Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2025

Wedangan Kampung Prof Dr Suwarna Dwijanagara

Gambar
 Wedangan Kampung Prof Dr Suwarna Dwijanagara 1. Dhandhanggula Sinengkalan wanci ambal warsi,  Jeng Prof Suwarna Dwijanagara,  Gati asta tawang lare,  Sami suka rahayu,  Panjang punjung wusnya pinanggih,  Bagasing jiwa raga,  Ber bandha ber bandhu,  Kadang mitra gancar lancar,  Pebruari tanggal siji gya nyekseni,  Jurusan Basa Jawa.  2. Kinanthi Enjang sampun kersa rawuh,  Bu Prof Endang Nurhayati,  Bu Hesti Mulyani sigra,  Asung pambagya winarni,  Bu Siti Mulyani miwah,  Prof Sri Harti Widyastuti. 3. Asmarandana Wedangan Kampung mandhegani,  Pak Prof Afendy Widayat, Mbak Nur Hidayati gawe,  Bantu Mas Galang Prastawa,  Nyusul Mas Makin Mbak Mega,  Mas Eko Mas Erwin saguh,  Karya suka Prof Suwarna.  4. Pangkur Ndherek Mas Doni Hartanta, Sareng Mbak Venny Indera Ekowati, Mbak Wulan Hertanti munjuk, Mrih regenging pahargyan,  Mbak Nujumun Niswah lincah damel gumun, Mbak sekret...

Dhandhanggula

Gambar
 Dhandhanggula Sinengkalan wanci ambal warsi,  Jeng Prof Suwarna Dwijanagara,  Gati asta tawang lare,  Sami suka rahayu,  Panjang punjung wusnya pinanggih,  Bagasing jiwa raga,  Ber bandha ber bandhu,  Kadang mitra gancar lancar,  Pebruari tanggal siji gya nyekseni,  Jurusan Basa Jawa.  1 Pebruari 2025 Purwadi

Pagelaran Wayang lakon Dewantara Kawedhar

Gambar
 Pagelaran Wayang lakon Dewantara Kawedhar A. Ringkasan cerita Negeri Amarta sedang mbabar ngelmu kasampurnan. Pendawa yang dipimpin Prabu Puntadewa belajar kepada Ki Hajar Dewantara. Ajaran kebangsaan kebudayaan dan keagamaan berjalan selaras serasi seimbang.  Gerakan kultural pendidikan ini mendapat reaksi keras. Prabu Duryudana merasa gelisah. Pencerahan dari tokoh Taman Siswa bisa mengancam negeri Astina. Kurawa yang dipimpin Patih Sengkuni berusaha menggagalkan.  Koalisi Kerajaan Astina dan  Nusakambana terjadi. Keduanya ingin membubarkan kegiatan pendidikan Pendawa. Kalau warga Amarta mendapat pencerahan, kedua negeri itu bisa terancam. Bala  Nusakambana mengerahkan tenaga jin hantu raksasa.  Usaha kekacauan Kurawa dan Nusakambana bisa dicegah. Ternyata ajaran Ki Hajar Dewantara itu penuh kebajikan kebijakan keanggunan keagungan kedamaian.  Kurawa dan sekutunya sadar.  Ternyata ajaran Dewantara Kawedhar selalu relevan sepanjang jaman. Ilmu i...

TAMAN SISWA KAWEDHAR

Gambar
TAMAN SISWA KAWEDHAR 1. Dhandhanggula Winursita wedharan pinilih,  Wejangan Ki Hajar Dewantara,  Babaran gagasan gedhe,  Yogya karya pituduh,  Wulang wuruk wong saknegari,  Ing ngarsa sung tuladha,  Lamun lenggah ngayun, Lan ing madya mangun karsa,  Mawas dhiri gya tut wuri handayani,  Tatanan ing bebrayan.  2. Sinom Perguruan Taman Siswa,  Dadi sarana piranti,  Pendidikan kebangsaan,  Bekti mring ibu pertiwi, Labuh labet negari,  Kabudayan adi luhung,  Amarsudi kagunan,  Budi luhur edi peni,  Guna cara rinumpaka nusa bangsa.  3. Mijil Medhar wulangan budi pekerti,  Bibit bebet bobot,  Becik trawaca mula bukane,  Legawengtyas minulyeng sesami, Taman Siswa paring,  Patuladhan tuhu.  4. Pangkur Taman Siswa panjang yuswa,  Siji sanga rolikur telu Juli,  Senin Kliwon dintenipun,  Ki Hajar Dewantara,  Priyayi gung kerakyatan sinengkuyung,  Kebangsaan kabudaya...

Amangkurat Klaten

Gambar
 Amangkurat Klaten Mijil Kraton Plered pindhah Kartawani, Ngener ngetan ngalor,  Mesanggrah ing Tegalgondo Klaten,  Sri narendra Amangkurat ping dwi,  Prapteng Wonosari,  Tembayat Delanggu.  2. Dhandhanggula Amangkurat Amral yasa puri,  Gantiwarna dumugi Prambanan,  Sebut Amangkurat Klaten,  Jatinom Ceper Trucuk,  Manisrenggo tumuju Wedhi, Kemalang Jogonalan,  Tulung Kebonarum,  Karangnongko Ngawen Cawas,  Tandang kardi Kanjeng Sunan handayani,  Ambangun Kartasura.  3. Gambuh Kartasura binangun,  Amangkurat Amral Jeng Sinuwun,  Tlatah Klaten tlaten titen amakarti,  Guyub rukun gawe gumun, Murih rampunge kedhaton.  Amangkurat Surabaya 1. Maskumambang Amangkurat Surabaya Rahmat Kuning,  Atmaja Kanjeng Ratu Mas,  Raden Pekik Wadansari,  Raja putra narendra gung Ngeksiganda.  2. Pucung  Wiwit timur Amangkurat trah ngaluhur,  Miyos Surabaya,  Kanjeng Raden Rahmat ...