BABAD SRAGEN SUKAWATI BABAD BUTUH
BABAD SRAGEN SUKAWATIBABAD BUTUH
Purwadi,
Ketua Lokantara,
HP 087864404347
1.
Dhandhanggula
Puruhita Raden Jaka Tingkir,
Putra Ki Ageng Kebo Kenanga,
Wiwit timur nganti gedhe,
Ndherek Ki Ageng Butuh,
Brahmana tedhak Majapahit,
Sakti tur mandraguna,
Kebak sipat ngelmu,
Wibawa lan wicaksana,
Mangastuti jalma tama tanah Jawi,
Momong trahing narendra.
Raja putra Pajang kang winarni,
Asmanipun Pangeran Benawa,
Wusnya minulya sumare,
Ing Morotoko dhukuh,
Kapernah desa Wateshaji,
Minangka pajimatan,
Agung inggil luhur,
Suka lila angrumeksa
Warga Pati kecamatan Pucakwangi,
Ginanjar antuk berkah.
Narendra gung Raden Jaka Tingkir,
Jejuluk Sultan Hadiwijaya,
Kang kawentar Mas Karebet,
Wasis waskitha ampuh,
Tedhak turun priyagung Pengging,
Atma Kebo Kenanga,
Tur rembesing madu,
Dhasare trahing kusuma,
Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,
Turase Brawijaya.
Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,
Ingkang ibu Pangeran Benawa,
Pindha melathi rinonce,
Ganda sumerbak arum,
Sekar dhaton kinasih aji,
Kanjeng Sultan Trenggana,
Bagas bagus alus,
Ber budi bawa laksana,
Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,
Nata Demak Bintara.
Ratu Kalinyamat luwih sugih,
Pangeran Hadirin wus anggarwa,
Asale Samudra Pase,
Ber bandha lan ber bandu,
Rajabrana inten mas picis,
Rena tata wiyata,
Kawruh wulang wuruk,
Benawa ndherek suwita,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Meguru aneng Jepara.
Sami ndherek Pangeran Hadirin,
Kanjeng Madiun Rangga Jumena,
Dipati Pangeran Onje,
Benjang nuli kajunjung,
Purbalingga mangka bupati,
Raden Joko Kahiman,
Derajat ngaluhur,
Adipati Banyumas,
Wus permati nggulawenthah siswa siwi,
Jeng Ratu Kalinyamat.
2.
Pangkur
Pangeran Benawa putra,
Paring asma Ratu Dyah Banuwati,
Wanita hayu rahayu,
Dhauping palakrama,
Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu,
Sultan Agung Nyakrasuma,
Narendra Kraton Mentawis.
Wondene Rangga Jumena,
Retna Dumilah garwa Senapati,
Tedhak turune Madiun,
Jeng Ratu Mas Balitar,
Prameswari Paku Buwana kang sepuh,
Tangguh tangggon tansah tanggap,
Ambawani tanah Jawi.
Benawa asung tuladha,
Nurunake darah santri priyayi,
Nggegulang sabarang ilmu,
Pesantren gya ngrembaka,
Pamulangan dadi piranti pituduh,
Gumebyar gilar sumebar,
Kinarya sangu makarti.
3.
Gambuh
Sowan marang leluhur,
Kraton Surakarta kang misuwur,
Putra Pajang sumare laladan Pati,
Benawa paring pitutur,
Mawi wejangan miraos.
Pangeran Benawa perlu,
Medharake sanggya ilmu laku,
Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati,
Drajat pangkat semat wahyu,
Rumasuk padhang sumorot.
4.
Kinanthi
Benawa patut tiniru,
Bekti marang Senapati,
Pasrah panguwasa Pajang,
Kawibawan kraton Pengging,
Lumintir aneng Mataram,
Supaya lumaku becik.
Nak tumanak run tumurun,
Pangeran Benawa iki,
Pinaringan kanugrahan,
Kawiryan hartawan wasis,
Demak Pajang lan Mataram,
Widada sugeng lestari.
B. Trah Atmaja Pajang
1.
Dhandhanggula
Sinuwun Hadi Hanyakrawati,
Dyah Banuwati minangka garwa,
Mumpuni kasarjanane,
Suka ambangun gedhung,
Pesanggrahan den arah bathi,
Pasewan Jayakarta,
Gumyak sigrak rebut payu,
Sambung srawung manca praja,
Emas picis anglumpuk lumaris manis,
Nambah santosa praja.
Dodol lisah bumi banyu mili,
Blora Bojonegoro lan Tuban,
Winangun punjering bale,
Dedunung kutha Cepu,
Banuwati angindhit dhuwit,
Karya wragat negara,
Mrih kuncara arum,
Mataram ngejayeng jagad,
Prameswari weruh petung lincah kesit,
Nuhoni trahing Pajang.
Raja putra Pajang kang winarni,
Asmanipun Pangeran Benawa,
Wusnya minulya sumare,
Ing Morotoko dhukuh,
Kapernah desa Wateshaji,
Minangka pajimatan,
Agung inggil luhur,
Suka lila angrumeksa
Warga Pati kecamatan Pucakwangi,
Ginanjar antuk berkah.
Narendra gung Raden Jaka Tingkir,
Jejuluk Sultan Hadiwijaya,
Kang kawentar Mas Karebet,
Wasis waskitha ampuh,
Tedhak turun priyagung Pengging,
Atma Kebo Kenanga,
Tur rembesing madu,
Dhasare trahing kusuma,
Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,
Turase Brawijaya.
Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,
Ingkang ibu Pangeran Benawa,
Pindha melathi rinonce,
Ganda sumerbak arum,
Sekar dhaton kinasih aji,
Kanjeng Sultan Trenggana,
Bagas bagus alus,
Ber budi bawa laksana,
Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,
Nata Demak Bintara.
Ratu Kalinyamat luwih sugih,
Pangeran Hadirin wus anggarwa,
Asale Samudra Pase,
Ber bandha lan ber bandu,
Rajabrana inten mas picis,
Rena tata wiyata,
Kawruh wulang wuruk,
Benawa ndherek suwita,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Meguru aneng Jepara.
Sami ndherek Pangeran Hadirin,
Kanjeng Madiun Rangga Jumena,
Dipati Pangeran Onje,
Benjang nuli kajunjung,
Purbalingga mangka bupati,
Raden Joko Kahiman,
Derajat ngaluhur,
Adipati Banyumas,
Wus permati nggulawenthah siswa siwi,
Jeng Ratu Kalinyamat.
Banuwati sung tepa palupi,
Minangka dadi garwa pangarsa,
Candr tiyang sepuh lare,
Mbudidaya praja maju,
Kanca estri wruh jatidhiri,
Wisma boga lan wastra,
Wareg cekap cukup,
Butuh jembar jangkah wiyar,
Sagung putri kebat rikat amakarti,
Mbangun nagri Mataram.
2.
Pangkur
Banuwati mulang mejang,
Tata cara urip sampun kawuri,
Warisan para leluhur,
Demak Pajang Mataram,
Ilmu laku pasahe krana panemu,
Gumregut greget gumregah,
Prameswari kang sejati.
Pangeran Benawa putra,
Paring asma Ratu Dyah Banuwati,
Wanita hayu rahayu,
Dhauping palakrama,
Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu,
Sultan Agung Nyakrasuma,
Narendra Kraton Mentawis.
Wondene Rangga Jumena,
Retna Dumilah garwa Senapati,
Tedhak turune Madiun,
Jeng Ratu Mas Balitar,
Prameswari Paku Buwana kang sepuh,
Tangguh tangggon tansah tanggap,
Ambawani tanah Jawi.
Benawa asung tuladha,
Nurunake darah santri priyayi,
Nggegulang sabarang ilmu,
Pesantren gya ngrembaka,
Pamulangan dadi piranti pituduh,
Gumebyar gilar sumebar,
Kinarya sangu makarti.
Aneng tlatah Jawi wetan,
Garwa Prabu Hadi Hanyakrawati,
Mrantasi pakaryan rampung,
Tuwa mudha pinercaya,
Langkah maju panemu laju limaku,
Mawi jejeging redana,
Kanjeng Ratu Banuwati.
3.
Gambuh
Sembada ampuh tangguh,
Darma bakti konjuk para sepuh,
Prameswari Kanjeng Ratu Banuwati,
Angengeti bapa ibu,
Mula banjur sregep maos.
Sowan marang leluhur,
Kraton Surakarta kang misuwur,
Putra Pajang sumare laladan Pati,
Benawa paring pitutur,
Mawi wejangan miraos.
Pangeran Benawa perlu,
Medharake sanggya ilmu laku,
Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati,
Drajat pangkat semat wahyu,
Rumasuk padhang sumorot.
Kedhung kawruh pituduh,
Banuwati prameswari wutuh,
Barang kalir lumaku gancar sumilir,
Mataram sangsaya maju,
Ing bawana trus kesohor.
4.
Kinanthi
Sampun mulang Sultan Agung,
Prameswari Banuwati,
Kawruh tama niti praja,
Sinerat ing sastra gendhing,
Wacan serat pagracutan,
Dimen dadi jalma lantip.
Benawa patut tiniru,
Bekti marang Senapati,
Pasrah panguwasa Pajang,
Kawibawan kraton Pengging,
Lumintir aneng Mataram,
Supaya lumaku becik.
Nak tumanak run tumurun,
Pangeran Benawa iki,
Pinaringan kanugrahan,
Kawiryan hartawan wasis,
Demak Pajang lan Mataram,
Widada sugeng lestari.
Adi luhung jiwa agung,
Kanjeng Ratu Banuwati,
Krana maringi tuladha,
Wulang wuruk becik apik,
Pepundhen para kawula,
Labuh labet mring negari.
C. Dulangmas
1.
Dhandhanggula
Ratu Kencana paring palupi,
Garwa Kanjeng Sunan Amangkurat,
Raja binathara gedhe,
Misuwur budi luhur,
Tatas titis ing samukawis,
Mrantasi barang karya,
Ber bandha ber bandhu,
Ngereh ing nagri Mataram,
Asah asih asuh mring kawula dasih,
Sampun kondhang kaloka.
Kencana Serayu Tegalwangi,
Tedhak Kraton Demak Bintara,
Ganda melathi rinonce,
Angambar sarwa arum,
Wulang wuruk ing Tanah Jawi,
Lumantar Wali Sanga,
Terang mbabar kawruh,
Jaka Tingkir Kraton Pajang,
Mandhegani murih basuki lestari,
Nama Joko Kahiman.
Papan asri ing sukuning hardi,
Gunung Slamet yekti tata harja,
Sawab Ratu kang sumare,
Sri Amangkurat Agung,
Mula becik wigatekna,
Nyuwun donga restu,
Antuk drajat pangkat semat,
Putra putri nggayuh kamulyan sejati,
Tindakna saben warsi.
2.
Kinanthi
Joko Kahiman satuhu,
Titis wasis samukawis,
Atmaja Sunan Prawata,
Kinen jumeneng Bupati,
Pangarsa tlatah Banyumas,
Dhawuh raja ing Mentawis.
Kanjeng Sunan Tegal Arum,
Pundhen aneng Tanah Jawi,
Nadyan sampun puput yuswa,
Surud ing kasedan jati,
Jiwa ragane sampurna,
Cihna priyagung pinilih.
3.
Mijil
Bupati sigra sengkut makarti,
Manunggal gumolong,
Cipta rasa karsa karya gedhe,
Linambaran pakarti pekerti,
Banyumas sejati,
Lila guyub rukun.
Sagung putra wayah saben warsi,
Sungkem mring sang katong,
Nyuwun lilah puji enjang sore,
Amangkurat narendra Mentawis,
Suci lahir batin,
Suka sabar sujud.
4.
Gambuh
Bangunan saka kayu,
Ing pangajab pikantuk rahayu,
Amangkurat Kanjeng Ratu Wiratsari,
Banyumas tambah ngrembuyung,
Suka gembira rinaos.
Sri Amangkurat Agung,
Suka sukur mujur subur makmur,
Siyang ratri dana driyah mbanyu mili,
Bebrayan tulung tinulung,
Tlatah Tegal bakoh awoh.
5.
Pangkur
Para Bupati Banyumas,
Golong gilig arsa mbangun negari,
Dhawuh Amangkurat Agung,
Nuhoni Ratu Kencana,
Mrih rahayu iline kali Serayu,
Angocori sawah sawah,
Tela pohung jagung pari.
Wilayah Tegal kaloka,
Tani lancar tukang dagangan laris,
Saben pojok adeg warung,
Enak regane murah,
Pancen perlu nulad Amangkurat Prabu,
Tumrap warga nusantara,
Bekti mring ibu pertiwi.
6.
Asmarandana
Kanjeng Ratu Wiratsari,
Prameswari Amangkurat,
Yasa Kedhaton Pamase,
Ambangun tlatah Banyumas,
Ing Lesmana Ajibarang,
Mahargya Ratu Serayu,
Kadang tani among dagang.
Ratu Kencana winasis,
Prameswari Amangkurat,
Aneng Tegal wus Sumare,
Ndherek narendra Mataram,
Labuh labet jiwa raga,
Wanita ayu rahayu,
Minangka tepa tuladha.
7.
Pucung
Alun alun papan amba kebak purun,
Aneng Purwakerta,
Among dagang laris manis,
Amangkurat paring cahya kang sumirat.
Kanjeng Ratu Ayu Kencana Serayu,
Turun dharah Pajang,
Wayang raja Jaka Tingkir,
Trah kusuma rembesing madu sanyata.
8.
Megatruh
Sarwa luhur Banyumas wilayah subur,
Kabawah kraton Mentawis,
Raja Amangkurat Agung,
Sarta Ratu Wiratsari,
Pura Pamase mencorong.
Sigra mikir abdi dalem para ratu,
Tata cara saben warsi,
Upacara Tegal Arum,
Ganti langse enggal becik,
Ngalap berkahe sang katong.
9.
Pucung
Desa gunung seni tumangkar ngrembuyung,
Wilayah Banyumas,
Kanjeng Ratu Wiratsari,
Amangkurat nata agung hayuningrat.
Yen kadulu sagung pendherek lumintu,
Sowan Amangkurat,
Pajimatan Tegal Wangi,
Ngalap berkah dimen uripe sumarah.
10.
Kinanthi
Lumaku toya Serayu,
Kinclong kinclong sarwa bening,
Kanjeng Sunan Amangkurat,
Sesarengan prameswari,
Nyawang gunung Slamet endah,
Banyumas kang edi peni.
Tlatah Tegal ngisor gunung,
Kali Gung ngileni sabin,
Pala pendhem pala wija,
Pala gandhul pala kitri,
Pala tempel pala simpar,
Gemah ripah loh jinawi.
11.
Pangkur
Dhatulaya Ajibarang,
Papan sumber emas kencana rukmi,
Nata Amangkurat Agung,
Wiratsari kang garwa,
Paring dhawuh mrih Banyumas wutuh tangguh,
Kuwat drajat pangkat semat,
Sugih bandha bandhu budi.
Ndherek jamasan pusaka,
Pajimatan suci ing Tegal Wangi,
Wulan Sura pancen perlu,
Mesu budi tirakat,
Dimen mujur sluman slumun tambah makmur,
Lara lapa tapa brata,
Panggraita landhep lantip.
12.
Pucung
Ing Serayu kali ayu lan rahayu,
Sunan Amangkurat,
Tapa kungkum tapa ngeli,
Mesu jiwa anoraga cipta rasa.
Manjing gunung ing pangangkah jiwa agung,
Nlasak wana wasa,
Tumuruning jurang terbis,
Midering rat ngudi drajat pangkat semat.
13.
Sinom
Garwa dalem Amangkurat,
Kanjeng Ratu Wiratsari,
Katelah Ratu Kencana,
Tedhak turun Jaka Tingkir,
Nyata putri linuwih,
Sinebut Ratu Serayu,
Mbangun nagri Mataram,
Gemah ripah loh jinawi,
Wiwit brang wetan nganti tekan Madura.
Pajimatan Amangkurat,
Bumi Tegal tanah becik,
Pepundhen ing tanah Jawa,
Angleluri amberkahi,
Tata cara prayogi,
Andherek kanthi tuwajuh,
Ulat patrap pangucap,
Jumbuh keplok lahir batin,
Pisowanan bareng aneng pajimatan.
14.
Maskumambang
Bungah susah yekti gawane ngaurip,
Kawula tlatah Banyumas,
Mersudi luhuring budi,
Suwita Kraton Mataram.
Sowan aneng pajimatan Tegal Wangi,
Sekar wor kukusing dupa,
Atur puji pangastuti,
Panuwunan kasembadan.
15.
Durma
Tuking rukmi aneng desa Pancurendhang,
Rajabrana mas micis,
Sumber penghasilan,
Tumrap praja Mataram,
Mbudidaya Wiratsari,
Sri Amangkurat,
Mersudi urup urip.
Tegal Arum ganda wangi mbabar suka,
Saking kehing pra janmi,
Nembe pisowanan,
Pajimatan Amangkurat,
Amrih sandhang boga ndalidir,
Matumpuk tumpa,
Ayem tentrem ing ati.
16.
Gambuh
Papan kidul pununjul,
Gunung Slamet agung kaya payung, Ambawahi wilayah Banyumas kang peni,
Amangkurat terus ambangun,
Sigrak gumyak gotong royong.
Jeng Sunan Tegal Arum,
Narendra gung winasis linangkung,
Binathara mbahu dhendha nyakrawati,
Ngeli ing Kali Serayu,
Banyumas mbangun kedhaton.
17.
Pangkur
Jeng Pangran Kajor kocap,
Sentana kang sugih inten mas picis,
Bandha bandhu tanah mbrewu,
Tedhak Pangeran Benawa,
Wus misuwur trah Pajang kang makmur,
Wiratsari ingkang putra,
Ginarwa Sri Amangkurat.
Trah Pangeran Benawa,
Pamanahan Pati Juru Martani,
Ratu Kencana Mas Panggung,
Tetungguling wanita,
Amangkurat Agung tumerah ngrembuyung,
Ambawahi Tanah Jawa,
Sangsaya kuncara becik.
18.
Dhandhanggula
Guru bangsa mbabar wiyatadi,
Kawentar Pangeran Karanggayam,
Saking wilayah Kebumen,
Pituduh barang kawruh,
Paugeran tata negari,
Peprentahan bebrayan,
Pandoming pandulu,
Jeng Sultan Hadiwijaya,
Paring dhawuh murih rahayu lestari,
Pujangga Kraton Pajang.
Sagung warga tlatah Tegal Wangi,
Wajib bekti Sunan Amangkurat,
Minangka pepundhen gedhe,
Berkah nuli sumawur,
Bakul bathi tanduran semi,
Ama sumingkir ilang,
Tanem tuwuh subur,
Ngrembuyung agrom ngrembaka,
Kadang tani gumregut nggone makarti,
Gancar pangupa jiwa.
19.
Pangkur
Kaloka Sri Ratu Batang,
Ing Mataram minangka prameswari,
Garwanipun Sultan Agung,
Miyos Sri Amangkurat,
Sampun purun tlatah Banyumas binangun,
Narendra gung binathara,
Mbahu dhendha nyakrawati.
Putra wayah Amangkurat,
Sowan para luhur langkung prayogi,
Nitik lelakon kepungkur,
Warisan nenek moyang,
Pareng ndulu madhep mantep jroning kalbu,
Suminar byar terawangan,
Cahya padhang anelahi,
20.
Kinanthi
Kanjeng Ratu Mas Serayu,
Pinilih putri linuwih,
Atmaja Joko Kahiman,
Hupasanta malakrami,
Miyos Kanjeng Ratu Batang,
Sultan Agung ing Mentawis.
Dhasar priyayi linangkung,
Sanyata trahing kusuma,
Rembesing madu sing asli,
Wijining amara tapa,
Tedhaking andana warih.
21.
Dhandhanggula
Pantes luwes kinarya palupi,
Labuh labet raja Amangkurat,
Yasa Kedhaton Pamase,
Sayekti tangguh ampuh,
Mbangun jaman kencana rukmi,
Lesmana Ajibarang,
Pancurendhang mancur,
Emas picis rajabrana,
Bandha bandhu budi linangkung utami,
Kanjeng Ratu Kencana.
Upacara manut titi wanci,
Jamasan pusaka kaleksanan,
Kanthi sumarah sumendhe,
Sri Amangkurat Agung,
Wus Sumare ing Tegal Wangi,
Sasana pajimatan,
Sarana nenuwun,
Ngudi drajat pangkat semat,
Wenang wening kinarya pangeling eling,
Dhiri nampa nugraha.
D. Trah Kaping Papat
Pangkur
Putri trah Singaprana,
Tasikwulan putri kapernah ping tri,
Darah Majapahit tuhu,
Demak Pajang Mataram,
Brawijaya Pembayun ilining kayun,
Jaka Tingkir lan Benawa,
Leluhur ing Tanah Jawi.
Raden Kajor Danupaya,
Singaprana Walen ingkang pinundhi,
Putra Singaprana Agung,
Kaping tri Singawangsa,
Tasikwulan putra Ratu Mas Rahayu,
Garwa narendra sudibya,
Mbahu dhendha nyakrawati.
Dhandhanggula
Kanjeng Singaprana kang kaping tri,
Kawentar sinebut Singawangsa,
Priyagung tirakat gedhe,
Tasikwulan rahayu,
Garwa agung Jeng Mangkubumi,
Sutanipun Ratu Mas,
Tata tatag tutug,
Prameswari nata Sala,
Binathara paramarta ambeg adil,
Ngejayeng nuswantara.
Pucung
Jiwa agung momong putra trus ngrembuyung,
Putri Tasikwulan,
Nggulawenthah Natasiwi,
Boga wastra wisma wasis wicaksana.
Setya tuhu jroning kalbu ngudi ngelmu,
Kawruh tata praja,
Among dagang juru tani,
Gya jumangkah ngarah arah sumarambah.
Sambang sambung kadang mitra sawang srawung,
Mrantasi pakaryan,
Nbudidaya urup urip,
Wus kawentar Pangeran Pati sumebar.
Prameswari Sinuwun,
Kanjeng Ratu Emas kebak purun,
Siyang ratri maringi tepa palupi,
Greget saut urip urup,
Nadyan kahanan rekaos.
Pangkur
Gusti Raden Mas Duksina,
Jumeneng nata Surakarta nagri,
Jejuluk Kanjeng Sinuwun,
Paku Buwana Sanga,
Ingkang ibu Ratu Mas paring pangestu,
Trah narendra bangun tapa,
Ing Ambon tansah semedi.
1.
Dhandhanggula
Babat Sima ngumandhang winarni,
Rikala Ki Ageng Singaprana,
Jayakartika putrane,
Trahing kusuma arum,
Rantansari putri linuwih,
Garwa Sinuwun Sala,
Raden Kusen sunu,
Sigra jumeneng narendra,
Sunan Paku Buwana Wolu pinuji,
Surakarta Diningrat.
Kuneng Raden Ayu Rantansari,
Garwa Dalem Sinuwun Kaping Pat,
Jayakartika ramane,
Singaprana rumuhun,
Demang Santa Manggala nguni,
Pangageng abdi keparak,
Pangarsa panewu,
Ki Ageng Hanggawijaya,
Sung pepeling tedhak turun Ki Ageng Giring,
Demak Pajang Mataram.
2.
Gambuh
Brahmana kang misuwur,
Singaprana turune ngaluhur,
Sung palupi dharahe wiji sejati,
Mejang kagem wayah sunu,
Pangawikan lahir batos.
Jayakartika ampuh,
Teguh wutuh sepuh saguh tangguh,
Tata titi tatag tutug tatas titis,
Rantansari Raden Ayu,
Prayoga becik rinaos.
Lelandhes ilmu laku,
Trahing kusuma rembesing madu,
Mesu budi murih basuki lestari,
Mendhem jero mikul dhuwur,
Warga Sima antuk bobot.
3.
Pangkur
Sinuwun Paku Buwana,
Ingkang jumeneng kaping wolu nenggih,
Kalampahan sampun dhaup,
Raden Ajeng Ngaisah,
Putri agung budi pekerti kang luhung,
Atmaja Purbanagara,
Adipati ing Kediri.
Trah Pura Mangkunegaran,
Sesambetan Daha Jenggala Manik,
Jeng Panji Asmara Bangun,
Galuh Candra Kirana,
Marmanipun warga Sima kedah purun,
Mituhu mring Singaprana,
Pepundhen ing Boyolali.
4.
Kinanthi Jayakartika
Jayakartika wus saguh,
Sabarang gawe mrantasi,
Kanuragan kawijayan,
Putus reh salwiring ngelmi,
Tuladha ing tlatah Sima,
Suta putri Rantansari.
Kebak purun pra priyantun,
Labuh labet ing negari,
Abdi panewu keparak,
Gedhong tengen kang pinilih,
Kadipaten anom ngasta,
Minangka pangarsa mantri.
5.
Sinom
Sima minulya widada,
Wibawane anelahi,
Kabagyan lan karaharjan,
Ayem ayom tentrem ati,
Tansah waspada eling,
Wejangan para leluhur,
Ki Ageng Singaprana,
Jayakartika maringi,
Wulang wuruk sorah warah ngarah arah.
Nalikane palakrama,
Raden Ayu Rantansari,
Suwita Sinuwun Sunan,
Tarak brata mesu budi,
Ing Pasiraman Pengging,
Mugi antuk bibit ratu,
Ngejayeng Surakarta,
Binathara nyakrawati,
Narendra gung ambeg adil paramarta.
6.
Pucung
Pari jagung sempulur tuwuh ngrembuyung,
Murah sandhang pangan,
Pakaryane kadang tani,
Among dagang saba pasar kang ngumandhang.
Sarwa makmur tlatah Sima pancen mujur,
Sakehing janganan,
Bayem kangkung terong buncis,
Palakitri palagandhul palawija.
Sawo jambu pisang pelem salak dhuku,
Aneng tegal sawah,
Panggautan laris manis,
Suka bungah panguripan tambah turah.
7.
Megatruh
Kulon Sima ing pereng gunung Merbabu,
Kidule gunung Merapi,
Kiwa tengen umbul mancur,
Banyune mili neng kali,
Sawah gembur ora atos.
Kidul Sima banyu bening ana wadhuk,
Misuwur sinebut Cengklik,
Tetuwuhan tandur subur,
Bagas waras kadang tani,
Panguripan sarwa maton.
8.
Asmarandana
Sima tlatah Boyolali,
Gunung Kendheng katon endah,
Nganti tekan Karanggedhe,
Kacangan Wanasegara,
Juwangi Klego lan Ngemplak,
Banyudana Sela Musuk,
Ampel Cepaga Sugihan.
Suka sukur lahir batin,
Genep jangkep jangkah genah,
Sima papan
Nengsemake,
Adi asri sesawangan,
Tegal sawah pegunungan,
Kali nut iline banyu,
Pertanian perdagangan.
9.
Maskumambang
Waga Sima guyub rukun amakarti,
Ngayahi pakaryan praja,
Kang den esti bareng mukti,
Sanak kadang pawong mitra.
Lumrah banget sajroning bebrayan urip,
Sumendhe marang panembah,
Karyenak dhateng sesami,
Den arah ginanjar berkah.
Gotong royong nyambut gawe kerja bakti,
Buwuh jagong sambung sambang,
Srawung sawang tulus ati,
Warga Sima kasembadan.
10.
Mijil
Tlatah Sima nedheng pacak baris,
Gumeleng gemolong,
Sepi ing pamrih rame ing gawe,
Gumyak sigrak gancang lumaris,
Kaheh mudha mudhi,
Gumreget gumregut.
Pana pakarti pakerti pekerti,
Jangkah saben miyos,
Linggar jengkar saking bale gedhe,
Lumampah dhasar dugi prayogi,
Guna edi peni,
Daya adi luhung.
11.
Durma
Wejangan ki pujangga Yasadipura,
Lumantar serat tulis,
Ing sastra piwulang,
Kang wus ngripta utama,
Sasana sunu dewaruci,
Mbabar wulangan,
Sesorah warah becik.
Tedhak turun Kyai Ageng Singaprana,
Kang wayah Rantansari,
Garwa Sunan Sala,
Paku Buwana papat,
Jayakartika wusnya mardi,
Kusen saking Sima,
Kang jumeneng narpati.
Sinom
Jeng Ratu Mas Tasikwulan,
Kulina tapa semedi,
Ngeli urute bengawan,
Kungkum aneng umbul Pengging,
Mastuti kagem siwi,
Putra dalem Jeng Sinuwun,
Paku Buwana ping sad,
Dheteng Ambon mesu budi,
Temah Gusti Duksina jumeneng nata.
Bumi Sukawati
A. Keluhuran Bumi Sukawati.
Baca juga:
Teguhkan Jati Diri Melayu, Sejati Dalam Berprofesi dan Kehidupan
Perjalanan Panjang Harian Sumut24 Memasuki Tahun HUT Ke-13
Suasana Bahagia Bupati Madina Sukhairi Nasution saat Gelar Resepsi Pernikahan Putra Sulungnya. Babad Sukowati berisi tentang keagungan dan keanggunan peradaban. Pesan luhur ini berbentuk seni pewayangan. Pagelaran wayang lakon Babad Sukowati ini diselenggarakan oleh PAKASA,
(Paguyuban Kawula Kraton Surakarta Hadiningrat) cabang Kabupaten Sragen.
(Ketua PAKASA Sragen). Selaku dalang : Dr. Purwadi, M.Hum. Pagelaran wayang dalam rangka menggali unsur tontonan tuntunan dan tatanan.
Urutan pagelaran lakon Babad Sukowati sesuai dengan pakem pedalangan. Bermula dari pathet nem, pathet sanga dan pathet manyura.
1. Ayak Talu, Jejer Negri Pajang
Wayang : Prabu Rama (Sultan Hadiwijaya Pajang), Patih Udawa (Patih Mancanegara), Setyaki (Ki Ageng Penjawi), Samba (Pangeran Timur).
2. Keputren Pajang, gendhing Ladrang Ayun-ayun
Wayang : Banowati (Kanjeng Ratu Mas Cempaka), Limbuk Cangik.
3. Paseban Jawi, gendhing Tropong Bang
Wayang : Sengkuni, Kurawa, rampogan, kuda dan kereta.
4. Jejer Nusakambana, gendhing srempeg nem
Wayang : Balabacingah, paseban jawi sabrang an.
5. Padepokan Purwodadi, gendhing ketawang suba kastawa
Wayang : Begawan Abiyasa (Ki Ageng Butuh), Abimanyu (Tejakusuma atau Tejanegara), Semar, Gareng, Petruk, Bagong.
6. Perang Kembang, gendhing srempeg sanga kemuda
Wayang : Cakil, Togog, Bilung.
7. Kahyangan Junggringsalaka, gendhing ladrang pangkur pelog barang
Wayang : Batara Guru, Narada, Endra, Bayu, Brama, Yamadipati.
8. Wahyu Kadipaten, gendhing ladrang wahyu
Wayang : Tejakusuma dan Narada.
9. Jumenengan Bupati Sukawati
Wayang : Sultan Pajang, Ki Ageng Butuh, Ki Ageng Penjawi, Samba, Pangeran Timur.
10. Ayak-ayak pamungkas.
Babaran cerita Babad Sukowati menjadi referensi baru. Gagrag pedalangan memadukan literasi dari Mahabharata dan Ramayana. Lantas diolah bersama dengan narasi masyarakat Sragen.
B. Berdirinya Kabupaten Sragen
Dhandhanggula Sukawati
1.
Kang kababar babad Sukawati,
Rikala Sultan Hadiwijaya,
Misuda bupati Sragen,
Miwah Ki Ageng Butuh,
Ki Penjawi kersa nyekseni,
Pangarsa ing Brang Wetan,
Sedaya nyengkuyung,
Kawula sami mahargya,
Tata cara jumenengan adipati,
Kanjeng Tejanagara.
2.
Toya mili saking bumi Pengging,
Anjog rumembes kali bengawan,
Gancar mili enjang sore,
Sawah tegalan subur,
Rakyat makmur ing Sukawati,
Mataram Surakarta,
Berkahe leluhur,
Ing kutha karang padesan,
Rakyat Sragen tekun tekan amakarti,
Sembada kang jinangka.
Gambuh Sukawati
1.
Sukawati misuwur,
Pinandegan pangarsa kang luhur,
Trampil gampil titis wasis samukawis,
Tejanagara ber bandhu,
Sragen tlatah ayem ayom.
2.
Wejangan Ki Ageng Butuh,
Dadi kawruh minangka pituduh,
Amrih Sragen gemah ripah loh jinawi,
Sukawati subur makmur,
Kabupaten kang mencorong.
3.
Kawula dasih nyengkuyung,
Kraton Pajang paring payung agung,
Pasir wukir warisane Joko Tingkir,
Wujud barat bumi banyu,
Mandraguna lahir batos.
Bumi Sukawati berdiri pada masa kerajaan Pajang. Raja yang memerintah saat itu yakni Kanjeng Sultan Hadiwijaya. Masa kecilnya bernama Mas Karebet atau Joko Tingkir. Orangtua Joko Tingkir yaitu Ki Ageng Kebo Kenanga atau Ki Ageng Pengging.
Ki Ageng Kebo Kenanga merupakan putra Adipati Handayaningrat yang menikah dengan Kanjeng Ratu Pembayun. Dalam sejarahnya Ratu Pembayun adalah putri sulung Prabu Brawijaya raja Majapahit.
Pada masa mudanya Joko Tingkir suka melakukan lelana brata dan berguru pada sarjana winasis. Ki Ageng Butuh adalah guru Joko Tingkir atau Sultan Hadiwijaya raja Pajang tahun 1546-1582. Beliau terkenal sakti mandraguna. Ilmu iku kelakone kanthi laku. Beliau suka melakukan lara lapa tapa brata. Tiap bulan purnama tapa kungkum di Kali Ketangga.
Pada bulan Suro pasti menjalankan semedi di Hargo Dumilah Gunung Lawu. Setahun sekali pada bulan Rajab mahas ing ngasepi di puncak Saptarengga Gunung Muriya. Segala macam lelaku mulai dari tapa ngidang, tapa ngrame, tapa ngalong, pati geni, ngrowot, mutih, nggeniora, mbanyuora. Ki Ageng Butuh menjadi jalma limpat seprapat tamat. Kebak ngelmu sipating kawruh, pangawikan agal alus telah dikuasai. Ki Ageng Butuh benar-benar jalma sulaksana, sarjana sujana ing budi. Di kalangan peguron kejawen Ki Ageng Butuh kesuwur sebagai dwija wasis wicaksana waskitha, ngesti sakdurunge winarah.
Sepeninggal Kebo Kenanga wafat, maka Ki Ageng Butuh yang mengasuh Mas Karebet atau Joko Tingkir. Kebo Kenanga adalah putra Adipati Handayaningrat, Bupati Pengging. Sedangkan ibunya Kebo Kenanga yaitu Kanjeng Ratu Pembayun, putri Prabu Brawijaya V raja Majapahit.
Dengan demikian Joko Tingkir masih keturunan raja Majapahit. Trahnya kusuma rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih. Sebetulnya Ki Ageng Butuh murid kesayangan Syekh Siti Jenar. Siswa seperguruan yakni Ki Ageng Tingkir, Ki Ageng Banyubiru, Ki Ageng Pengging, Ki Ageng Pring Apus, Ki Ageng Bringin. Mereka belajar ilmu sangkan paraning dumadi, kawruh kasampurnan, ilmu sejati, kawruh beja dan manunggaling kawula Gusti. Ilmu pengetahuan tingkat tinggi amat tersohor di mata kasepuhan Jawa. Untuk mempelajari makrifat sejati kejawen ini diperlukan sarana dan tata cara khusus. Pengajarannya harus hati-hati.
Tanda-tanda Joko Tingkir akan menjadi raja besar sudah diketahui oleh Ki Ageng Butuh. Saat Joko Tingkir tidur pulas di tengah malam, tiba-tiba ada ndaru cumlorot. Cahaya bersinar kebiru-biruan itu disebut dengan pulung kekuasaan atau wahyu keprabon. Ki Ageng Butuh rembugan dengan Ki Ageng Banyubiru. Joko Tingkir harus dijaga sebaik-baiknya. Dia adalah kader Majapahit yang mumpuni. Semua murid-murid Syekh Siti Jenar bersatu padu, kompak untuk mendidik, merawat, menjaga Joko Tingkir. Atas usul Kanjeng Ratu Kalinyamat yang menjadi Bupati Jepara tahun 1536-1569, Joko Tingkir ditetapkan sebagai raja Pajang tahun 1546. Gelarnya Kanjeng Sultan Hadiwijaya Kamidil Ngalam Panetep Panatagama atau Sultan Hadiwijaya Abdul Hamid Syah Alam Akbar.
Dukungan Joko Tingkir untuk menduduki tahta kerajaan Pajang berasal dari keluarga besar Kasultanan Demak Bintara, Kasultanan Banten dan Kasultanan Cirebon. Tentu saja keluarga besar Kadipaten Pengging menjadi penyokong utama. Dari segi kecakapan, kemampuan, keluhuran, kecerdasan, kebajikan, kelakuan dan ketrampilan, semua lapisan masyarakat pasti mengakui Joko Tingkir memang punjul ing apapak.
Megatruh
Sigra milir sang gethek sinangga bajul,
kawan dasa kang njageni,
ing ngarsa miwah ing pungkur,
tanapi ing kanan kering,
sang gethek lampahnya alon.
Wasiat Syekh Siti Jenar kepada Ki Ageng Butuh, agar wilayah Saragi yang berada di selatan gunung Kendheng, sepanjang aliran bengawan gedhe diberi nama Sragen.
Kawasan ini perlu diatur sebaik-baiknya. Untuk menghormati Guru Suci yang telah pulang ke Rahmatullah, Ki Ageng Butuh memberi nasihat kepada raja Pajang, agar segera dibentuk panitia pemekaran kabupaten Sragen.
Sebagai murid yang berbakti kepada orang tua, Joko Tingkir atau Sultan Hadiwijaya segera bekerja.
Rapat panitia pembentukan kabupaten Sragen membuat keputusan penting pada hari Selasa Pon, tanggal 27 Mei 1556. Daerah Saragi diubah namanya menjadi Sragen. Saragi artinya satu tempat untuk membuat ragi atau pengubah bentuk menuju kebaikan. Sragen adalah cara, wahana, sarana untuk membuat kebajikan, kebaikan, keutamaan jagad raya. Cita-cita itu selaras dengan ajaran Syekh Siti Jenar yang menghendaki prinsip kesamaan dalam berbuat amal.
Mumpung padhang rembulan, mumpung jembar kalangane.
Daerah Sragen ditetapkan oleh panitia menjadi wilayah setingkat kabupaten. Untuk itu kabupaten Sragen perlu dipimpin oleh seorang bupati atau adipati. Dari hasil musyawarah dari perwakilan keluarga, peguron, utusan daerah, utusan golongan maka dipilih Raden Mas Tejowulan sebagai Bupati Sragen. Gelarnya adalah Kanjeng Raden Tumenggung Adipati Tejo-nagoro. Pada tahun 1557 Ki Ageng Butuh surud ing kasidan jati, kondur ing jaman kalanggengan, mapan ing swargaloka. Saat ini beliau satu kompleks makam dengan Kebo Kenongo, Nyi Kebo Kenongo, Pangeran Benowo, Joko Tingkir, Patih Monconagoro, Tumenggung Wilomarto, Tumenggung Wuragil, KP Tejowulan, Pangeran Kadilangu, KPH Sinawang. Makam luhur daerah Pajang itu terletak di desa Butuh Gedongan kecamatan Plupuh Sragen. Berkat kemurahan dan keramahan Sri Susuhunan Paku Buwana X, raja Surakarta Hadiningrat makam leluhur Pajang ini dipugar pada tahun 1930.
Masyarakat Sragen selalu mikul dhuwur mendhem jero. Pimpinan Sragen pasti sowan ke makam Pilang Payung. Di sana sowan kepada Bupati Wiryodiprojo di Prampalan, Krikilan, Masaran. Ada lagi makam Sukowati untuk nyekar Bagus Jambu atau Pangeran Adipati Sukowati di Pengkol Kecik Tanon. Ada juga Tumenggung Alap-alap panglima Sinuwun Amangkurat Amral. Tidak ketinggalan makam Pangeran Samudro di Pendhem Sumberlawang. Sebagian nyekar di makam KRT Haryo Bangsal di Gampingan Sambirejo. Untuk di perkotaan juga nyekar di makam Syekh Zakaria Kauman. Orang Sragen juga menghormati Punden Tingkir Sangiran Krikilan Kalijambe Sragen.
Ajaran Ki Ageng Butuh tetap lestari. Manusia hidup harus selalu eling lan waspada. Oleh karena itu hendaknya tetap melakukan satataning panembah jati. Dalam pergaulan masyarakat alangkah baiknya sambang sambung srawung tulung tinulung. Dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasane. Dalam hidup berbangsa dan bernegara setiap warga hendaknya lila lan legawa kanggo mulyane negara.
C.Para Bupati Sragen.
Bupati Sragen, Kanjeng Raden Tumenggung Adipati Tejonagoro adalah putra sulung Pangeran Lembu Amiluhur. Beliau putra Bupati Pengging, Sri Makurung Handayaningrat. Beliau suami Kanjeng Ratu Pembayun. Jadi dengan Joko Tingkir masih saudara sepupu. Sama-sama keturunan Prabu Brawijaya V. Kedua orang bangsawan ini pernah dididik oleh Ki Ageng Butuh. Pada tahun 1560 Kanjeng Ratu Kalinyamat memberi sumbangan berupa gelondongan kayu jati untuk membangun pendopo Kabupaten Sragen. Juru ukir Jepara diperbantukan selama enam bulan.
Pada tahun 1605 raja Mataram, Sinuwun Prabu Hadi Hanyokrowati memberi bantuan berupa lempengan emas kepada warga Sragen. Kemurahan ini atas anjuran ibunda raja, Kanjeng Ratu Waskitha Jawi. Beliau adalah putri Ki Ageng Penjawi, Bupati Pati.
Kanjeng Ratu Waskitha Jawi merasa berhutang budi kepada Ki Ageng Butuh dan masyarakat Sragen. Sewaktu beliau menikah dengan Panembahan Senopati tahun 1578, panitia pahargyan dari orang Sragen. Lagi pula Ki Ageng Butuh merupakan guru spiritual Ki Ageng Penjawi.
Hubungan kabupaten Sragen dengan kerajaan Mataram selalu akrab , mesra dan harmonis. Warga Sragen yang bernama Tumenggung Alap-alap dipercaya sebagai panglima militer Mataram. Rajanya bernama Sri Susuhunan Amangkurat Amral yang memerintah kraton Mataram Kartasura tahun 1677-1703. Tumenggung Alap-alap satria sejati yang selalu rela berkorban untuk bangsa dan negara. Untuk memperoleh ketajaman batin, Tumenggung Alap-alap selalu cegah dhahar lawan guling.
Tumenggung Alap-alap masih keturunan Raden Ayu Pagedongan yang dimakamkan di Butuh Gedongan Plupuh Sragen. Satu kompleks dengan Raden Ayu Pagedongan yaitu Raden Hadinagoro, Raden Ayu Kodok Ijo, Demang Brang Wetan.
Pada tahun 1731 Demang Ngurawan diangkat menjadi kepala kejaksaan karaton Mataram Kartasura. Sinuwun Paku Buwono II sungguh raja yang pintar, cerdas, bijaksana. Setiap ada perkara selalu diserahkan kepada ahlinya. Demang Ngurawan berasal dari Gemolong yang berpendidikan. Beliau pernah mengabdi kepada KRT Padmonagoro, Bupati Pekalongan tahun 1726-1741. Kelak Demang Ngurawan menjadi pengajar di peguron Pengging. Muridnya yang handal adalah pujangga Yasadipura. Beliau nanti menjadi Pujangga karaton Surakarta Hadiningrat.
Demang Ngurawan yang berasal dari Gemolong ini pada tahun 1732 mendapat tugas untuk mengabdi huru hara akibat silang sengketa yang terjadi pada tokoh agama di Pati, Kudus dan Batang. Syekh Mutamakin dituntut oleh Syekh Kamaruddin dan Abdul Kahar. Syekh Komaruddin Ketib Anom Batang dan Abdul Kohar Ketib Anom Kudus. Keduanya menggugat Syekh Mutamakin dari Kajen Pati. Demang Ngurawan harus menjadi hakim yang adil. Persoalan ini tidak gampang. Di luar pengadilan, massa pendukung kedua tokoh ini demonstrasi besar-besaran. Berkat pengalaman, pengetahuan dan kebijaksanaan, Demang Ngurawan dapat memuaskan pihak yang bersengketa. Demang Ngurawan dari Gemolong ini betul-betul amemangun karyenak tyasing sesama.
Perpindahan ibukota Mataram dan karyawan ke Surakarta melibatkan Bagus Jambu atau Pangeran Adipati Sukowati dari Pangkol Kecik Tanon Sragen.
Sinuwun Paku Buwono memberi kepercayaan kepada Adipati Sukowati untuk serta mengatur desain istana. Adipati Sukowati diberi tugas untuk membawa tukang ukir dari Jepara. Perpindahan kraton tahun 1745 ini memberi kesempatan warga Sragen untuk berkarir dalam bidang pertukangan dan bisnis mebel. Tak lupa dalam bidang dol tinuku hasil bumi.
Kanjeng Sinuwun Paku Buwono III memiliki penasihat dan guru spiritual dari Kauman Mataram Sragen. Beliau bernama Syekh Zakaria.
Atas petunjuk Syekh Zakaria ini raja Surakarta yang memerintah tahun 1749-1788 ini membuat sejarah penting. Bertempat di daerah Sambung Macan, Sinuwun Paku Buwono mengadakan sarasehan sosial budaya bersama intelektual Sragen, Ngawi, Purwodadi dan Cepu. Beragam topik dibicarakan. Hasil diskusi di Sambung Macan ini bermakna bagi sejarah. Ada dua rekomendasi penting yang ditawarkan, yakni Perjanjian Giyanti dan Perjanjian Salatiga. Rekomendasi ini dibuat pada bulan Desember 1754 di daerah Sambung Macan.
Perjanjian Giyanti resmi ditanda tangani pada tanggal 13 Pebruari 1755. Pangeran Mangkubumi diberi kedudukan sebagai Sultan Yogyakarta. Untuk wilayah Kotagedhe, Imogiri dan Ngawen tetap menjadi binaan karaton Surakarta Hadiningrat. Sedangkan perjanjian Salatiga ditanda tangani pada tanggal 17 Maret 1757. Pangeran Sambernyawa ditetapkan sebagai Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara I. Sejarah telah mencatat dengan tinta emas. Rekomendasi dari sarasehan Sambung Macan Sragen menghasilkan mutu peradaban yang agung.
Penyusunan Serat Centhini pada tahun 1810 melibatkan warga Sragen. Kanjeng Sinuwun Paku Buwono V memberi kepercayaan kepada Joko Budug atau KRT Haryo Bangal dari Gampingan Sambirejo Sragen. Dalam penyusunan Serat Centhini beliau diberi tugas untuk menulis tentang keberadaan Bengawan Solo, Gunung Kendheng, Gunung Pandhan, Gunung Sewu, serta lingkungan sekitar. Ada lima yang dibahas yaitu minyak tanah, pari gogo, gamping kapur semen, kayu jati dan burung perkutut. Ini semua ditulis dalam Serat Centhini.
Pada tanggal 12 Oktober 1840 Sinuwun Paku Buwono VII menerbitkan undang-undang. Namanya Serat Angger-angger Gunung. Peraturan ini mengatur hubungan sosial di Sragen agar tetap harmonis, guyub rukun, gotong royong, kerja sama dan saling menghormati. Pada tanggal 5 Juni 1847 Karaton Surakarta menetapkan Sragen sebagai daerah otonom yang mandiri.
Hubungan dengan kraton Surakarta semakin istimewa. Pada tahun 1852 Sinuwun Paku Buwono VII memugar Pasarean Luhur Butuh.
Masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX tahun 1861-1893 dibangun stasiun Gemolong. Raja Surakarta Hadiningrat ini juga memugar Punden Tingkir di Sangiran Krikilan Kalijambe Sragen. Paku Buwono IX mendapat julukan Sinuwun Bangun Kedaton.
Prestasi gemilang warga Sragen dilanjutkan pada masa Sinuwun Paku Buwono X. Rum kuncaraning bangsa dumunung hing luhuring budaya. Warga Sragen diajak bekerja di perkebunan teh Ampel, perkebunan kopi Kembang dan perkebunan tembakau Tegalgondo. Sebagian warga Sragen diajak mengelola pabrik gula Manisharjo.
Kursus sindhenan tayub diselenggarakan oleh Sinuwun Paku Buwono XI pada tahun 1940. Bertempat di daerah Kedung Banteng. Seni tayub dianggap sebagai sarana untuk menyuburkan sawah.
Suara waranggana tayub dapat mengusir hama dan wabah penyakit. Oleh karena itu seni langen tayub harus diuri-uri, supaya tetap rahayu lestari.
Warga Sragen banyak yang mengabdi kepada karaton Surakarta Hadiningrat. Pada masa Sinuwun Paku Buwono XII warga Sragen terhimpun dalam Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat atau PAKASA. Tiap karaton Surakarta menyelenggarakan upacara adat, tentu abdi dalem PAKASA bersedia sowan untuk partisipasi. Upacara Grebeg Syawal, Grebeg Besar dan Grebeg Mulud, malem selikuran, Wilujengan Negari Maesa Lawung dan Labuhan di Parangkusumo. Begitulah pengabdian warga Sragen yang penuh dengan keteladanan dan keutamaan. Sudah sepatutnya budaya luhur itu dilanjutkan oleh generasi sekarang. Supaya tidak kepaten obor. Peradaban yang agung dan anggun ini merupakan karunia ganjaran dari Tuhan. Tata lahir amakarti, jroning batin angesthi panembah jati.
D. Para Bupati Sragen.
1. Kanjeng Raden Tumenggung Tejonegoro I 1556-1580
Dilantik oleh Kanjeng Sultan Hadiwijaya, raja Pajang.
2. Kanjeng Raden Tumenggung Tejonegoro II 1580-1607
Dilantik oleh Kanjeng Sultan Hadiwijaya, raja Pajang.
3. Kanjeng Raden Tumenggung Tejonegoro III 1607-1634
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati, raja Mataram.
4. Kanjeng Raden Tumenggung Tejonegoro IV 1634-1650
Dilantik pada masa pemerintahan Sri Susuhunan Amang-kurat Agung, raja Mataram.
5. Kanjeng Raden Tumenggung Purwo Hadinagoro I 1650-1678. Dilantik pada masa pemerintahan Sri Susuhunan Amangkurat Agung, raja Mataram.
6. Kanjeng Raden Tumenggung Purwo Hadinagoro II 1678-1710. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Amang-kurat Amral, raja Mataram.
7. Kanjeng Raden Tumenggung Purwo Hadinagoro III 1710-1734. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono I, raja Mataram Kartasura.
8. Kanjeng Raden Tumenggung Sukowati I 1734-1753. Dilan-tik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono II, raja Mataram Kartasura.
9. Kanjeng Raden Tumenggung Sukowati II 1753-1789
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono III, raja Surakarta Hadiningrat.
10. Kanjeng Raden Tumenggung Sukowati III 1789-1812. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IV, raja Surakarta Hadiningrat
11. Kanjeng Raden Tumenggung Sukowati IV 1812-1847
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IV, raja Surakarta Hadiningrat.
12. Kanjeng Raden Tumenggung Sukowati V 1847-1861
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono VII, raja Surakarta Hadiningrat.
13. Kanjeng Raden Tumenggung Sastropuro 1861-1871
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX, raja Surakarta Hadiningrat.
14. Kanjeng Raden Tumenggung Wiryoprojo 1871-1903
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX, raja Surakarta Hadiningrat.
15. Kanjeng Raden Tumenggung Panji Sumonagoro 1903-1933
Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.
16. KRMAA Yudonagoro 1933-1939. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.
17. KRMT Mr Wongsonagoro 1939-1944. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.
18. KRMT Darmonagoro 1944-1946. Dilantik pada masa pemerintahan Sinuwun Paku Buwono XI, raja Surakarta Hadiningrat.
19. KRMT Mangunnagoro 1946-1950. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
20. R Suprapto Wiryosaputro 1950-1959
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
21. M. Mustajab 1959-1967
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
22. Suwarno Djojowardono 1967-1973
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
23. Srinadi 1973-1974
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
24. Sayid Abbas 1974-1980
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
25. Suryanto PA 1980-1990
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
26. HR Bawono 1990-2001
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
27. H Untung Wiyono 2001-2011
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Megawati.
28. Agus Fatchurrahman SH 2011-2016. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.
29. Dr Kusnidar Untung Yuni Sukowati 2016-2021
Masa Presiden Joko Widodo
30. Sigit Pamungkas S.Son M.Si.
Dilantik masa Presiden Prabowo Subianto
Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Joko Widodo. Semua rakyat Kabupaten Sragen berdarma bakti.
E. Peguron Butuh
1. Megatruh Sigra Milir
Sigra milir sang gethek sinangga bajul,
kawan dasa kang njageni,
ing ngarsa miwah ing pungkur,
tanapi ing kanan kering,
sang gethek lampahnya alon.
Wus binucal welah lawan satangipun,
ki Wila lan ki Wuragil,
eca pra samya pitekur,
angadhep gusti sang pekik,
bakda ngisa prapteng Betog.
Lampahnya lon serep rare prapteng Butuh,
rahaden ika tan pangling,
lamun laladaning Butuh,
arsa kendel raden pekik,
amangsit bajul kang gendhong.
Ingkang gethek ginetog-getog ping telu,
ingkang bajul mirsa wangsit,
ingkarsane raden bagus,
anulya binekta minggir,
cinacang kang gethek alon.
Mring ki Wila lawan ki Wuragil sampun,
cinancang witing kuweni,
akukuh cinancang eduk,
karipan samya aguling,
sadaya samya kuwayon.
Joko Tingkir berjalan menuju Demak Bintoro, dengan naik prahu gethek. Sejumlah empat puluh ekor buaya menjaga di sebelah kiri dan kanan. Selama hidup Joko Tingkir berguru kepada Ki Ageng Sela, Ki Ageng Banyubiru, Ki Ageng Butuh, Ki Ageng Pringapus, Ki Ageng Pengging dan Ki Ageng Tingkir. Inspirasi bagi pekerja sosial. Mereka adalah guru-guru utama di Tanah Jawa yang terkenal sakti mandraguna.
2. Dhandhanggula
Pagagane sawetane kali,
Nusul marang rencange wakira,
Kakalih juru gagane,
Sadina datan mantuk,
Santri kalih mulih abukti,
Mulih sawise ngasar,
Nengna kang winuwus,
Jeng Sinuwun Kalijaga,
Sangking kidul malampah atekem ecis,
Sangking ing pamancingan.
Nguwuh-uwuh sajawining gagi,
Heh ta jebeng denira agaga,
Nuli marenana age,
Pan sira bakal ratu,
Ingkang mengku ing tanah Jawi,
Angur nuli suwita,
Mring Demak ta kulup,
Ing kono dadi jalaran,
Yata lajeng wau jeng Sinuhun Kali,
Ngaler leres lampahnya.
3. Dhandhanggula
Pepaliku ajinen mbrekati,
tur Selamet sarta kuwarasan,
pepali iku mangkene:
aja agawe angkuh,
aja ladak lan aja jail,
aja ati serakah,
lan aja celimut,
lan aja mburu aleman,
aja lada wong ladak pan gelis mati,
lan aja ati ngiwa.
Padha sira titirua kaki,
jalma patrap iku kasihana,
iku arahen sawabe,
ambrekati wong iku,
nora kena sira wadani,
tiniru iku kena,
pambegane alus,
yen angucap ngarah-arah,
yen alungguh nora pegat ngati-ati,
nora gelem gumampang.
Sapa sapa wong kang gawe becik,
nora wurung mbenjang manggih arja,
tekeng saturun-turune,
yen sira dadi agung,
amarintah marang wong cilik,
aja sedaya-daya,
mundhak ora tulus,
nggonmu dadi pangauban,
aja nacah, marentaha kang patitis,
nganggoa tepa-tepa.
Padha sira ngestokena kaki,
tutur ingsun kang nedya utama,
angarjani sarirane,
way nganti seling surup,
yen tumpang suh iku niwasi,
hanggung atelanjukan,
temah sasar susur,
tengraning jalma utama,
bisa nimbang kang ala lawan kang becik,
rasa rasaning kembang.
Kawruhana pambengkasing kardi,
pakuning rat lelananging jagad,
pambengkasing jagad kabeh,
amung budi rahayu,
setya tuhu marang Hyang Widi,
warastra pira pira,
kang hanggung ginunggung,
kasor dening tyas raharja,
harjaning rat punika pakuning bumi,
kabeh kapiyarsakna.
Ki Ageng Selo menganjurkan seseorang untuk menjunjung tinggi tradisi leluhur yang telah diwariskan secara turun temurun. Sejarah harus berjalan. Jangan sampai masa silam dilupakan. Nama Ki Ageng Selo sangat populer di kalanan petani Jawa. Ki Ageng Selo dikenal sakti mandraguna. Ki Ageng Selo dapat menangkap petir.
4. Dhandhanggula
Sadat salat puwasa kawuri,
Apa dene jakat lawan pitrah,
Ujar piwulang kabeh,
Yogya kena ginugu,
Kudu nyingkur durjaning budi,
Datan ngapusi titah,
Sinung swarga besuk,
Para siswa Siti Jenar,
Amikani babaran ngelmu sejati,
Wejangan Lemah Abang.
Ki Ageng Butuh lenggah miyarsi,
Syekh Siti Jenar paring wedharan,
Marang sagung siswa Sragen,
Yen wus ngapal lakumu,
Jatine bisa pinanggih,
Aneng dunya delahan,
Menep jroning kalbu,
Mbabar ilmu kasampurnan,
Sinebut manunggaling kawula Gusti,
Pangeran Maha Tunggal.
Kesadaran untuk bersikap saling menghormati sejak dulu tumbuh dalam diri warga Sragen. Ajaran Syekh Siti Jenar perlu dipahami dengan hati-hati. Tidak boleh salah tafsir, agar tidak membuat gaduh. Dipahami dengan hati-hati. Duga duga digawa, ati ati aja nganti keri. Masyarakat Kabupaten Sragen mujudake urip bebrayan kang guyub rukun saiyeg saeka kepti. Sembah kalbu yen lumintu dadi laku. Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.
Sukowati merujuk pada hakikat kesukaan dunia yang sejati. Keselarasan antara jagat gumelar dan jagat gumulung.
Pada masa pemerintahan Pak Bupati Sigit Pamungkas Kabupaten Sragen makin kopen kajen. Dengan wawasan kebudayaan, pemimpin dan rakyat mewujudkan suasana yang ayem tentrem bahagia lahir batin. Sembada ingkang sinedya.
Rabu Wage, 19 Pebruari 2025.
Purwadi
Komentar
Posting Komentar