BABAD GILANG LIPURO MATARAM
BABAD GILANG LIPURO MATARAM
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
1.
Dhandhanggula
Kanjeng Panembahan Senapati,
Gentur lara lapa tapa brata,
Tekad gedhe ngemban cindhe,
Ngudi nugraha turun,
Gilang Lipuro ing pangesti,
Keprabon cakraningrat,
Cumlorot kang ndaru,
Ketaman wahyu jatmika,
Mesu budi saurute jalanidhi,
Gisik Parangkusuma.
Setya ngembani Juru Martani,
Kang atmaja narendra Mataram,
Mangastuti gya sumendhe,
Saranane lelaku,
Cetha pana pranaweng kapti,
Olah rasa kasubratan,
Tinelaten tulus,
Telas harda pinusara,
Pakar pikir labuh labet gya ingukir,
Ngejayeng Ngeksiganda.
Handayani Jeng Waskita Jawi,
Tedhak turune Ki Ageng Ngerang,
Surasakti pesisir ler,
Tur ber bandha ber bandhu,
Ki Penjawi bupati Pati,
Dene Retna Dumilah,
Pangarsa Madiun,
Tedhaking Rangga Jumena,
Bibit aji jiwa raga wis nyawiji,
Demak Pajang Mataram.
Kraton ageng praba merbawani,
Prabu Hadi Nyakrawati lenggah,
Dhampar retna jejer moncer,
Asri lamun dinulu,
Anggentosi keprabon nuli,
Upacara kaprajan,
Megeng napas sujud,
Sembahyang ing watu gilang,
Puja puji ingembanan prameswari,
Darah karaton Pajang.
Tepa palupi Dyah Banuwati,
Siwi ayu Pangeran Benawa,
Kang ibu menggalih gedhe,
Rara Tasikmadu,
Pamekasan suta bupati,
Wisma ing Surabaya,
Bandaran kang agung,
Pelabuhan Tanjung Perak,
Dagang layar kayu sarem gamping laris,
Gancaring daya arta.
Sinuwun Hadi Hanyakrawati,
Dyah Banuwati minangka garwa,
Mumpuni kasarjanane,
Suka ambangun gedhung,
Pesanggrahan den arah bathi,
Pasewan Jayakarta,
Gumyak sigrak rebut payu,
Sambung srawung manca praja,
Emas picis anglumpuk lumaris manis,
Nambah santosa praja.
Dodol lisah bumi banyu mili,
Blora Bojonegoro lan Tuban,
Winangun punjering bale,
Dedunung kutha Cepu,
Banuwati angindhit dhuwit,
Karya wragat negara,
Mrih kuncara arum,
Mataram ngejayeng jagad,
Prameswari weruh petung lincah kesit,
Nuhoni trahing Pajang.
Raja putra Pajang kang winarni,
Asmanipun Pangeran Benawa,
Wusnya minulya sumare,
Ing Morotoko dhukuh,
Kapernah desa Wateshaji,
Minangka pajimatan,
Agung inggil luhur,
Suka lila angrumeksa
Warga Pati kecamatan Pucakwangi,
Ginanjar antuk berkah.
Narendra gung Raden Jaka Tingkir,
Jejuluk Sultan Hadiwijaya,
Kang kawentar Mas Karebet,
Wasis waskitha ampuh,
Tedhak turun priyagung Pengging,
Atma Kebo Kenanga,
Tur rembesing madu,
Dhasare trahing kusuma,
Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,
Turase Brawijaya.
Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,
Ingkang ibu Pangeran Benawa,
Pindha melathi rinonce,
Ganda sumerbak arum,
Sekar dhaton kinasih aji,
Kanjeng Sultan Trenggana,
Bagas bagus alus,
Ber budi bawa laksana,
Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,
Nata Demak Bintara.
Ratu Kalinyamat luwih sugih,
Pangeran Hadirin wus anggarwa,
Asale Samudra Pase,
Ber bandha lan ber bandu,
Rajabrana inten mas picis,
Rena tata wiyata,
Kawruh wulang wuruk,
Benawa ndherek suwita,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Meguru aneng Jepara.
Sami ndherek Pangeran Hadirin,
Kanjeng Madiun Rangga Jumena,
Dipati Pangeran Onje,
Benjang nuli kajunjung,
Purbalingga mangka bupati,
Raden Joko Kahiman,
Derajat ngaluhur,
Adipati Banyumas,
Wus permati nggulawenthah siswa siwi,
Jeng Ratu Kalinyamat.
Banuwati sung tepa palupi,
Minangka dadi garwa pangarsa,
Candr tiyang sepuh lare,
Mbudidaya praja maju,
Kanca estri wruh jatidhiri,
Wisma boga lan wastra,
Wareg cekap cukup,
Butuh jembar jangkah wiyar,
Sagung putri kebat rikat amakarti,
Mbangun nagri Mataram.
2.
Pangkur
Banuwati mulang mejang,
Tata cara urip sampun kawuri,
Warisan para leluhur,
Demak Pajang Mataram,
Ilmu laku pasahe krana panemu,
Gumregut greget gumregah,
Prameswari kang sejati.
Pangeran Benawa putra,
Paring asma Ratu Dyah Banuwati,
Wanita hayu rahayu,
Dhauping palakrama,
Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu,
Sultan Agung Nyakrasuma,
Narendra Kraton Mentawis.
Wondene Rangga Jumena,
Retna Dumilah garwa Senapati,
Tedhak turune Madiun,
Jeng Ratu Mas Balitar,
Prameswari Paku Buwana kang sepuh,
Tangguh tangggon tansah tanggap,
Ambawani tanah Jawi.
Benawa asung tuladha,
Nurunake darah santri priyayi,
Nggegulang sabarang ilmu,
Pesantren gya ngrembaka,
Pamulangan dadi piranti pituduh,
Gumebyar gilar sumebar,
Kinarya sangu makarti.
Aneng tlatah Jawi wetan,
Garwa Prabu Hadi Hanyakrawati,
Mrantasi pakaryan rampung,
Tuwa mudha pinercaya,
Langkah maju panemu laju limaku,
Mawi jejeging redana,
Kanjeng Ratu Banuwati.
3.
Gambuh
Sembada ampuh tangguh,
Darma bakti konjuk para sepuh,
Prameswari Kanjeng Ratu Banuwati,
Angengeti bapa ibu,
Mula banjur sregep maos.
Sowan marang leluhur,
Kraton Surakarta kang misuwur,
Putra Pajang sumare laladan Pati,
Benawa paring pitutur,
Mawi wejangan miraos.
Pangeran Benawa perlu,
Medharake sanggya ilmu laku,
Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati,
Drajat pangkat semat wahyu,
Rumasuk padhang sumorot.
Kedhung kawruh pituduh,
Banuwati prameswari wutuh,
Barang kalir lumaku gancar sumilir,
Mataram sangsaya maju,
Ing bawana trus kesohor.
4.
Kinanthi
Sampun mulang Sultan Agung,
Prameswari Banuwati,
Kawruh tama niti praja,
Sinerat ing sastra gendhing,
Wacan serat pagracutan,
Dimen dadi jalma lantip.
Benawa patut tiniru,
Bekti marang Senapati,
Pasrah panguwasa Pajang,
Kawibawan kraton Pengging,
Lumintir aneng Mataram,
Supaya lumaku becik.
Nak tumanak run tumurun,
Pangeran Benawa iki,
Pinaringan kanugrahan,
Kawiryan hartawan wasis,
Demak Pajang lan Mataram,
Widada sugeng lestari.
Adi luhung jiwa agung,
Kanjeng Ratu Banuwati,
Garwa nata ing Mataram,
Krana maringi tuladha,
Wulang wuruk becik apik,
Pepundhen para kawula,
Labuh labet mring negari.
Pajimatan Girilaya
1.
Pangkur
Pajimatan Girilaya,
Wus sumare Jeng Ratu Banuwati,
Ingkang ibu Sultan Agung,
Putra Raden Benawa,
Ayu hayu ayem ayom tur rahayu,
Wayah dalem Sultan Pajang,
Turun Demak Majapahit.
Putra wayah sami nyadran,
Kawibawan kawidadan nyekapi,
Gilang Lipura den anut,
Surakarta Ngayogya,
Trah Matarum kuncara arum sadarum,
Tampi mulya bagya rena,
Titis manis dana picis.
2.
Asmarandana
Mbrebes mili darah Pengging,
Makurung Handayaningrat,
Kebo Kenanga Karebet,
Kanjeng Ratu Mas Cempaka,
Sultan Trenggana ing Demak,
Raden Patah Ratu Panggung,
Sunan Ampel Surabaya.
Daha Medhang Singasari,
Kahuripan Demak Pajang,
Leluhur Mataram kiye,
Mesu budi tapa brata,
Semedi Gilang Lipura,
Minangka srana pinuwun,
Run tumurun nak tumanak.
Sela Gilang Lipura
1.
Maskumambang
Tata cara wanci hari Jemah Legi,
Ing Sela Gilang Lipura,
Kauman Pandak marsudi,
Gilangharjo Bantul Yogya.
Kersa tedhak Gusti Ratu Wandansari,
Mandhegani upacara,
Wolu likur Pebruari,
Rong ewu slawe kang warsa.
2.
Mijil
Sami memetri budaya Jawi,
Asumber kedhaton,
Laras nuting jaman age,
Jatidiri basuki lestari,
Ketitik becik,
Tuladha tiniru.
Leluhur Karaton sung palupi,
Momong momor momot,
Kinen warisan ngrembaka rame,
Wedharan pujangga kang prayogi,
Kasastran tinulis,
Bisa kanggo sangu.
3.
Pucung
Kang cinatur dhawuhi priyayi luhur,
Nut sastra piwulang,
Wedhatama candrarini,
Panembahan Senapati kanugrahan.
Mrih rahayu upacara kang tinuju,
Gawa gawe gancar,
Among tani dagang bathi,
Suka rena panggah panggih ing yuwana.
Jemah Legi
28 Pebruari 2025,
Purwadi
Komentar
Posting Komentar