SYEKH SITI JENAR MBABAR KAWRUH P Dhandhanggula 1. Surenggama sami nabda aris, Heh Siti Bang sun ringkes kewala, Keh padudon tanpa gawe, Mung roro wasitengsun, Lah rasakna salah sawiji, Urip lawan palastra, Ywa angro karepmu, Tanggap Kanjeng Siti Jenar, Pindho kardi datan arsa pinrih mati, Ngekehna duka cipta. 2. Kula pilih urip datan mati, Dadi langgeng nora iki ika, Nanging karsaningsun dhewe, Tan usah wali ratu, Kang ngulihken mring alam urip, Kaya dudu uliya, Ndadak njaluk tulung, Marang sesamining jalma, Siti Jenar datan suwe mamrih urip, Lah mara waspadakna. 3. Kula mulih pribadining urip, Surenggama sumambung wacana, Jenar paran pratingkahe, Denyarsa murweng hidhup, Caritakna patrape kaki, Mesem Syekh Siti Jenar, Apa datan weruh, Layak kerasan neng dunya, Siti Jenar datan kewran alam jati, Geladhen saben dina....