TAMAN SISWA KAWEDHAR

TAMAN SISWA KAWEDHAR




1.

Dhandhanggula


Winursita wedharan pinilih, 

Wejangan Ki Hajar Dewantara, 

Babaran gagasan gedhe, 

Yogya karya pituduh, 

Wulang wuruk wong saknegari, 

Ing ngarsa sung tuladha, 

Lamun lenggah ngayun,

Lan ing madya mangun karsa, 

Mawas dhiri gya tut wuri handayani, 

Tatanan ing bebrayan. 


2.

Sinom


Perguruan Taman Siswa, 

Dadi sarana piranti, 

Pendidikan kebangsaan, 

Bekti mring ibu pertiwi,

Labuh labet negari, 

Kabudayan adi luhung, 

Amarsudi kagunan, 

Budi luhur edi peni, 

Guna cara rinumpaka nusa bangsa. 


3.

Mijil


Medhar wulangan budi pekerti, 

Bibit bebet bobot, 

Becik trawaca mula bukane, 

Legawengtyas minulyeng sesami,

Taman Siswa paring, 

Patuladhan tuhu. 


4.

Pangkur


Taman Siswa panjang yuswa, 

Siji sanga rolikur telu Juli, 

Senin Kliwon dintenipun, 

Ki Hajar Dewantara, 

Priyayi gung kerakyatan sinengkuyung, 

Kebangsaan kabudayan, 

Kapribaden jatidhiri.


5.

Asmarandana


Taman Siswa gya mandhiri, 

Nyai Hajar Dewantara, 

Raden Soebono andherek, 

Soetama Suryakusuma, 

Ki Sutapa Wanabaya,

Prono Widigdo mituhu,

Tjokrodirdjo Suryaputra.


6.

Durma


Kanjeng Raden Mas Suwardi Suryaningrat, 

Trah kusuma priyayi, 

Turune Mataram, 

Pura Paku Alaman, 

Sutartinah garwa mumpuni, 

Ngayogyakarta, 

Taman Siswa wus lahir.


7.

Megatruh


Panji Taman Siswa mengku kawruh wutuh, 

Plengkung agung perisai, 

Kuning emas cahya luhur, 

Suci tata ngesti tunggal warsi, 

Perlambang ingkang kesohor. 


8.

Maskumambang


Suci Tata Ngesti Tunggal tahun Jawi, 

Taman Siswa sinengkalan, 

Mulang muruk murwakani, 

Perguruan kebangsaan. 


9.

Gambuh


Taman Siswa misuwur, 

Agung luhur wulangan sempulur,

Jatidhiri Sarjana Wiyata yekti, 

Tata gati tanggap tangguh, 

Tandang karya tetep tanggon. 


10.

Pucung


Sambang sambung Taman Siswa srawung dunung,

Sarjana Wiyata, 

Olah rasa mesu budi, 

Bakti darma kanggo mulyaning negara. 


11.

Kinanthi


Medhar bapa ibu guru, 

Para murid gelis wasis, 

Perguruan Taman Siswa, 

Pendidikan

mandhegani, 

Saindhenging Nusantara, 

Sungkem mring ibu pertiwi. 



Purwadi, 

Ketua Lokantara

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Babad Pangeran Benawa