Pasareyan Laweyan Kraton Mataram

 Pasareyan Laweyan Kraton Mataram




Purwadi

Ketua Lokantara

Hp 0878 6440 4347


A. Leluhur Bumi Mataram.


Rikala dinten Ahad Kliwon, tanggal 2 Pebruari 2025 Kraton Surakarta Hadiningrat ngadani tata nyadran. Mapan ing Pasareyan Laweyan Mataram. Pinandhegan dening pangageng Sasana Wilapa, GKR Dra Wandhansari Koes Moertiyah M.Pd. ingkang sami ndherek para sentana dalah abdi dalem. Kapurwakan wilujengan ing Masjid Agung Ki Ageng Anis. 


Laweyan saestu papan dununging leluhur Mataram. Pepundhen para nata ing Tanah Jawi ngenam tata rakiting gesang.


Para nata ing tanah Jawa tansah memetri lampahing leluhur ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat. Kanthi nindakaken upacara miturut satataning paugeran. Tata cara kala wau winaris nak tumanak run tumurun. Mapan ing wilayah Laweyan.


Umbul Pengging lan umbul Cakra mili tumuju kali Larangan. Banyu bening mrembes ing bumi Laweyan. Murih gancar sempuluring gesang bebrayan.


Pepundhen Laweyan kathah ingkang kasusra. Ki Ageng Henis miyos rikala jaman Demak tahun 1493. Peputra Ki Ageng Pemahanan. Lajeng nurunaken Kanjeng Panembahan Senapati, narendra Mataram tahun 1582 – 1601. Dene ingkang rama Ki Ageng Henis asma Ki Ageng Sela, putranipun Ki Ageng Getas Pendawa. Silsilah ing nginggil Ki Ageng Getas Pendawa putranipun Raden Bondan Kejawan patutan kaliyan Dewi Nawangsih.


Saking alur Nawangsih, putri Ki Ageng Tarub. Dene alur saking Raden Bondan Kejawan tedhak turun Prabu Brawijaya V, narendra ing karaton Majapahit pungkasan jumeneng nata Majapahit tahun 1478. Ki Ageng Henis sayektos trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih.


Miturut layang sejarah Ki Ageng Henis seda tahun 1563, jaman Kasultanan Pajang. Tumuli kapetak ing pajimatan Laweyan. Ki Ageng Pamanahan putra Ki Ageng Henis mapan ing tlatah Manahan. Ing tembe dadi pangarsa kang pinercaya dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir. Ki Ageng Pamanahan ginanjar Alas Mentaok. Ki Ageng Penjawi ginanjar bumi Pati.


Putra Pamanahan asma Ngabehi Loring Pasar utawa Danang Sutawijaya. Ing tembe jumeneng nata ing Negeri Mataram, kanthi jejuluk Panembahan Senapati. Garwa prameswari asma Ratu Waskitha Jawi, putri Adipati Pati, Ki Ageng Panjawi. Miyos putra kakung lumintir keprabon jejuluk Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati. Jumeneng nata ing Mataram tahun 1601 – 1613.


Salajengipun Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati anggarwa Ratu Banuwati, putri Pangeran Benawa Pajang. Kapernah wayah Sultan Hadiwijaya. Palakrama menika nuli miyos Raden Mas Jatmika. Ing tembe jumeneng nata ing Mataram tahun 1613 – 1645, kanthi jejuluk Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Keprabon Mataram dibacutake denin Sinuwun Amangkurat Agung 1645 – 1677, Sinuwun Amangkurat Amral 1677 – 1705, Sinuwun Amangkurat Mas 1703 -1708, Sinuwun Paku Buwana I 1708 – 1719, Sinuwun Paku Buwana II 1719 – 1726, Sinuwun Paku Buwana III 1726 – 1749.


Wewangunan ing Pajimatan Ki Ageng Henis dipun yasa dening Sinuwun Amangkurat Amral wiwit tahun 1677. Nalika semanten kutha negari Mataram pindhah saking Plered dumugi Kartasura. Pangangkah mendhem jero mikul dhuwur, ngalap berkah para leluhur.


Pindhahan kraton Kartasura dhateng Surakarta tanggal 17 Sura 1745. Sinuwun Paku Buwana II nyuwun idi palilah dhumateng Ki Ageng Henis, murih manggihi suka basuki. Pindhahan negari dipun pandhegani dening Tumenggung Hanggawangsa. Wilujengan ing pasareyan Ki Ageng Henis Laweyan kanthi titi premati.


Saben wulan Ruwah para darah nata turun Mataram sami sowan. Tata cara nyadran ing Pajimatan Ki Ageng Henis lumampah kadherekaken dening abdi dalem sentana tuwin pengageng karaton. Mugi rahayu kang sami pinanggih. Laweyan pramila papan dununging pepundhen nuswa Jawi.


B. Pranatan Pasareyan Dalem


Tata cara ing Pasareyan Laweyan dalem Kyai Ageng Henis nami misuwur.

Paugeran sampun netepaken bilih makam Ki Ageng Henis minangka cagar budaya. Pratelan punika adhedhasar keputusan Walikotamadya Kepala Daerah Tingkat II Surakarta nomor 646/116/1997. Wondene cagar budaya No. 01 63/F/Lw/2012 Makam Ki Ageng Henis.


Katrangan salajengipun bilih : cagar budaya ini dilindungi oleh Undang-undang Republik Indonesia No. 11 tahun 2010 tentang cagar budaya. Surakarta, Nopember 2012. Terang trewaca bilih pasareyan pikantuk kawigatosan saking pemerintah. Landhasan hukum wigatos sanget murih lestarining tata cara ingkang sampun lumampah.


Pranatan sowan pasareyan/pajimatan kagungan dalem karaton Surakarta Hadiningrat. Dhawuh dhumateng abdi dalem juru kunci pajimatan.


1. Kori mlebet pajimatan kedah dipun kunci.

2. Para peziarah kedah lapur juru kunci.

3. Peziarah kedah lepas srandal, sepatu, sarung.

4. Peziarah kedah saged njagi ketertiban, kesopanan, kebersihan, ngisi buku tamu.

5. Ngisi kotak amal sakeparengipun/sukarela, juru kunci.


Katiti mangsan 1 Desember 2004, pengageng Yogiswara, GPH Chayaningrat.

Beteng tembok kandel ngubengi pasareyan. Ngajengipun lepen bening. Sisih ler masjid. Palereman juru kunci rinengga sesekaran. Joglo limasan kanan kering, papan kagem ngaso peziarah. Gapura kembar ketingal kukuh bakuh njenggreng mrebawani.


Trah para nata ingkang kaprenah wayah kagungan wewenang sumare ing pasareyan Ki Ageng Henis. Rikala tanggal 26 September 2020 utawi 8 Sapar 1954 Jimakir wonten ingkang nandhang dhuhkita. KPH Sardiatmo Brotoadiningrat marak sumiwi ing Ngarsanipun Allah SWT. Panjenenganipun wayah dalem Sinuwun Paku Buwana X. Ingkang ibu asma GKR Brotodiningrat, putri dalem ingkang kagungan keprigelan nyerat Rante Mas Sejarah Karaton Mataram.


Wiwit jam 12.30 para peziarah andalidir dhateng pasareyan. Sami dandos busana kejawen jangkep, tanpa wangkingan. Tata cara ingkang tinamtu, sowan ing pasareyan boten pareng ngagem dhuwung. Putri ngagem nyamping, sanggulan, kebaya cemeng. Saperangan ngronce sekar melathi, nengga rawuhing ponang layon. Lenggah lesehan kaliyan kipas-kipas. Amargi hawa sawetawis sumuk panas sumeles.


Pratelan saking Bendara Raden Ayu Retno Handayani, ingkang sumare ing pajimatan kaprenah wayah dalem ingkang Sinuwun. Wayah buyut mapan ing sasana Ngendhen. Mekaten sapiturutipun. Pasareyan Ngendhen kagem tedhak turun buyut. Saking karaton Surakarta watawis 5 km arah ngilen. Abdi dalem juru kunci ugi dipun paringi papan piyambak, menawi sampun dugi wancinipun surud. Mapan cerak kaliyan pasareyan Ngendhen.


Mungguhing penghayat kejawen pasareyan Laweyan nami wingit. Saben dalu wonten priyayi tuguran. Lek-lekan minangka sarana tirakatan. Pamikiripun pikantuk sawab kawibawan. Tedhak turuning nata tartamtu kagungan daya linuwih. Wungon ngantos wanci parak esuk. Para-para ingkang kagungan hajat sami ndhedheku ing pasareyan Ki Ageng Henis Laweyan megeng cipta murih kasinungan drajat pangkat semat. Ilmu iku kelakone kanthi laku.


C. Pepundhen Tiyang Jawi.


Mersudi kawicaksanan kalebet gagasan utama wonten ombaking sejarah Majapahit Demak Pajang Mataram. Sesepuh Kraton Jawa bersemayam ing tlatah Laweyan.


Dinten Rebo Kliwon, 19 Sapar utawi 6 Oktober 2021. Karaton Surakarta Hadiningrat nandhang dhuhkita. Raden Ayu Sudjirah Kenyo Haknyono surut ing kasedan jati. Abdi dalem dalah sentana sami asung bela raos.


Garwa KGPH Puger punika yuswa 63 tahun. Sumare ing Pasareyan dalem Kyai Ageng Henis Laweyan. Putra wayah ingkang tinilar caos pakurmatan pungkasan.


Wondene putra putri ingkang nawung dhuhkita.

KRMH Suryo Kusumo Wibowo, RAy Sri Rahayu Kusumo Wibowo, KRMH Suryo Adimijoyo, RAy Erna Tri Astuti Adimijoyo, BRM Suryo Triono, RAy Margaretha Suci Andriani Triono.


Nandhang prihatin ugi kasalira dening para wayah.

RM Bagus Mahendra Suryo Wibowo, RM Arsya Nendra Gumilang Suryo Wibowo, RAj Kus Ayu Darmastuti Ramadhani, RAj Kus Kirana Kusumastuti, RAj Kus Iswari Kusuma Lalita Rukmi.


Saklebeting batos sami suka puji pangastuti. RAy Sudjirah Kenyo Haknyono mapan ing suwarga loka. Putra wayah badhe nglajengaken dhawuhipun ingkang sampun kondur ing tepet suci.


Layon pikantuk pakurmatan lenggah ing Sasana mulya Kraton Surakarta Hadiningrat. Upacara kawiwitan jam 13. Tumuju kalarap ing Astana Pasareyan dalem Kyai Ageng Henis. Abdi dalem lan sentana sami ndherek upacara. Kakung putri ngagem busana Jawi jangkep.


Tiyang Jawi mersudi kawicaksanan lumantar wulangan wejangan wedharan. Jroning urip ana urup, jroning urup ana urip kang sajati. Rasa jati, Sari rasa jati, sarira sajati. Rasa tunggal, Sari rasa tunggal, sarira satunggal.


Menggah tiyang gesang ing alam padhang. Wajib mersudi kawibawan kawidadan kabagyan sarta kamulyan. Kados dene guna kaya purun, wirya arta winasis, derajat pangkat semat.


Babad Laweyan minangka pandam pandom panduming agesang. Tlatah Laweyan wigatos sanget ing sejarah Mataram. Laweyan dados piranti woting tlatah Kartasura dan Surakarta.


Abdi dalem saking Purwodadi, RT Haris Dwijo Rinenggo setya tuhu ndherek tata cara. Sinartan siswa pasinaon busana KMT Wulan Renggo Manis ingkang tansah mersudi kagunan adi luhung. Ing pangajab sami basuki lestari.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto

Babad Pangeran Benawa