Babad Putri Cempa
Babad Putri Cempa
1.
Dhandhanggula
Utamaning narendra ber budi,
Miwah bawa laksana mangkana,
Rasa kamanungsan gedhe,
Pareng Kanjeng Sinuwun,
Angenaki dhateng sesami,
Laladan putri Cempa,
Kobong geni murub,
Enggal antuk pitulungan,
Abdi dalem sentana sigra peparing,
Wujude dana rasa.
2.
Pangkur
Kanjeng Sinuwun Patbelas,
Gita gita nawung gati wus prapti,
Gusti Putri Purnaningrum,
Gya cancut taliwanda,
Sarta Bendara Raden Ajeng Lung Ayu,
Minangka trahing kusuma,
Ngayahi pakaryan nagri.
3.
Pucung
Kersa rawuh landhesan kehing pituduh,
Warga Putri Cempa,
Manunggal kawula gusti,
Sri Narendra agung Kraton Surakarta.
4.
Gambuh
Gumarudug anjujug,
Putri Cempa dhuwur undhug undhug,
Jalu estri ngulati ubaling geni,
Tumedhak Kanjeng Sinuwun,
Nuju dina Selasa Pon.
5.
Kinanthi
Sinuwun wignya nenuntun,
Darma bakti welas asih,
Gancar lancar anggeganjar,
Asung bukti siyang ratri,
Ulat patrap lan pengucap,
Esem semu merak ati.
Surakarta, Selasa Pon 8 September 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar