Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2025

BABAD PASA RAMADHAN

Gambar
 BABAD PASA RAMADHAN Purwadi,  Ketua Lokantara,  HP 087864404347 1. Dhandhanggula Sasi Pasa.  Titi wanci hari Jemah Paing,  Siji maret amiwiti pasa,  Tahun rong ewu selawe,  Sepuh paring pituduh,  Mesu budi reresik dhiri,  Mapak wulan Ramadhan,  Manteb jroning kalbu,  Tata cara tanah Jawa,  Pra priyayi among tani seni santri,  Lestari nak tumanak.  Wulan Pasa nyata wus pinanggih,  Rinengga kanthi nyadran ruwahan,  Nyekar pepundhen sumare,  Sowan para leluhur,  Ing pangajab bisa mberkahi,  Nyuwun idi palilah,  Pandonga pangestu,  Dene para putra wayah,  Ingkang bekti marang lelakon kawuri,  Lumampah saben warsa.  Ramadhan mangka pethingan sasi,  Sinambrama mawi tata cara,  Kabeh pasiraman rame,  Tapa kungkum ing umbul,  Tapa ngeli iline kali,  Kumambang banyu sendhang,  Minangka lelaku,  Murih padhanging sasmita,  Ngestu ngesti wu...

Tata Cara Jamasan BABAD GILANG LIPURO MATARAM

Gambar
 Tata Cara Jamasan BABAD GILANG LIPURO MATARAM Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Kanjeng Panembahan Senapati,  Gentur lara lapa tapa brata,  Tekad gedhe ngemban cindhe,  Ngudi nugraha turun,  Gilang Lipuro ing pangesti,  Keprabon cakraningrat, Cumlorot kang ndaru,  Ketaman wahyu jatmika, Mesu budi saurute jalanidhi, Gisik Parangkusuma.  Setya ngembani Juru Martani,  Kang atmaja narendra Mataram,  Mangastuti gya sumendhe,  Saranane lelaku,  Cetha pana pranaweng kapti,  Olah rasa kasubratan,  Tinelaten tulus,  Telas harda pinusara,  Pakar pikir labuh labet gya ingukir,  Ngejayeng Ngeksiganda.  Handayani Jeng Waskita Jawi,  Tedhak turune Ki Ageng Ngerang,  Surasakti pesisir ler,  Tur ber bandha ber bandhu,  Ki Penjawi bupati Pati,  Dene Retna Dumilah,  Pangarsa Madiun,  Tedhaking Rangga Jumena,  Bibit aji jiwa raga wis nyawiji,...

BABAD GILANG LIPURO MATARAM

Gambar
 BABAD GILANG LIPURO MATARAM Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Kanjeng Panembahan Senapati,  Gentur lara lapa tapa brata,  Tekad gedhe ngemban cindhe,  Ngudi nugraha turun,  Gilang Lipuro ing pangesti,  Keprabon cakraningrat, Cumlorot kang ndaru,  Ketaman wahyu jatmika, Mesu budi saurute jalanidhi, Gisik Parangkusuma.  Setya ngembani Juru Martani,  Kang atmaja narendra Mataram,  Mangastuti gya sumendhe,  Saranane lelaku,  Cetha pana pranaweng kapti,  Olah rasa kasubratan,  Tinelaten tulus,  Telas harda pinusara,  Pakar pikir labuh labet gya ingukir,  Ngejayeng Ngeksiganda.  Handayani Jeng Waskita Jawi,  Tedhak turune Ki Ageng Ngerang,  Surasakti pesisir ler,  Tur ber bandha ber bandhu,  Ki Penjawi bupati Pati,  Dene Retna Dumilah,  Pangarsa Madiun,  Tedhaking Rangga Jumena,  Bibit aji jiwa raga wis nyawiji,  Demak Pajang Mat...

BABAD UMBUL PENGGING

Gambar
 BABAD UMBUL PENGGING Purwadi Ketua LOKANTARA,  Hp. 087864404347 A. Pasiraman Bening Pujangga Kyai Yasadipura darah Pengging. Perairan Pengging penuh dengan kharisma spiritual. Umbul Pengging digunakan sebagai sarana siram jamas buat para raja. Demi menjaga alam semesta, agar sami basuki lestari.  Negeri Pengging merupakan leluhur masyarakat Boyolali Pengging. Kraton Pengging berhubungan dengan pujangga Kyai Yasadipura. Trahing kusuma rembesing madu, wijining atapa tedhaking andana warih. Pujangga Yasadipura lahir pada tahun 1729. Ayahnya adalah Bupati Pekalongan KRT Padmonagoro. Nama kecil Yasadipura yaitu Jenal Ngalim atau Bagus Songgom. Berguru tentang kawruh pangawikan pada ulama Kedu. Leluhur Pujangga Kyai Yasadipura adalah para pembesar Pengging. Negeri Pengging menjadi pusat pertemuan geneologi para raja Jawa. Peradaban besar bermula pada tahun 423 Saka. Kehidupan berbangsa dan bernegara terselenggara dengan rapi. Setiap warga menyadari tata praja serta udanegara. ...

BABAD PANGGUNG SANGGA BUWANA

Gambar
 BABAD PANGGUNG SANGGA BUWANA Purwadi,  Ketua Lokantara Ratu Beruk Wilujengan Sangga Buwana 1. Kinanthi Gathuk mathuk Ratu Beruk,  Prameswari Sinuwun Tri,  Ing Panggung Sangga Buwana,  Ratu Sentul Raja Putri,  Tata cara Wilujengan,  Karaton hayu lestari.  Unggul kabul Ratu Sentul,  Maringi tepa palupi,  Ing Karaton Surakarta,  Darma bakti mring negari,  Trah Pura Mangkunegaran,  Tuhu prasetya ing janji.  Mendhem jero mikul dhuwur,  Ratu Sentul mangastuti,  Wejangan raja Mataram,  Mangka jejering pawestri,  Winursita jroning kitab,  Sastra piwulang prayogi.  2. Gambuh Wanodyayu pununjul,  Asmanipun Raden Ajeng Sentul,  Rajaputri Sunan Paku Buwana Tri, Semu purun sopan santun,  Grapyak jenak andhap asor.  Gathuk pethuk pikantuk,  Wulang wuruk Kanjeng Ratu Beruk, Wonogiri Karanganyar milangkori, Gunung Sewu Gunung Lawu,  Ratu Sentul wus kesohor. 3. Maskumambang ...

Panggung Sangga Buwana

Gambar
 Panggung Sangga Buwana 1. Dhandhanggula Merbawani sasana semedi,  Winastan Panggung Sangga Buwana,  Ngening cipta mrih pikoleh,  Tata cara ngaluhur,  Mesu budi saluku tunggil, Sedhakep megeng napas,  Jumbuh kang ginayuh,  Sembada ingkang sinedya,  Jroning kapti jangka jangkah wus kaesthi,  Wilujengan dhukutan.  2. Kinanthi Abdi dalem pangarsa gung, Upacara ing maligi,  Dhawuh sasana wilapa, Ulama sigra ndongani,  Brengengeng kadya bremara,  Winangsulan tadhah amin.  3. Pangkur Kumelun kukusing dupa,  Hagni murup sumundhul ing wiyati,  Sumerbak gandane arum,  Caket sekar setaman,  Gya binangun wewangunan wingit wangun,  Ing Panggung Sangga Buwana,  Wedharing kang pangastuti.  4. Asmarandana Maneka warna sesaji,  Cecawis kolak kencana,  Pisang raja pepak gedhe,  Sega golong jajan pasar,  Glepung kinarya bekakak,  Srundeng gurih ketan biru,  Janganan ijo k...

Ratu Banuwati Prabu Hadi

Gambar
 Ratu Banuwati Prabu Hadi Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 1. Dhandhanggula Tepa palupi Dyah Banuwati,  Siwi ayu Pangeran Benawa,  Kang ibu menggalih gedhe,  Rara Tasikmadu,  Pamekasan suta bupati,  Wisma ing Surabaya,  Bandaran kang agung,  Pelabuhan Tanjung Perak,  Dagang layar kayu sarem gamping laris,  Gancaring daya arta.  Sinuwun Hadi Hanyakrawati,  Dyah Banuwati minangka garwa,  Mumpuni kasarjanane,  Suka ambangun gedhung, Pesanggrahan den arah bathi,  Pasewan Jayakarta,  Gumyak sigrak rebut payu,  Sambung srawung manca praja,  Emas picis anglumpuk lumaris manis,  Nambah santosa praja.  Dodol lisah bumi banyu mili,  Blora Bojonegoro lan Tuban,  Winangun punjering bale,  Dedunung kutha Cepu,  Banuwati angindhit dhuwit,  Karya wragat negara,  Mrih kuncara arum,  Mataram ngejayeng jagad,  Prameswari weruh petung lincah kesit, Nuhon...

Ratu Mas Balitar Putri Bupati Madiun

Gambar
 Ratu Mas Balitar Putri Bupati Madiun 1. Maskumambang Trah kusuma rembesing madu pinuji,  Kanjeng Ratu Mas Balitar,  Lenggah garwa prameswari,  Paku Buwana sepisan.  Mantu dalem Amangkurat Tegalwangi,  Narendra gung binathara,  Mbahu dhendha nyakrawati,  Kraton Plered Ngeksiganda.  2. Gambuh Katur Pangeran Timur,  Wus misuwur dharahing ngaluhur,  Putra Sultan Trenggana Demak narpati, Mangka Bupati Madiun,  Rangga Jumena trah katong.  Senapati kayungyun,  Ngayun ayun wanita Madiun,  Palakrami Retna Dumilah tumuli,  Sinengkuyung Kyai Tundhung,  Turidha manjing rinaos.  3. Pucung Wiwit timur Rangga Jumena sung lipur,  Ratu Kalinyamat,  Garwa Pangeran Hadirin,  Ing Jepara nggulawenthah widyatama.  Teguh hayu Rangga Jumena dinulu,  Gentur tapa brata,  Sura sakti mawas dhiri, Kuwat drajat kepanjingan pangkat semat.  4. Pangkur Angandika Sultan Pajang,  Joko Tingkir...