Pagelaran Wayang lakon Dewantara Kawedhar
Pagelaran Wayang lakon Dewantara Kawedhar
A. Ringkasan cerita
Negeri Amarta sedang mbabar ngelmu kasampurnan. Pendawa yang dipimpin Prabu Puntadewa belajar kepada Ki Hajar Dewantara. Ajaran kebangsaan kebudayaan dan keagamaan berjalan selaras serasi seimbang.
Gerakan kultural pendidikan ini mendapat reaksi keras. Prabu Duryudana merasa gelisah. Pencerahan dari tokoh Taman Siswa bisa mengancam negeri Astina. Kurawa yang dipimpin Patih Sengkuni berusaha menggagalkan.
Koalisi Kerajaan Astina dan Nusakambana terjadi. Keduanya ingin membubarkan kegiatan pendidikan Pendawa. Kalau warga Amarta mendapat pencerahan, kedua negeri itu bisa terancam. Bala Nusakambana mengerahkan tenaga jin hantu raksasa.
Usaha kekacauan Kurawa dan Nusakambana bisa dicegah. Ternyata ajaran Ki Hajar Dewantara itu penuh kebajikan kebijakan keanggunan keagungan kedamaian.
Kurawa dan sekutunya sadar. Ternyata ajaran Dewantara Kawedhar selalu relevan sepanjang jaman. Ilmu iku kelakone kanthi laku.
B. Urutan cerita
1. Jejer Astina
2. Kedhatonan
3. Paseban jawi
4. Sabrangan
5. Peguron Taman Siswa
6. Perang kembang
7. Kayangan
8. Rerasan Amarta
9. Wejangan
10. Pamungkas
C. Teknik pentas
1. Rekaman video
2. Livestreaming
3. Running teks
4. Aktivitas dan foto Fakultas Teknik Sarjana Wiyata.
5. Durasi 3 - 4 jam.
Dalang Purwadi
BABAD TAMAN SISWA
1.
Dhandhanggula
Winursita wedharan pinilih,
Wejangan Ki Hajar Dewantara,
Babaran gagasan gedhe,
Yogya karya pituduh,
Wulang wuruk wong saknegari,
Ing ngarsa sung tuladha,
Lamun lenggah ngayun,
Lan ing madya mangun karsa,
Mawas dhiri gya tut wuri handayani,
Tatanan ing bebrayan.
2.
Sinom
Perguruan Taman Siswa,
Dadi sarana piranti,
Pendidikan kebangsaan,
Bekti mring ibu pertiwi,
Labuh labet negari,
Kabudayan adi luhung,
Amarsudi kagunan,
Budi luhur edi peni,
Guna cara rinumpaka nusa bangsa.
3.
Mijil
Medhar wulangan budi pekerti,
Bibit bebet bobot,
Becik trawaca mula bukane,
Legawengtyas minulyeng sesami,
Taman Siswa paring,
Patuladhan tuhu.
4.
Pangkur
Taman Siswa panjang yuswa,
Siji sanga rolikur telu Juli,
Senin Kliwon dintenipun,
Ki Hajar Dewantara,
Priyayi gung kerakyatan sinengkuyung,
Kebangsaan kabudayan,
Kapribaden jatidhiri.
5.
Asmarandana
Taman Siswa gya mandhiri,
Nyai Hajar Dewantara,
Raden Soebono andherek,
Soetama Suryakusuma,
Ki Sutapa Wanabaya,
Prono Widigdo mituhu,
Tjokrodirdjo Suryaputra.
6.
Durma
Kanjeng Raden Mas Suwardi Suryaningrat,
Trah kusuma priyayi,
Turune Mataram,
Pura Paku Alaman,
Sutartinah garwa mumpuni,
Ngayogyakarta,
Taman Siswa wus lahir.
7.
Megatruh
Panji Taman Siswa mengku kawruh wutuh,
Plengkung agung perisai,
Kuning emas cahya luhur,
Suci tata ngesti tunggal warsi,
Perlambang ingkang kesohor.
8.
Maskumambang
Suci Tata Ngesti Tunggal tahun Jawi,
Taman Siswa sinengkalan,
Mulang muruk murwakani,
Perguruan kebangsaan.
9.
Gambuh
Taman Siswa misuwur,
Agung luhur wulangan sempulur,
Jatidhiri Sarjana Wiyata yekti,
Tata gati tanggap tangguh,
Tandang karya tetep tanggon.
10.
Pucung
Sambang sambung Taman Siswa srawung dunung,
Sarjana Wiyata,
Olah rasa mesu budi,
Bakti darma kanggo mulyaning negara.
11.
Kinanthi
Medhar bapa ibu guru,
Para murid gelis wasis,
Perguruan Taman Siswa,
Pendidikan
mandhegani,
Saindhenging Nusantara,
Sungkem mring ibu pertiwi.
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar