju ing kasampurnan. 


8.

Megatruh


Nama harum sumerbak papan sadarum,

Pak Profesor Doktor Mukti, 

Wisuda ing bale agung, 

Kadang dosen anekseni, 

Pinandhegan dening Rektor. 


9.

Mijil


Kapitayan landhesan agami, 

Manjing lahir batos, 

Sakehing pakaryan gawa gawe, 

Prof Mukti gumregah nyembadani, 

Mrih bisa ngrampungi, 

Gumreget gumregut. 


10.

Sinom


Anenuntun mahasiswa,

Dhateng kampus saben hari, 

Kuliah tugas ujian, 

Pengajaran panaliti, 

Pengabdian wis mesthi,

Madhep mantep menep kalbu,

Ikhlas lila legawa, 

Sumagah sabarang kardi, 

Trus ngibadah Prof Mukti pasrah sumarah.


11.

Durma


Dosen tendik Dekan Rektor gya manunggal, 

Paring tepa palupi, 

Wignyan kautaman, 

Iman ilmu lan amal, 

Wus marsudi Pak Prof Mukti, 

Riyin lan benjang, 

Ketitik sampun becik. 



Rebo Kliwon, 24 Desember 2025.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri