PACITAN MARSUDI BUDAYA

 PACITAN MARSUDI BUDAYA




1.

Dhandhanggula PAKASA Pang Pacitan


Paguyuban Kawula winarni, 

Kraton Surakarta Hadiningrat, 

Pang Pacitan sinebute,

Wusnya kersa angrembug, 

STKIP PGRI.

Heru Arif Pianta, Pangarsa pinunjul, Sinengkuyung kadang mitra,

Asesanti setya saraya lestari,

Rumeksa mring budaya. 


2.

Gambuh  Budaya Pacitan


Budaya adi luhung, 

Wilayah Pacitan trus ngrembuyung, 

Kesenian tumangkar ing ngendi endi, 

Wiwit desa kutha gunung, 

Jatidhiri gya kesohor.


3.

Pucung gunung Pacitan


Kutha agung Pacitan kinupeng gunung, 

Cerak Panaraga, 

Gunung Kidul Wonogiri, 

Wewangunan katon tumangkar ngrembaka.


4.

Kinanthi alun alun Pacitan


Tumuju ing alun alun, 

Enggar enggaring penggalih, 

Lenggah eca tur sekeca, 

Cocok ngunjuk wedang kopi, 

Teh jahe dhahar jajanan, 

Wiwit enjang dugi ratri.


5.

Mijil Praja Pacitan


Tata praja lumaras lumaris, 

Pacitan mencorong, 

Pangarsa lurah ngantos Presiden, 

Darma bakti dhumateng negari, 

Pamardi pinuji, 

Panjangkah pinuju.


6.

Pangkur Pawiyatan Pacitan. 


Pamulangan para siswa, 

Den persudi kanthi gemi nastiti, 

Anut bapak ibu guru, 

Greget gregah sekolah, 

Luru ngelmu madhep mantep jroning kalbu, 

Kecerdasan kepinteran, 

Dados sarjana winasis. 


7.

Asmarandana Tani Pacitan


Panguripan among tani, 

Mapan ing karang padesan, 

Rina wengi nyambut gawe, 

Nandur pari palawija, 

Kedhele kacang lanjaran, 

Bayem kangkung tela puhung, 

Ingon ingon sapi menda. 


8.

Sinom Pasar Pacitan


Sakeh bakulan ing pasar, 

Kawiwitan pasar legi, 

Rame saben limang dina, 

Sinusulan pasar paing, 

Pasar pon trus gumanti, 

Pasar wage candhakipun, 

Pasar kliwon lumampah, 

Dina pasaran ngarani, 

Ayo rowang menyang pasar men ngumandhang. 


9.

Megatruh Pacitan Gotong royong


Sambang sambung sawang srawung lung tinulung, 

Guyub rukun kerja bakti, 

Sesambatan gugur gunung, 

Saiyek saeka kapti, 

Warga bangsa gotong royong. 


10.

Durma Gegayuhan Pacitan


Tekad waja ngupakara jiwa raga, 

Pacitan sigra bangkit,

Kabisan kawignyan, 

Gegayuhan sembada, 

Tumata permana permati, 

Mulya kabagyan, 

Tutug tatag tumitis. 


11.

Maskumambang Pacitan Widada


Pacitan gua gemah ripah loh jinawi, 

Pasir wukir punjang panjang, 

Kasantosan lahir batin, 

Kawibawan kawidadan. 



Pacitan, 4 Nopember 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd

Dari Yogya ke Pangkalpinangl