Wedangan Kampung Prof Dr Suwarna Dwijanagara
Wedangan KampungProf Dr Suwarna Dwijanagara
1.
Dhandhanggula
Sinengkalan wanci ambal warsi,
Jeng Prof Suwarna Dwijanagara,
Gati asta tawang lare,
Sami suka rahayu,
Panjang punjung wusnya pinanggih,
Bagasing jiwa raga,
Ber bandha ber bandhu,
Kadang mitra gancar lancar,
Pebruari tanggal siji gya nyekseni,
Jurusan Basa Jawa.
2.
Kinanthi
Enjang sampun kersa rawuh,
Bu Prof Endang Nurhayati,
Bu Hesti Mulyani sigra,
Asung pambagya winarni,
Bu Siti Mulyani miwah,
Prof Sri Harti Widyastuti.
3.
Asmarandana
Wedangan Kampung mandhegani,
Pak Prof Afendy Widayat,
Mbak Nur Hidayati gawe,
Bantu Mas Galang Prastawa,
Nyusul Mas Makin Mbak Mega,
Mas Eko Mas Erwin saguh,
Karya suka Prof Suwarna.
4.
Pangkur
Ndherek Mas Doni Hartanta,
Sareng Mbak Venny Indera Ekowati,
Mbak Wulan Hertanti munjuk,
Mrih regenging pahargyan,
Mbak Nujumun Niswah lincah damel gumun,
Mbak sekretaris jurusan,
Kondhang Avi Melawati.
5.
Mijil
Pra putra Fatkurrahman Awalin,
Mimbuhi miraos,
Mapan aneng bale gedhe,
Sinambi dhahar nyamikan gurih,
Ngunjuk mbanyu mili,
Ing Wedangan Kampung.
6.
Gambuh
Dhahar ngunjuk kang enuk,
Sarwa mathuk suguhane gathuk,
Pisang goreng tela puhung tempe kripik,
Wedang kopi teh lan susu,
Suger sumyah kang rinaos.
7.
Pucung
Sinengkuyung donga dhateng Maha Agung,
Mahargya Prof Warna,
Puja puji sung sesanti,
Panjang yuswa lestari suka widada.
1 Pebruari 2025
Purwadi
Komentar
Posting Komentar