SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

 SUGENG RIYADI IDUL FITRI. 


Purwadi, Sari Indah Setiani, Adityo Jatmiko, Aryo Bimo Setiyanto, Anindito Wisnu Prasetyo. 


1.

Dhandhanggula Idul Fitri. 


Sugeng hari raya Idul Fitri, 

Wonten ngarsanipun Panjenengan, 

Konjuk sesepuh pepundhen, 

Kangmas adhik lan mbakyu, 

Purwadi Sari nyuwun idi, 

Adityo Bimo pasrah, 

Anindito matur, 

Ulat patrap lan pangucap, 

Kirang utami luberna welas asih, 

Dhateng kula sakbrayat. 


Pareng nyuwun gunging pangaksami, 

Awit saking kehing kalepatan, 

Ingkang alit saha gedhe, 

Jroning sambung lan srawung, 

Muna muni kirang prayogi, 

Anungkak tata krama, 

Tilar unggah ungguh, 

Sopan santun suba sita, 

Pasrah dhiri mumpung hari Idul Fitri, 

Kula trimah nglenggana. 


Idul Fitri purna wulan suci, 

Takbir tahlil tahmid gya ngumandhang, 

Wiwit surupe srengenge,

Siyang dalu amunjuk, 

Suka sukur marang ilahi, 

Sholat Id wanci enjang, 

Jamaah sing khusuk, 

Lebaran muncar sumunar, 

Jawat asta sarana silahturahmi, 

Apura ingapura


Manggih hari raya Idul Fitri, 

Wusnya nglampahi pasa Ramadhan, 

Kana kene sajak rame, 

Sumadya dhahar ngunjuk, 

Suguhane jan mbanyu mili, 

Jadah jenang rengginang, 

Lonthong kupat tahu, 

Wajik klethik madu mangsa, 

Wedang jahe unjukan teh secang kopi, 

Srana mbangun memitran.


Pahargyan Idul Fitri kawuri, 

Katindakna nata tanah Jawa, 

Prabu Hadi Kotagedhe, 

Paring tumpeng winangun, 

Gunung ageng pan Mandragiri, 

Pareden dipun arak, 

Liwat alun alun, 

Ginarebeg pra kawula, 

Surenggami luwih dhisik andongani, 

Rena hayu widada. 


2.

Kinanthi Idul Fitri. 


Takbiran rinengga bedhug, 

Wanci malem Idul Fitri, 

Ngagungke asma Pangeran, 

Maha murah wus peparing, 

Kanugrahan berkat drajat, 

Rahmat hidayat sejati. 


Sowan mring para sesepuh, 

Caos sungkem pangabekti, 

Dimen pikantuk barokah, 

Donga puji pangastuti,

Dhihin wus aweh wulangan, 

Wejangan wedharan urip. 


Amangkurat Mas rumuhun, 

Mahargya lebaran Fitri, 

Binantu kawula Rembang, 

Kawula Daha Kediri, 

Saudagar Surabaya, 

Trahing Pekik Wandhansari. 


3.

Pangkur Idul Fitri. 


Gembira hari lebaran, 

Idul Fitri padha silaturahmi, 

Sanak kadang padha kumpul, 

Bujana andrawina, 

Tukar kawruh nyambi kulakan pituduh, 

Liru pernah pengalaman, 

Urip bisa luwih becik. 


Kepyek sakjroning jagongan, 

Karem ngrembug babagan warta warti, 

Kapiyarsa kang kadulu, 

Mrih jumbuhing panjangkah, 

Gathak gathuk mbudidaya sarwa mathuk, 

Kang kajangka kasembadan, 

Perbawa riyaya Fitri.


Kanjeng Ratu Mas Balitar, 

Garwa Paku Buwana Kartawani,

Putri bupati Madiun, 

Lebaran maos kitab, 

Serat Yusup pra mudha kinen sumurup, 

Wedharan serat Ambiya, 

Pangawikan Idul Fitri. 


4.

Asmarandana Idul Fitri. 


Rasa tresna welas asih,

Tuwuh ing wanci lebaran, 

Bakale ginanjar gedhe, 

Kedah mbayar zakat fitrah, 

Marang warga kacingkrangan, 

Amrih melu mesem ngguyu, 

Bareng suka parisuka. 


Jamak lumrah Idul Fitri, 

Ngloberake dana driyah, 

Sandhang busana pangangge, 

Gumebyar klambine anyar, 

Fakir miskin krasa mulya, 

Melu seneng dhahar ngunjuk, 

Dayane dina lebaran.


Jeng Ratu Mas Tasikwulan, 

Mahargya hari lebaran, 

Lenggah ing madyane bale, 

Paku Buwana kaping sad, 

Kang ndherek trah Singaprana, 

Rumeksa putrane ratu,

Gusti Raden Mas Duksina. 


5.

Gambuh Idul Fitri. 


Lebaran hari luhur, 

Salah lali luput bakal lebur, 

Lawang tobat  menga wanci Idul Fitri, 

Kanca rowang pra sedulur, 

Angapura lahir batos. 


Idul Fitri kang agung, 

Dadi ajang sambang sambung srawung,

Gumyak sigrak nyawiji silaturahmi, 

Adoh cedhak kersa rawuh, 

Pasuryan terang sumorot.


Ngungak jaman rumuhun, 

Demak Pajang Mataram kadulu, 

Idul Fitri wulang wuruk para wali, 

Sejarah lebaran perlu, 

Prayogane njur diwaos. 


6.

Sinom Idul Fitri.


Idul Fitri tanah Jawa, 

Nalikane para Wali, 

Guru suci Kraton Demak, 

Sultan Amirul Mukminin, 

Adang apem rumiyin, 

Papanipun Masjid Agung, 

Kinarya wilujengan, 

Bedhug ditabuh tumuli, 

Takbir tahlil ngumandhang ing awang awang. 


Raden Patah Alam Akbar, 

Gantya Yunus Adipati, 

Sultan Trenggana ping tiga, 

Mengeti riyaya Fitri, 

Arane bada kecil, 

Mapan tengah alun alun, 

Paring lonthong ketupat, 

Bebarengan bocah cilik, 

Ngalap berkah dimen uripe sumarah.


7.

Mijil Idul Fitri. 


Pajang mahargya riyaya Fitri, 

Mapan ing Pengging lor, 

Bebusanan biru ijo jene, 

Pinandhegan Sultan Jaka Tingkir, 

Wetane Merapi, 

Kembul aneng Umbul. 


Jadah jenang kupat lonthong wajik, 

Gathot thiwul grontol, 

Sentana nayaka dhahar rame, 

Abdi gandarasan purwa kanthi, 

Ratu Pajang ngesti, piwulang rahayu.


8.

Durma Idul Fitri. 


Amangkurat Agung narendra Mataram, 

Mahargya Idul Fitri, 

Plered dhatulaya, 

Ajibarang Banyumas, 

Munya tambur gong bendhe beri, 

Ramya lebaran, 

Nunggil kawula gusti. 


Kanjeng Ratu Kencana anyawur arta, 

Rikala bada kecil, 

Bareng gangsa munya, 

Lengger tumuli mbeksa, 

Suguhan kupat jadah wajik, 

Tempe mendhoan, 

Sigrak lebaran Fitri. 


9.

Maskumambang Idul Fitri. 


Amangkurat Amral narendra Mentawis, 

Lebaran ing Kartasura, 

Dhahar kupat sega gurih, 

Kembul ing kali Larangan. 


Sega liwet pasugatan Idul Fitri, 

Kupat lepet cabuk rambak, 

Soto timlo bothok teri, 

Wilujeng wong saknegara.


10.

Pucung Idul Fitri. 


Urup urup kembang api sigra murup, 

Gumebyar Mataram, 

Angrenggani Idul Fitri, 

Mercon munya karya suka jagat raya. 


Dhahar ngunjuk pra kawula pancen mathuk, 

Mahargya lebaran, 

Sunan Amangkurat Jawi, 

Putra wayah marsudi   barang sing berkah. 


Alun alun ganda dupa kang kumelun, 

Miwiti lebaran, 

Pitung dina pitung wengi, 

Keh kagunan kanggo lipure bebrayan. 


Dha lumaku papane sajuru juru, 

Saking kutha desa, 

Kartasura ing Mentawis, 

Hari raya Idul Fitri sung gembira. 


Saking kidul Wonogiri Klaten kumpul, 

Sragen Karanganyar, 

Sukoharjo Boyolali, 

Ing brang wetan kulon pesisir kepranan. 


11.

Megatruh Idul Fitri. 


Hari raya Idul Fitri Jeng Sinuwun, 

Paku Buwana kaping tri,

Rinengga lan seni luhung, 

Takbir tahlil tasbeh tahmid, 

Bareng santiswaran jedhor. 


Nuli dhahar wajik jenang ketan biru, 

Tumuju taman wedari, 

Maos babad para Ratu, 

Kang mituhu Kanjeng Nabi, 

Tambah mubyar ingkang pamor.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.