Panggung Sangga Buwana
Panggung Sangga Buwana
1.
Dhandhanggula
Merbawani sasana semedi,
Winastan Panggung Sangga Buwana,
Ngening cipta mrih pikoleh,
Tata cara ngaluhur,
Mesu budi saluku tunggil,
Sedhakep megeng napas,
Jumbuh kang ginayuh,
Sembada ingkang sinedya,
Jroning kapti jangka jangkah wus kaesthi,
Wilujengan dhukutan.
2.
Kinanthi
Abdi dalem pangarsa gung,
Upacara ing maligi,
Dhawuh sasana wilapa,
Ulama sigra ndongani,
Brengengeng kadya bremara,
Winangsulan tadhah amin.
3.
Pangkur
Kumelun kukusing dupa,
Hagni murup sumundhul ing wiyati,
Sumerbak gandane arum,
Caket sekar setaman,
Gya binangun wewangunan wingit wangun,
Ing Panggung Sangga Buwana,
Wedharing kang pangastuti.
4.
Asmarandana
Maneka warna sesaji,
Cecawis kolak kencana,
Pisang raja pepak gedhe,
Sega golong jajan pasar,
Glepung kinarya bekakak,
Srundeng gurih ketan biru,
Janganan ijo kuluban.
5.
Mijil
Dhukutan sesaji pitik urip,
Suguh ayam telor,
Bayem kangkung kacang tahu tempe,
Takir wadhah balur gerih teri,
Tumpeng rasa gurih,
Jangkep sekul uduk.
6.
Gambuh
Sampun sami nenuwun,
Anggenipun amiwiti mbangun,
Tata titi tatas titis samukawis,
Kabul unggul tur pinunjul,
Mulya leluhur kedhaton.
7.
Pucung
Kersa rawuh datan mingkuh ing pakewuh,
Rampung jejibahan,
Gawa gawe paripurna,
Suka lila labuh labet marang praja.
8.
Sinom
Nem likur tulis tinanggal,
Dungkap sasi Pebruari,
Rong ewu slawe kang warsa,
Pikantuk berkahing Widi,
Ketitik tambah becik ,
Lumampah hayu rahayu,
Tata cara dhukutan,
Ayem tentrem lahir batin,
Sinar muncar kanugrahan mbabar jembar.
9.
Durma
Pembangunan miturut ing paugeran,
Seratan pra winasis,
Kraton Surakarta,
Ngejayeng jagad raya,
Linambaran dugi prayogi,
Sastra piwulang,
Wulangreh lan Centhini.
10.
Megatruh
Wuku dhukut sinambrama sembah sujud,
Sangkan paraning dumadi,
Raga tanggap jiwa tangguh,
Weruh wignya awal akir,
Berag bareng raos bontos.
11.
Maskumambang
Wilujengan dhukutan tetep ngiringi,
Mring Panggung Sangga Buwana,
Tata raharja lestari,
Surakarta Hadiningrat.
Rebo Wage,
26 Pebruari 2025.
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar