Syekh Wasil Guru Makrifat
Syekh Wasil Guru Makrifat
Arti Wasil yaitu pengajar yang memberi pencerahan. Wasil juga bermakna guru yang pantas digugu dan ditiru. Makna Wasil juga berarti penghubung atau talang piwulang. Aktivitas spiritual untuk menuju makrifat sejati.
Guru suci ing Tanah Jawi bagian selatan. Bertugas untuk syair agama di sekitar wilayah Kediri Tulungagung Blitar Trenggalek Nganjuk. Syekh Wasil merupakan Waliullah yang berpengaruh. Sri Susuhunan Amangkurat Mas merupakan murid kinasih.
Kanjeng Adipati Purbonegoro Bupati Kediri nyantri tentang ngelmu kasampurnan. Trah Prabu Jayabaya ini mulai dari tataran syariat tarikat hakikat makrifat. Berpadu dengan sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, sembah rasa. Maka semua santri Syekh Wasil paham rasa jati, sari rasa jati, sarira sajati. Tingkat makrifat paling tinggi.
Refleksi atas tausiah Syekh Wasil yang penuh berkah terjadi pada hari Selasa Paing, tanggal 14 Juli 2026. Saat itu promovendus Deddi Fasmadhy Setiadharmanto membahas etika Islam guna menata peradaban. Turut memperkaya gagasan cemerlang yakni, Prof Dr H Wahidul Anam M.Ag, Prof Dr Moch Muwaffiqillah M.Fil, Prof Dr Masnun Tahrir M.Ag, Prof Dr Moh Asror Yusuf M.Ag, Prof Dr HM Dimyati Huda, Dr Layyin Mahfiana. Sarjana sujuna ing budi, berdarma bakti dalam olah pikir dzikir, tafakur tadzakur.
Syekh Wasil guru para bangsawan Mataram, Doho, Jenggolo,, Singasari, Majapahit dan Kahuripan. Rahmatan lil alamin. Toleransi beragama diajarkan oleh Syekh Wasil dengan pengakuan atas keberagaman. Bhinneka Tunggal Ika. Ajaran Empu Tantular ini diajarkan demmi mencapai tata negara yang selaras serasi seimbang.
Santri Syekh Wasil yang berasal dari Mataram meliputi Kanjeng Ratu Mas Candra Kirana. Garwa Sunan Amangkurat Amral ini kerap mengundang Syekh Wasil ke istana Mataram Kartasura. Dengan harapan mendapat pencerahan. Murih padhanging sasmita. Kedudukan insan yang kokoh dari sudut iman ilmu amal.
Amangkurat III Setono Gedong Kediri pelopor wigati. Pada hari Senin Legi, 13 Juli 2026 dilakukan kunjungan di Pajimatan Setono Gedong Kediri. Pisowanan untuk memuliakan Sunan Amangkurat III. Raja Mataram Kartasura ini keturunan langsung Prabu Jayabaya.
Raja Amangkurat III memang sakti mandraguna. Suka menjalankan lara lapa tapa brata. Meditasi di tempat sepi. Kerap mahas ing madyane wana gung liwang luwung. Sunan Amangkurat Mas Kediri berhati mulia suci.
Raja Mataram Kartasura bernama Sunan Amangkurat Mas. Memerintah tahun 1703 - 1708. Narenndra gung binathara mbahu dhendha nyakrawati. Raja bijak bestari, berbudi luhur, murah ramah, welas asih. Seluruh rakyat merasa mendapat pengayoman.
Ibunda Sri Susuhunan Amangkurat Mas atau Amangkurat III bernama Ratu Mas Candra Kirana. Putri Tumenggung Purbonagoro Bupati Kediri. Garwa prameswari Sunan Amangkurat Amral atau Amangkurat II yang memerintah Mataram Kartasura tahun 1677 - 1703. Ratu Mas Candra Kirana masih keturunan Prabu Jayabaya, narendra waskitha ngerti sakdurunge winarah.
Pernikahan Amangkurat Mas dengan Ratu Kencana Lembah atau Ratu Banyumanik lahir Kanjeng Ratu Bangsri. Setelah dewasa Ratu Bangsri menikah dengan Pangeran Purbaya Bupati Lamongan. Lahir Ratu Mas Lamong. Nanti menjadi garwa prameswari Sunan Paku Buwana II, raja Mataram tahun 1726 - 1749. Tanggal 20 Pebruari 1745 boyong kedhaton. Dari Kartasura ke Surakarta.
Trah Jenggala Daha Majapahit Singasari dan Kahuripan bertemu pada diri Sri Susuhunan Amangkurat Mas. Pajimatan Setono Gedong Kediri pepundhen Karaton Surakarta Hadiningrat. Sunan Amangkurat III berjasa besar pada bangsa dan negara. Cita cita besar digambarkan dalam kitab babad sebagai sarana literasi kuna. Sunan Amangkurat Mas III Kediri membaca ayat qauniyah dan qayliyah.
1.
Dhandhanggula
Amangkurat Sunan Mas Kediri,
Narendra Mataram Kartasura,
Sepi pamrih rame gawe,
Santun guyub rukun,
Tansah kasil murid Syekh Wasil,
Miraga tur micara,
Mirasa misuwur,
Muna muni solah bawa,
Merak ati karya sengseme sesami,
Tata krama prasaja.
2.
Pangkur
Pangeran Wujil Jenggala,
Amarsudi Syekh Wasil nyinaoni,
Gathuk pethuk kitab suluk,
Wedharane agama,
Wulang wuruk ngelmu makrifat pikantuk,
Syekh Syamsuddin Al Sumatra,
Sumebaring Syekh Magribi.
Amangkurat Mas kaloka,
Asal usul saking kraton Kediri,
Daha Jenggala leluhur,
Majapahit Koripan,
Medhang Arum Demak Pajang sadarum,
Cirebon Banten Pasundan,
Tedhak turun Singasari.
3.
Asmarandana
Syekh Wasil wasilah inggil,
Hayamwuruk Brawijaya,
Majapahit kedhatone,
Tohjoyo Kertanegara,
Singosari kalokengrat,
Raja Darmawangsa Teguh,
Airlangga Kahuripan.
4.
Megatruh
Wulang wuruk dadi dhasar tindak tanduk,
Molana Wasil Syamsuddin,
Empu Sedah lan Panuluh,
Kameswara Raden Panji,
Jangka Jayabaya maos.
5.
Durma
Empu Kanwa yasa Arjuna Wiwaha,
Empu Tantular nganggit,
Kitab Sutasoma,
Negara Kertagama,
Prapanca Empu Majapahit,
Ujar kawedhar,
Syekh Samsudin Al Wasil.
6.
Sinom
Wali Sanga Tanah Jawa,
Molana Malik Ibrahim,
Sunan Ampel Sunan Bonang,
Sunan Drajad Sunan Giri,
Lan Sunan Gunung Jati,
Sunan Murya Sunan Kudus,
Jeng Sunan Kalijaga,
Ndherek Mangkurat Kediri,
Ngestu pada Mataram manggih yuwana.
7.
Gambuh
Syekh Al Wasil manekung,
Tapa brata aneng puncak gunung,
Gunung ijen gunung Raung gunung Wilis,
Gunung Dhiyeng Gunung Lawu,
Gunung Cerme gunung Klothok.
8.
Pucung
Luru ilmu Amangkurat tri meguru,
Ing negri Eropa,
Bagdad Turki Arab Mesir,
Nepal China Ngerum Hindustan Srilangka.
9.
Mijil
Amangkurat Tri sambung negeri,
Tamasek ing Johor,
Deli Serdang Langkat Siak Pase,
Ternate Tidore Buton Bugis,
Banjar Bima Bali,
Riau Melayu.
10.
Maskumambang
Syekh Al Wasil maca Raja Ali Haji,
Hamzah Pansuri Sumatra,
Hang Tuah pangarsi,
Hikayat tanah Malaya.
11.
Kinanthi
Turun rembesing madu,
Wasil Syamsuddin Kediri,
Wijining amara tapa,
Tedhaking andana warih,
Trahing kusuma sudibya,
Setono Gedhong nekseni.
ULAMA SETONO GEDONG
1.
Sinom
Wasil Syamsudin Jenggala,
Jejuluk Mangkurat Katri,
Amangkurat Kartasura,
Mbahu dhendha nyakrawati,
Amangkurat Mas Kediri,
Waskitha kuncara arum,
Budi bawa laksana,
Paramarta ambeg adil,
Ing Mataram narendra gung sung pangeram.
2
Pangkur
Kang ibu Candrakirana,
Purbanagara adipati Kediri,
Paring catur warah luhur,
Amangkurat winedhar,
Ngelmu laku bahu suku lan panemu,
Sangu ngereh tata praja,
Guru makrifat sejati.
3.
Mijil
Mejang adipati Surabangi,
Ing Penanggungan lor,
Daha Jenggala tedhak turune,
Medhang Kahuripan Singasari,
Kraton Majapahit,
Syekh Wasil mituhu.
4.
Kinanthi
Candrakirana rahayu,
Garwa agung prameswari,
Sunan Amangkurat Amral,
Putri Bupati Kediri,
Peputra Mangkurat Daha,
Murid Syekh Wasil lestari.
5.
Pucung
Wus andulu baraya rembesing madu,
Syekh Al Wasil Daha,
Trah kusuma ing Kediri,
Sung tuladha jalma limpat marcapada.
GURU MAKRIFAT
JENGGOLO DOHO
1.
Dhandhanggula
Kanjeng Purbonegoro Dipati,
Peputra Ratu Candrakirana,
Murid Al Wasil Syamsujen,
Mangka garwa Sinuwun,
Amangkurat ing Surabangi,
Atma Gusti Sutikna,
Nglintir prabon luhur,
Sunan Amangkurat Emas,
Ing Kediri Sentono Gedhong lestari,
Tedhak Daha Jenggala.
2.
Mijil
Amangkurat Syekh Al Wasil,
Kuncara sang katong,
Kagungan karaton gedhe rame,
Kartasura Mataram pinilih,
Kinasih ing dasih,
Agrom angrembuyung.
3.
Kinanthi
Raja trahing ratu agung,
Amangkurat Mas Kediri,
Jayabaya wicaksana,
Waskitha alusing budi,
Kameswara bagus warna,
Meguru Wasil Syamsudin,
4.
Pangkur
Syekh Wasil mbabar makrifat,
Ingkang katri Sentono Gedhong peni,
Tapa brata gunung Kelud,
Ngeli ing kali Brantas,
Wilis Lawu Kendheng Merbabu Semeru,
Jenggala Daha Koripan,
Majapahit Singasari.
5.
Gambuh
Raden Sutikna dhaup,
Wus angaup Lembah Manah guyub,
Amangkurat Sentono Gedhong Kediri,
Ratu Kencana misungsung,
Syekh Wasil ing gunung Klothok.
6.
Pucung
Papanipun Raden Panji Marabangun,
Putra ing Jenggala,
Kertapati Sekartaji,
Wus anulat Syekh Wasil paring amanat.
7.
Megatruh
Sung sesuluh Empu Sedah lan Panuluh,
Pujangga kraton Kediri,
Waosan tumraping ratu,
Sangu teranging pengalih,
Kitab Musarar Syekh Wasil.
8.
Asmarandana
Sentono Gedhong Kediri,
Dadya papan pajimatan,
Molana Wasil Syamsujen,
Guru makrifat Mataram,
Kartasura Surakarta,
Nak tumanak run tumurun,
Saindhenging tanah Jawa.
GURU RATU MAS CANDRA KIRANA
1.
Dhandhanggula
Winursita Kanjeng Ratu Bangsri,
Asma timur jeng Siti Rubingah,
Parab Raden Ajeng Jene,
Lembah Manah kang ibu,
Garwa Amangkurat Kediri,
Mataram Kartasura,
Wanita pinunjul,
Garwa Bupati Lamongan,
Adipati Purbaya dhawuh marsudi,
Syekh Wasil medhar makrifat.
Lembah Manah Ratu Banyumanik,
Atma Pangeran Puger Semarang,
Trah kusuma luhur gedhe,
Ratu Blitar Madiun,
Ratu Bangsri ndherek sumiwi,
Duk Mangkurat tri seda,
Ingkang ibu surut,
Momong Ratu Mas Balitar,
Sung Wewarah Siti Rubingah winardi,
Sekaring dhatulaya.
2.
Mijil
Palakrama Kanjeng Ratu Bangsri,
Adipati Lamong,
Pangeran Purbaya Pesisir Ler,
Bandar Tanjungperak minyak bumi,
Garam kecap trasi,
Dugi Gunung Kelud.
Kersa dalem Amangkurat Jawi,
Putra pati miyos,
Kanjeng Prabasuyasa lir rante,
Ratu Mas Lamongan nyaranani,
Paku Buwana dwi,
Prameswari Ratu.
3.
Kinanthi
Ratu Bangsri amituhu,
Leluhur tlatah Kediri,
Bupati Purbanegara,
Candrakirana kang putri,
Garwa Amangkurat Amral,
Raden Sutikno sesiwi.
Ratu Lembah Manah dhaup,
Kondhang Ratu Banyumanik,
Garwa Amangkurat Emas,
Apeputra Ratu Bangsri,
Garwa Pangeran Purbaya,
Ratu Mas Sinuwun ping dwi.
4.
Gambuh
Suka sukur mring leluhur,
Ratu Bangsri midhanget ing atur,
Jayabaya narendra gung ing Kediri,
Waskitha sabarang kawruh,
Mring Ali Akbar Segalor.
Jroning kakawin kidung,
Kraton Daha Jenggala Panjalu,
Kahuripan Singosari Majapahit,
Demak Pajang lan Mentarum,
Syekh Wasil purun maos.
5.
Maskumambang
Ratu Bangsri tedhak turune Kediri,
Setono Gedhong kinucap,
Tedhak turun adipati,
Wasil sarjana ulama.
Sekartaji Candrakirana Kediri,
Tulungagung Nganjuk Blitar,
Trenggalek wiji sejati,
Wasil paring berkat semat.
6.
Pucung
Waris kawruh Empu Sedah lan Panuluh,
Tantular Prapanca,
Empu Kanwa Siwamurti,
Trang terwaca Syekh Al Wasil kersa maca.
Para Empu tanah Jawa nyawur ngelmu,
Pujangga Darmaja,
Kameswara peling angling,
Anut sabda Masjid Aulia Daha.
7.
Pangkur
Trahing Kraton Kahuripan,
Singasari Jenggala ing Kediri,
Majapahit lan Panjalu,
Demak Pajang Mataram,
Pra leluhur tanah Jawi wus misuwur,
Syekh Wasil weh tausiah,
Garwa Bupati Lamongan.
8.
Sinom
Sumungkem Siti Rubingah,
Kawentar Jeng Ratu Bangsri,
Garwa Pangeran Purbaya,
Pangarsa tlatah pesisir,
Atma Mangkurat katri,
Tedhak turun para ratu,
Ngejayeng tanah Jawa,
Run tumurun nak tumanak,
Masdi mulya Aulia ing Jenggala.
Jayabaya Kameswara,
Narendra kraton Kediri,
Leluhur Mangkurat Emas,
Kanjeng Ratu Ayu Bangsri,
Jenggala Singasari,
Syekh Wasil ing gunung Kelud,
Ratu Candrakirana,
Purbanegara Dipati,
Trah kusuma Syekh Wasil kang minulya.
9.
Megatruh
Tanggon tangguh tekad wutuh budi ampuh,
Kanjeng Ratu Ayu Bangsri,
Nalar ginambar ginayuh,
Molana Wasil Syamsudin,
Kabeh panjangkah kelakon.
Gunung Kelud kali Brantas sami lulut,
Dhateng Kanjeng Ratu Bangsri,
Kitab Musrar satuhu,
Pangeran Purbaya Bupati,
Kapanjing wahyu kedhaton.
10.
Asmarandana
Molana Wasil, Kediri,
Gurune Mangkurat Tiga,
Tulungagung Blitar lan Trenggalek,
Bupati Purbanegara,
Ngembang Candrakirana,
Amangkurat Amral Ratu,
Ratu Bangsri ingembanan.
Pesisir ler tanah Jawi,
Kuneng Bupati Lamongan,
Ratu Bangsri sigrak rame,
Nggulawenthah ingkang putra,
Garwa narendra Mataram,
Suwita Sinuwun Kombul,
Kartasura Surakarta.
11.
Durma
Palakrami jeng Purbaya ing Lamongan,
Kaliyan Ratu Bangsri,
Putri Amangkurat,
Kartasura Diningrat,
Darahe Karaton Kediri,
Siwi Ratu Mas,
Paku Buwana ping dwi.
Pasok bulu bekti caos bandha arta,
Hadeg jejeging nagri,
Mbangun kutha praja,
Kedhaton Surakarta,
Ratu Bangsri tansah nyembadani,
Wragat prabeya,
Tatag tutug lestari.
RATU KENCANA BANYUMANIK
1.
Sinom
Garwa Sunan Amangkurat,
Kartasura ingkang katri,
Pangeran Puger atmaja,
Lembah Manah Banyumanik,
Dhasar putri lunuwih,
Ratu Balitar Madiun,
Tedhak Rangga Jumena,
Pangeran Timur Dipati,
Trah Bintara Trenggana Patah kasusra.
2.
Mijil
Sindureja Patih alinuwih,
Mulang muruk momong,
Lembah Manah cerdhas tangkas moncer,
Tata praja wawasan negari,
Santana prajurit,
Kawruh punjul unggul.
3.
Kinanthi
Ndherek Bupati Madiun,
Lembah Manah amarsudi,
Anenandur palawija,
Bumbu pawon pedhes asin,
Kehing ramban janganan,
Sega pecel kembang turi.
4.
Asmarandana
Ngupakara emas picis,
Lembah Manah ing Banyumas,
Lenggah Kedhaton Pamase,
Ajibarang Pancurendhang,
Cilacap Wangon Majenang,
Gandrung Mangun Bumiayu,
Ratu Serayu Mangkurat.
5.
Pangkur
Suwita trahing Kajoran,
Pereng gunung Sindara Diyang Sumbing,
Sakukuban tlatah Kedu,
Wonosobo tumerah,
Telamaya gunung Merapi Merbabu,
Rawapening Kali Praga,
Lembah Manah ajar warih.
6.
Dhandhanggula
Lembah Manah Ratu Prameswari,
Kanjeng Gusti Raden Mas Sutikna,
Kadang nak sanak pernahe,
Jumeneng Jeng Sinuwun,
Amangkurat ingkang kaping tri,
Jejuluk Ratu Kencana,
Kawan warsa surud,
Akarya nawung duhkita,
Sri narpati Mataram manjing suwargi,
Sumare Kediri Daha.
7.
Gambuh
Patutan putri ayu,
Lembah Manah Mangkurat rahayu,
Pinaringan nami Kanjeng Ratu Bangsri,
Siti Rubingah ginarwa,
Adipati saking Lamong.
8.
Pucung
Sunan Paku Buwana amomong putu,
Putri Lembah Manah,
Asma Raden Ajeng Bangsri,
Ratu Blitar eyang putri wus kawentar.
9.
Durma
Lembah Manah sinebut Ratu Kencana,
Wiyose Banyumanik,
Wilayah Semarang,
Pangeran Puger wisma,
Ratu Blitar nyembadani,
Paring wewarah,
Garwa Mangkurat ping tri.
10.
Megatruh
Sore esuk Lembah Manah nampi wuruk,
Paku Buwana ping siji,
Ratu Balitar Madiun,
Jejering garwa narpati,
Babagan sekar kedhaton.
11.
Maskumambang
Ratu Blitar momong Kanjeng Ratu Bangsri,
Anama Siti Rubingah,
Garwa Pubaya Bupati,
Asiwi Kanjeng Ratu Mas.
AMANGKURAT DAHA JENGGALA
1.
Kinanthi
Marsudi kitab leluhur,
Pawiyatan Hadiluwih,
Maos babad Ajisaka,
Koripan Jenggala Manik,
Mangkurat Ratu Kencana,
Paring sabak dluwang tulis.
2.
Gambuh
Anut ilining banyu,
Tuking Brantas ing gunung Semeru,
Empu Bradah duta Jenggala Kediri,
Mangkurat kersa ambangun,
Trah kusuma praba kinclong.
3.
Pangkur
Amangkurat Mas Jenggala,
Amemetri wejangan Kilisuci,
Mapan pereng gunung Kelud,
Erlangga Empu Kanwa,
Triguna wruh Manoguna weh pituduh,
Prapanca Empu Tantular,
Singasari Majapahit.
4.
Mijil
Amangkurat Mas Jenggala sura sakti,
Manjing wahyu dhaton,
Sabar darana sareh pikoleh,
Bagus aris kehing wulang wuruk wasis,
Sugih welas asih,
Sumeh sopan santun.
5.
Asmarandana
Mangkurat lan prameswari,
Suka ngungak sampun tedhak,
Mrican Kertasana Pare,
Petilasan Brawijaya,
Mahprabu Kertanegara,
Jayakatwang Hayamwuruk,
Tulungagung Jombang Blitar.
6.
Pucung
Amangkurat Mas Jenggala kalokengrat,
Trahing Kahuripan,
Majapahit Singasari,
Daha Pajang Demak Medhang sung pepadhang.
7.
Maskumambang
Raja agung binathara nyakrawati,
Amangkurat ing Jenggala,
Kinarya tepa palupi,
Sagunging kawula Jawa.
8.
Dhandhanggula
Sidoarjo Porong Tanggulangin,
Amangkurat kuncara ing jagat,
Pirsa sumber lenga gedhe,
Ubaling muncar mancur,
Singosari sampun angesthi,
Leluhur Kahuripan,
Panjalu ing Cepu,
Grobogan Bojonegara,
Blora Ngawi Tuban Rembang Gresik Pati,
Piyak ilining minyak.
9.
Sinom
Bumiayu Ajibarang,
Sunan Amangkurat Katri,
Panambangan kencana mas,
Guna kaya sugih singgih,
Arta daya pinanggih,
Winastanan subur makmur,
Gagah endah sumagah,
Susuhunan Sri Kediri,
Kartasura tata tentrem karta harja.
10.
Durma
Jangkah langkah ngarah tumuju Eropah,
Sutikno ngudi ngelmi,
Cambridge wiyata,
Isaz Newton memitran,
Jerman Inggris Roma Perancis,
Sri Amangkurat,
Narendra titis wasis.
11.
Maskumambang
Mulya mukti Amangkurat Sri Kediri,
Narendra gung binathara,
Mbahu dhendha nyakrawati,
Ber budi bawa laksana.
Kraton Kediri darahnya mengalir ke tubuh Sunan Amangkurat III. Karena sumare di Setono Gedong Kediri, maka mendapat julukan Sunan Amangkurat Setono Gedong Kediri. Berhubung kaya raya akan perhiasan emas, maka mendapat gelar Sunan Amangkurat Mas. Nama yang harum wangi sumerbak.
Murid Syekh Wasil sungguh berhasil. Sunan Amangkurat III merupakan kader terbaik. Raja Mataram yang takwa shaleh dan berilmu tinggi. Syekh Wasil dalam berkomunikasi selalu menggunakan basa Jawa krama inggil. Sembada kang sinedya, jumbuh kang ginayuh.
Nama Syekh Wasil sungguh mulia. Santri menyebut Maulana Wasil Al Syamsudin. Karena masih keturunan Syekh Maghrigi maka bergelar Syekh Wasil Magribi. Siswa lain memanggil Syekh Wasil Syamsujen. Sebutan lain yakni Syamsul Zein. Pangeran Makkah ulama besar yang memancarkan aura wibawa. Wali Mamenang yang kondang kaonang onang. Maulana Ngali Syamsujen sungguh kopen kajen, luhur misuwur.
Selasa Paing, 14 Juli 2026.
Purwadi,
Universitas Negeri Yogyakarta

Komentar
Posting Komentar