TAHUN BARU

 TAHUN BARU



nyekar dhandhanggula


Rasa paksi angkasa kaeksi, 

Sinengkalan gumantine warsa, 

Tahun rong ewu selawe, 

Ing rong ewu nem likur,

Purna gati lakon kawuri, 

Mahargya jagad anyar,

Jumangkah tinuju, 

Wawasan sarta gagasan, 

Den persudi murih gancaring pakarti, 

Nuli awoh kamulyan.


Gelis manis sabarang perkawis, 

Ngarah arah lumampah sumarah,

Lajer laju saya suwe, 

Umur mundur kesingkur, 

Tandang kardi dhasar utami, 

Sembada kang kajangka, 

Jumbuh kang ginayuh, 

Kepranan daya dinayan,

Laras laris tatag tutug tatas titis, 

Manggih suka raharja. 


Gya katitik mrih bisane becik, 

Pengalaman kanggo pamulangan, 

Pikir gedhe regeng rame, 

Tetep tampa tinempuh, 

Karep karti kerep makarti, 

Kawibawan kawignyan, 

Sesorah sesuluh, 

Anut laksitaning alam, 

Asung asri asring basuki lestari, 

Tumanggal wanci enggal. 



Kemis, Pon 1Januari 2025

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri