Tunggal Pasuwitan

 Tunggal Pasuwitan



Babad Paku Buwono XIV


1.

Dhandhanggula


Samya sowan dhateng Sitihinggil, 

Kraton Surakarta Hadiningrat, 

Bangsal Sewayana gedhe, 

Prasetya Jeng Sinuwun, 

Prasapa ing manguntur tangkil, 

Dhuwur sela tri denta,

Sumpah suci tuhu,

Lenggah minangka   narendra, 

Binathara mbahu dhendha nyakrawati, 

Sunan Paku Buwana. 


Titi wanci sengkalan wigati, 

Manising netra lilaning puja, 

Tumpak Kasih ari moncer, 

Nuju rolikur Mulud, 

Wus pinilih dina linuwih, 

September tanggal lima, 

Tahune nem likur, 

Setu Kliwon kalampahan, 

Jumenengan jangkep genep genah yekti, 

Miturut paugeran. 


Gegebengan wedharan narpati, 

Nata ambeg adil paramarta, 

Wulang wewarah rinonce, 

Angger anggering hukum, 

Bawa laksana lan ber budi, 

Netepi pangandika,

Medhar sabda arum,

Gancar lancar anggeganjar, 

Sri narendra Surakarta amastuti, 

Memayu hayuning rat.


Binarunging myang larasing gendhing, 

Monggang ngumandhang ing awang awang, 

Munya sigrak carabalen, 

Amemuji ganda mastuti, 

Gembira puspawarna,

Sri Katon mangungkung, 

Kodhok ngorek sung prebawa, 

Calapita gleyong udan anyartani, 

Tindake sri narendra.


Tata cara rahayu lestari,

Gelar ringgit winastan ruwatan, 

Sudamala lakon awet, 

Prameswari Hyang Guru, 

Luwar ruwet Dewi Pramoni,

Sri Susilo ki dalang, 

Ngembani Sinuwun, 

Benjang samangsa wisudan, 

Munggah inggil sewayana sitihinggil, 

Manggih tata raharja.


Kanjeng Sunan siram jamas aglis, 

Gusti Wandansari gya mranata, 

Wayah anglonge srengenge,

Dumugi serep surup, 

Waranggana wiyaga muji, 

Mbrengengeng santi mulya, 

Karaton pikantuk, 

Kawibawan kawidadan, 

Abdi dalem sentana pangarsa mukti, 

Kabagyan kaluhuran.


Nganti malem ing midodareni, 

Palenggahan sasana sewaka, 

Bedhaya ketawang gladhen, 

Parasdya dalem agung, 

Lenggah dhampar kencana rukmi,

Lenggahan ing paningrat, 

Nenging cipta kalbu, 

Jajar jajar nguntarasana, 

Para abdi dalem  sluku ing maligi, 

Minta sih panuwunan. 


Pangastuti dugi madya ratri,

Kanjeng Sunan mesu jejibahan, 

Kanca kaji sami ndherek, 

Narendra sru tuwajuh, 

Masjid Paramasana mligi, 

Ambengati sang nata, 

Sembahyang tahajjud, 

Maos kitab suci Quran, 

Jroning kapti murih gancaring pakarti,

Sembada kang sinedya.


2.

Pangkur


Narpatmaja Surakarta, 

Gusti Suryo Suharto dhasar wasis,

Olah seni adi luhung, 

Mardi rehing kagunan, 

Cekap cukup sakehing wignyan kacakup, 

Sarat adat istiadat, 

Kasantikan lahir batin. 


Paku Buwono Telulas, 

Amisuda Pangeran Mangkubumi, 

Minangka atmaja sepuh,

Wenang nglintir sang nata, 

Wengkon wengku mengko bakal dadi ratu, 

Surakarta Hadiningrat, 

Sugeng mbawahi sesami. 


Santana abdi pangarsa, 

Kanjeng Gusti Pangeran Hangabehi, 

Payung agung sinengkuyung, 

Jejering pengayoman, 

Mawi wayah lumaku wahyaning wahyu, 

Marak cerak martotama, 

Keprabon katitik becik. 


Kaleksanan palakrama, 

Raden Ayu Siti Zainab pilih, 

Garwa jujur agung luhur, 

Pinanggih bagya mulya, 

Setya tuhu atut runtut siyang dalu, 

Ayem tentreming bebrayan, 

Tutug momong putra putri. 


Wusnya tampi kanugrahan, 

Tatas titis jangkeping samukawis,

Selehing pandulu kalbu, 

Kulawarga rinengga, 

Jeng Aruming Larasati Kusumaningrum, 

Raja putra Surakarta, 

Suryo Muhammad Ibrahim. 


Kinarya tepa tuladha, 

Bibit kawit boboting urup urip, 

Babad bebed budi sadu, 

Mangka kaca benggala,

Pasuwitan abdi gumreget gumregut, 

Paugeran kasentanan, 

Guyub rukun golong gilig. 



3.

Kinanthi


Kanjeng Kyai Udan Arum, 

Kanjeng Kyai Udan Asih, 

Yasan Dalem Kaping Sanga, 

Jeng Sinuwun Bangun Puri, 

Gusti Raden Mas Duksina, 

Suka yasa pabrik gendhis.


Daya gamelan mangungkung, 

Udan arum aweh wangi, 

Dhateng Kraton Surakarta, 

Sentana pangarsa abdi, 

Sigrak gumyak enak penak, 

Jejeg pribadi mandiri. 


Lamun gamelan tinabuh, 

Udan asih tumrap dasih, 

Sumawuring rasa welas, 

Daya dinayan sesami, 

Gawa gawe kewajiban, 

Ngayahi pakaryan nagri. 


Kyai Manis Rengga  semu, 

Kaendahan edi peni, 

Rerengganing dhatulaya, 

Sesawangan sarwa manis, 

Katinon saking mandrawa, 

Paheman pra dewa dewi. 


Carabalen gathuk mathuk, 

Panyutra busana kuning, 

Gambyong panonthong munya,

Klenang klenut sung pepeling, 

Kempul gong laras rinengga, 

Kendhang loro jaler estri. 


Matumpa sambung sumambung, 

Pagelaran sitihinggil, 

Kamandhungan Balerata, 

Marakata Sri Manganti, 

Dugi bangsal sewayana, 

Anglangkungi lawang gapit.


Surakarta Hadiningrat, Kemis Paing 17 September 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd

PAKU BUWONO XII BERJUANG UNTUK INDONESIA