Macapat Arisan Prodi Jawi

 Macapat Arisan Prodi Jawi




1.

Dhandhanggula


Pahargyan ing Gubug Watu Kali, 

Ngaglik Sukoharjo Yapah, 

Papan asri jembar gedhe, 

Gupuh ampuh anyuguh, 

Pak Sumadi Nurhidayati, 

Warga basa daerah, 

Reriungan kumpul,

Sigrak gumyak jenak grapyak, 

Sami nyambi dhahar ngunjuk seger gempi, 

Suka eca mirasa.


2.

Gambuh


Sambang sambung lan srawung, 

Sami purun murih guyub rukun, 

Nyaranani warga prodi basa Jawi, 

Bu Nur atur sugeng rawuh, 

Bagya mulya kang rinaos.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.