SYEKH SITI JENAR MBABAR KAWRUH
SYEKH SITI JENAR MBABAR KAWRUH
P
Dhandhanggula
1.
Surenggama sami nabda aris,
Heh Siti Bang sun ringkes kewala,
Keh padudon tanpa gawe,
Mung roro wasitengsun,
Lah rasakna salah sawiji,
Urip lawan palastra,
Ywa angro karepmu,
Tanggap Kanjeng Siti Jenar,
Pindho kardi datan arsa pinrih mati,
Ngekehna duka cipta.
2.
Kula pilih urip datan mati,
Dadi langgeng nora iki ika,
Nanging karsaningsun dhewe,
Tan usah wali ratu,
Kang ngulihken mring alam urip,
Kaya dudu uliya,
Ndadak njaluk tulung,
Marang sesamining jalma,
Siti Jenar datan suwe mamrih urip,
Lah mara waspadakna.
3.
Kula mulih pribadining urip,
Surenggama sumambung wacana,
Jenar paran pratingkahe,
Denyarsa murweng hidhup,
Caritakna patrape kaki,
Mesem Syekh Siti Jenar,
Apa datan weruh,
Layak kerasan neng dunya,
Siti Jenar datan kewran alam jati,
Geladhen saben dina.
4.
Piyarsakna kabeh surenggami,
Mawartani traping murweng gesang,
Saking maul khayat wite,
Winastan kamandanu,
Tirta marta banyune urip,
Jejere mung sajuga,
Gya pinara telu,
Tetiga pinara sanga,
Nanging dhingin kudu wruh purbaning urip,
Dwi wruh kodrating gesang.
5.
Dyan amiwit nutup banyu urip,
Kang tri warna bareng pinepetan,
Pandulu lan pamiyarsane,
Katelune pangambu,
Mula iku purbaning budi,
Budaya panca driya,
Wus kerut karacut,
Kukut ing telenging nala,
Golong gilig gumeleng dadi sawiji,
Jumeneng Sukma Mulya.
6.
Patitise rasakna pribadi,
Lamun sira kabeh nora tampa,
Titah mentah tanpa gawe,
Lamun datan sumurup,
Kawasane kang banyu urip,
Yeku jantunge angga,
Marmanta ragamu,
Adarbe rasa pangrasa,
Tambah maning daging mentah datan bacin,
Saking amaul khayat.
7.
Angawruhi sakeh kapti jati,
Mepet ponang kang tirta nirmala,
Andadak mangsa arane,
Gampang angel puniku,
Gampangira lamun wus uning,
Patrap traping pangangkah,
Ngracut sarta ngukut,
Kumpuling kang sangkan paran,
Amastani lakuning tanajul tarki,
Kenaning kene kana.
Purwadi,
Ahad Wage, 23 Nopember 2025

Komentar
Posting Komentar