Ratu Mas Balitar Putri Bupati Madiun
Ratu Mas Balitar Putri Bupati Madiun
1.
Maskumambang
Trah kusuma rembesing madu pinuji,
Kanjeng Ratu Mas Balitar,
Lenggah garwa prameswari,
Paku Buwana sepisan.
Mantu dalem Amangkurat Tegalwangi,
Narendra gung binathara,
Mbahu dhendha nyakrawati,
Kraton Plered Ngeksiganda.
2.
Gambuh
Katur Pangeran Timur,
Wus misuwur dharahing ngaluhur,
Putra Sultan Trenggana Demak narpati,
Mangka Bupati Madiun,
Rangga Jumena trah katong.
Senapati kayungyun,
Ngayun ayun wanita Madiun,
Palakrami Retna Dumilah tumuli,
Sinengkuyung Kyai Tundhung,
Turidha manjing rinaos.
3.
Pucung
Wiwit timur Rangga Jumena sung lipur,
Ratu Kalinyamat,
Garwa Pangeran Hadirin,
Ing Jepara nggulawenthah widyatama.
Teguh hayu Rangga Jumena dinulu,
Gentur tapa brata,
Sura sakti mawas dhiri,
Kuwat drajat kepanjingan pangkat semat.
4.
Pangkur
Angandika Sultan Pajang,
Joko Tingkir paring wulang pamikir,
Misuda Pangeran Timur,
Mandhegani bang wetan,
Ing Madiun wargane kayun kayungyun,
Krana budi wicaksana,
Samukawis manis aris.
Wisudan tlatah bang wetan,
Sigrak gumyak warata saknegari,
Sampun bupati Madiun,
Nata pakaryan praja,
Run tumurun kayat kayun paran purun,
Rumeksa Rangga Jumena,
Tedhaking andana warih.
5.
Kinanthi
Kulon katon gunung Lawu,
Sisih wetan gunung Wilis,
Lor cakete gunung Pandhan,
Larik jejer alas jati,
Kebun tegal mbaon sawah,
Banyu mili turut kali.
Tapa sukuning Merbabu,
Wanci ratri Rawapening,
Semadi manungku puja,
Jroning kapti mesu budi,
Ratu Balitar kawentar,
Putri sarjana winasis.
6.
Mijil
Ratu Retna Dumilah winarni,
Bebet bibit bobot,
Sulistya ing warna ngemban cindhe,
Putri Bupati Madiun prameswari,
Raja Senapati,
Mustikaning ratu.
Kyai Tundhung Widodaren Ngawi,
Muncar sinar pamor,
Tombak pusaka sipat kandele,
Retna Dumilah unggul ing jurit,
Takluk Senapati,
Kasmaran kayungyun.
7.
Sinom
Sega pecel enak eca,
Lawuh krupuk renyah gurih,
Rempeyek awor kuluban,
Ron kemangi kembang turi,
Sambel pedhes ngangeni,
Kuliner tlatah Madiun,
Reregan genah murah,
Wanci dalu pinggir margi,
Kersa dhahar manah sabar pikir bingar.
Uba rampe olah olah,
Retna Dumilah pancene wasis,
Wulangan Ratu Balitar,
Nulat sagung para putri,
Dhaharan enak gurih,
Racikan koki Madiun,
Ing saindhenge jagat,
Pinanggih sakmargi margi,
Keplek ilat prayoga lamun tinulat.
8.
Dhandhanggula
Sambung dunung sejarah Mentawis,
Putri Bupati Madiun asma,
Ratu Mas Balitar kiye,
Garwa narendra agung,
Sunan Paku Buwana Tunggil,
Mataram Kartasura,
Jembaring pandulu,
Baut angripta pustaka,
Dhawuh wajib para murid maca tertib,
Angudi kepinteran.
Ratu Balitar asung palupi,
Duk ngrumpaka serat Iskandar,
Pratelan narendra gedhe,
Anganggit serat Yusup,
Kanjeng Nabi bagus asigit,
Dene serat Ambiya,
Kinarya pituduh,
Wewarah wulang sejarah,
Serat kandha urut patut anelahi,
Pitutur kautaman.
9.
Asmarandana
Angembani wayah siwi,
Suwita Kraton Mataram,
Marasepuh kadang ipe,
Sunan Amangkurat Tegal,
Sunan Amangkurat Amral,
Lajeng ndherek putra mantu,
Sinuwun Amangkurat Mas.
Nekseni babad Giyanti,
Perjanjian Salatiga,
Mula kersa cawe cawe,
Wibawa lan wicaksana,
Tumrape putra wayah,
Ratu Blitar tanggap tangguh,
Gegayuhan kasembadan.
10.
Megatruh
Lembah Manah putri kawentar sinebut,
Kanjeng Ratu Banyumanik,
Katelah Ratu Merbabu,
Garwa Mangkurat Kediri,
Ratu Balitar gya momong.
Unggul kabul mantep mumbul mantul punjul,
Ratu Mas Balitar ngudi,
Prak adoh manglung mentiyung,
Adi luhung edi peni,
Lumanpah papak sinongsong.
11.
Durma
Pangeran Purbaya Bupati Lamongan,
Kanjeng Ratu Mas Bangsri,
Wusnya palakrama,
Peputra Jeng Ratu Mas,
Prameswari Sunan Paku Buwana dwi,
Ratu Balitar,
Bibit kawit tanah Jawi.
Kartasura Surakarta Yogyakarta,
Mangkunegaran puri,
Pancen pinaringan,
Kanjeng Ratu Balitar,
Lumantar Amangkurat Jawi,
Ratu Kencana,
Amrih sami lestari.
Senin Paing
24 Pebruari 2025
Purwadi
Komentar
Posting Komentar